TEGAL — Warga sing pada manggon utawa dodolan nang kawasan Alun-alun lan Taman Pancasila, Kota Tegal masang bendéra kuning nggo bentuk duka gara-gara dalan sing nggo manjing maring kawasan kuwé diportal, dina Senén (6/12/2021) soré.
“Kiyé masangi bendéra duka cita, bendéra warna kuning. Soalé dalané diportal nggawé ékonomi terus nglemes,” omongé Desi didampingi Mukodar, warga sakoloman maring wartawan pas lagi masang bendéra kuning, dina Senén.
Desi ngomong, bendéra kuning kuwé pan terus dipasang nganti bisa ndodog atiné Pemkot Tegal ébén mbuka portal lan dalan kebuka maning
“Dhéwék kabéh masarakat wis krisis, nggo mangan sadina-dina wis angél. Apamaning dhéwék kudu mbayar karyawan. Kabéh sing keimbas dipasangi bendéra utawa selama portal ditutup. Selama portal ésih ana, jelas dhéwék berduka,” omongé Desi.
Jaré Desi, wong-wong sing pada usaha wis cukup menderita merga pageblug Corona sing wis kedadén rong taunan kiyé. Pas lagi ékonomi madan molai tukul, Pemkot Tegal malah ngetokna kebijakan sing nyengsarakna rakyat.
“Kekarepané Pemkot bisa mbuka ati lan mata karo kondisi ékonomi saiki neng wayah pageblug. Kekarepané dhéwék bisa luruh nafkah sesuai karo harapané pemréntah pusat ékonomi dhéwék kabéh pulih maning,” jaré Desi.
“Mugané ébén dibukakna portalé. Soalé dhéwék dodolan, angger diportal dhéwék nglayani sapa? laka sing bisa manjing. Soalé dhéwék ora nglayani kuntilanak utawa pocong, dhéwék nglayani menungsa sing kudu ngakses dalan. Dadi tulung penakna lah dhéwék nggo luruh rejeki,” pungkasé Desi.
Sadurungé dibritakna, protés dilakoni maning daning warga sing pada nglakokna kegiatan, dodolan utawané manggon nang Kawasan Alun-alun lan Jalan Pancasila, Kota Tegal. Dhéwéké nekani Gedung DPRD Kota Tegal, dina Senén (6/12/2021).
Dhéwéké wadulna ditutupé dalan sing nggo manjing maring kawasan Alun-alun karo cara diportal sing dilakoni Pemkot Tegal akhir-akhir kiyé. Dhéwéké ditemoni pimpinan DPRD kaya Ketua Kusnendro, Habib Ali Zaenal, lan anggota Komisi III DPRD. (*)
Discussion about this post