BREBES – Dalan arah maring wisata Kaligua, Kecamatan Paguyangan, Kabupatén Brebes, longsor, dina Kemis (17/2/2022). Titik longsor tepaté nang dalan kabupatén sing nyambungna antara Désa Ragatunjung-Pandansari.
Informasi sing ditampa daning PanturaPost nyebutna, kedadénan longsor kuwé kedadén sekitar jam telu soré. Sadurungé, nang wilayah kuwé kedadén udan barat sajegé jam siji awan.
“Dalan ketutup longsoran sadawan rongpuluh méter dadiné ora bisa diliwati motor lan mobil,” jaré Serma Imam Supardi, Babinsa Ragatunjung Koramil 11 Paguyangan Kodim 0713 Brebes, sing ana nang lokasi kedadénan.
Supardi nginformasikna, laka korban jiwa pas longsor kedadén. Warga pada gotong-royong nggo nyingkirna watu. Nggo évakuasi watu-watu sing gedhé ésih ngenténi alat berat.
“Dhéwék uga wis masang tanda peringatan bahaya. Dadiné wong sing pada njalakna motor gagiyan ngurangi laju kendaraané sadurungé mareki titik longsor,” pungkasé. (*)
Discussion about this post