BOJONG — Dalan Lengkong-Batunyana nang Kecamatan Bojong, Kabupatén Tegal kurugan lemah longsor, dina Slasa (12/1/2021). Kendaraan sing pan ngliwati dalan nuju maring Gunung Anjing ya akhiré pada kehambat.
Kepala Bidang Damkar lan Linmas, Kabupatén Tegal, Kusnadi ngomong, pihaké olih laporan seka warga dina Slasa (12/11) ésuk. Dhéwéké ya latané ngerahna petugas nggo ngévakuasi material longsor kuwé.
“Dadi sekitar jam wolu ésuk nyong olih laporan seka warga sing ngomong ana longsor. Warga njaluk ébén dhéwék bisa mbresihna material lemah longsor kuwe,” jaréné, dina Slasa (12/1/2021).
Lubar olih laporan, Kusnadi nglanjutna, ana pirang anggota Damkar sing tugas nang Pos Bojong langsung nekani lokasi lan mbresihna material lemah longsor sing pada numpuk nang tengah dalan. Senajan wis dibresihna, tapi akéh wong sing tiba soalé dalan kuwe kecampur karo lumpur.
“Kuwé kan dalan ésih lunyu soalé ésih ana luwihan-luwihan lemah, dadi akéh uga wong sing pada nggo motor tiba,” jaréné.
Salah siji warga nang lokasi, Adnan (35) ngomong, tebingé longsor gara-gara nang wilayah kuwé lubar ana udan barat sajegé rong dina wingi. Akibaté, tebing longsor ngantikan nutup akses dalan Lengkong Batunyana. Tapi, Alhamdulillah laka korban jiwa neng kedadénan kuwé.
“Iya bener, akéh wong sing tiba lan nggawé motoré pada bodhol,” jelasé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post