KAWASAN alun-alun ngarep Gedung Birao Tegal, saiki dadi arena paling berjubel. Kendaraan apa bae dijor klowor. Tempat parkire laka, akibate kendaraan jejer-jejer nang dalan. Scooter pating jlentrek. Ruwed pokoke.
Kuwe sing diomong Darto nalika jakwir-jakwire pada ndopok nang pinggir umah Mas Jon.
“Sajege alun-alun ngarep Masjid Agung direhab dadi Taman Kota, dalan Pancasila dadi ruwed ora tata. Akeh scooter, odong-odong, mobil kodok-kodokan pating sliwer muter-muter,” omonge Darto
“Niat awal gili Pancasila pungsine nggo mlaku-mlaku, saiki malah dadi panggonan macem-macem,” timpal Kaper.
“Kayong rena ish. Donge niat awal Pemkot Tegal ngapiki kawasan Pancasila maksude pan nggo apa, Jon?” omonge Sidul kayong kemlopok kaya wedang poci sing tembe dijog nganggo banyu panas.
Sadurunge Mas Jon jawab kaya biasane nginung teh poci disit latane udud sigaret. Kapes ndudut rokok saeler dekene Mas Jon. Jakwir liyane samana uga.
“Wis pirang-pirang wartawan pada nulis soal kuwe, kayong ora digugu. Gili kono salugune ora nggo kendaraan golet pangan utawa nggo parkiran. Tp nyatane ya dijor klowor,” omonge Mas Jon.
“Sing ajib maning, dokar karo jaran, pating sliwer ngambah mono.” timpal Kaper.
“Taun 70-an nang dalan Pancasila kendaraan oplet dilarang. Saiki malah ana dokar. Pimen sih Jon? Apa aturane olih dokar karo jaran malah mlebu gili kono,” sambung Sidul.
“Jujur bae, nyong saiki males nanggapi soal kuwe. Niate pemkot Tegal gili Pancasila fungsine nggo mlaku-mlaku. Saiki malah dokar karo jaran mlebu mono. Dalan dibangun amba-amba akhire orabeda pasar malem. Wislah… nyong pan rapat nang kantor. Dopokan disambung sesuk maning,” ujar Mas Jon nutup omongan. (*)
_____
*Lanang Setiawan* kolomnis lan novelis penerima Hadiah “Rancage” 2011.
Discussion about this post