SEMARANG — Mangsa rendheng sing kedadén saiki nggawé dalan Pantura pada bodhol. Gubernur Jawa Tengah, Ganjar Pranowo akhiré ngundang pengelola Balai Besar Pelaksanaan Jalan Nasional (BBPJN) Jateng-DIY maring kantoré, nggo mbahas persoalan kuwé, dina Slasa (23/2/2021).
Lubar rapat terbatas kuwé, Ganjar ngomong pancén ana pirang persoalan sing diadepi pemréntah pusat kekait kondisi bodholé jalur pantura. Dandanan ora bisa dilakoni cepet-cepet soalé masalah anggaran toli rubahan mekanisme pengelolaan.
“Mau dhéwék idéntifikasi khususé apa kangélan-kangélané. Seka kana dhéwék olih info, jebulé ana transisi pengelolaan, angger ndisit swakelola saiki kuwé long segmen lan dikontrakna nang pihak ketelu,” omongé Ganjar.
Nang kono o panggonan masalah sing nyumul. Merga pengelolaan diubah, dadiné sadurungé kontrak pegawéan dilakoni, laka sing ngelola dalan kuwé. Nggo kuwé, pihaké pan ngusulna maring pemréntah pusat kekait penambahan anggaran sekalian rubah manajemen kuwé.
“Dadiné lawasé ana rubahan kuwé, kudu ana tindakan cepet. Wayah ésih transisi, kudu ana langkah-langkah kongkrét sing dilakoni,” imbuhé.
Ganjar uga njaluk pemréntah pusat mékena penjelasan maring masarakat. Kapan diperlukna, pemréntah masang spanduk gedhé nang dalan sing bodhol nggo nginfokna ari pegawéan dandanan lagi manjing prosés lélang.
“Nyong njaluk dijelasna, kiyé transisi lan long segmen, kiyé pegawéan anyar lélang lan liya-liyané. Lamon bisa diméin spanduk sing gedhé, dadi masarakat duwé informasi sing cukup kekait kuwé,” tegasé.
Senajan pegawéan gedhé ésih manjing tahap lélang, Ganjar njaluk BBPJN ngutamakna dandanan dalan bodhol sing kondisiné jahat nemen. Dalan sing bolong lumayan jero utawa amba, kudu gagiyan ditambal.
“Angger ora bisa kabehané, nyong njaluk luruh bolongan sing jero nemen lan nrawasna nggo dadi prioritas dandanan. Angger kuwé dibérési, dadiné pan aman lan masarakat bisa dhéwék lindungi,” jaréné.
Saliyané karo pengelola dalan, persoalan dalan bodhol kiyé jaré Ganjar uga kudu dadi pembahasan temenanan karo Kementerian Perhubungan. Pasalé, akéh angkutan sing nglinter nang dalan pada overload lan over dimension (Odol).
“Kemenhub dhéwék njaluk ngoptimalisasikna maning jembatan timbang. Angger ana sing nglanggar, kudu ditindak. Dalan bolong kiyé ora mung pegawéan balai besar jalan utawa bina marga, tapiné ana akéh sing kudu dibérési seka sistem kiyé,” tutupé.
Sementara kuwé, Kepala BBPJN Jateng-DIY, Satrio neng kesempatan kuwé nerangna, ari saiki lagi ana pirang proyék gedhé neng jalur pantura. Nyambi ngénténi kuwé, pihaké uga terus ndandani kondisi dalan bolong nang pirang nggon nggo tindakan darurat.
“Tapi dandanan dalan bolong kuwé kekendala cuaca. Sabeneré angger kondisiné garing, dhéwék bisa luwih masif maning,” jaréné. (*)
Discussion about this post