TEGAL — Banjir sing kedadén nang wilayah Kecamatan Warureja, Kabupatén Tegal ora mung nglelebna umah-umah warga. Tapi uga ruas dalan Pantura, dina Kemis (14/1). Akibaté, arus lalu lintas seka arah Jakarta nuju maring Semarang utawa sawaliké pada kangélan.
Salah siji relawan Badan Penanggulangan Bencana Daérah (BPBD) Kabupatén Tegal, Anas, ngomong banjir disebabna mlubéré banyu Kali Kemiri nang Désa Kedungkelor Warureja. “Angger mbengi sih umah warga sing keleban banjir, lan kiyé tambah amba maring dalan Pantura,” jaréné.
Gara-gara banjir kuwé, Anas nglanjutna, kendaraan seka arah Jakarta nuju maring Semarang lan sawaliké pada kangélan. Soalé dhuwuré banyu tekan patangpuluh sentiméter utawa sedengkulé wong kaplak. “Malah sempet macét suwé. Banyu molai kisat wayah awan,” ungkapé.
Kabag Ops Polrés Tegal, Kompol Aries, ngomong ébén ora macet, personel Polrés Tegal bareng karo personél Polrés Pemalang nglakoni penarikan arus kendaraan. “Durung ana rékayasa lalu lintas, mung penarikan kendaraan. Kiyé ora macét, mung jalané pada genténan,” jaréné.
Gara-gara banjir kiyé, arus kendaraan seka rong arah pada kangélan jalan ngantikan luwih seka sa kilométer. “Nyong tegasna laka macét, mung kangélan. Kiyé wis bisa diatasi,” pungkasé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post