Dalan Penyair Chairil Anwar – Panturapost.com
Selasa, Januari 31, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Dalan Penyair Chairil Anwar

Pernah weruh ana dlanggung nganggo aran Penyair?

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
3 September 2020
3 min read
0
Dalan Penyair Chairil Anwar

Dalan Chairil Anwar

Share on FacebookShare on Twitter

PERNAH weruh ana dlanggung nganggo aran Penyair? Seora-orané krungu mboran? Dijawin wong sekandang bentang ora bakal ngarti.

Kuwé tantangané Jon Dapuk nalika ndopok karo jakwir-jakwiré nang Pos Ronda. Bengi kuwé pancén Jon Dapuk lagi perlop alias préi ora mangkat liputan soalé péngin nyanté nang umah sauwisé plesir maring Guci. Bocah-bocah karo bojoné kepéngin ngadem lan adus-adusan nang kono.

Kanggo Jon Dapuk, plesiran sawulan sapisan ndadékna pikiran fresh, ora jendel nang utek. Kaluwarga gén pada seneng, latané bocah-bocah duwé pengalaman anéka warna. Péndéké sawulan sapisan mboran, kaluwarga Jon Dapuk kudu plesiran. Ora kur patok bangkrong, kaya entung sing ndekem nang oyod wit klapa.

ADVERTISEMENT

Hébaté Jon Dapuk, acara kumpul-kumpul karo jakwir-jakwiré tetep digelar. Kejaba angger déwéké olih tugas luar kota, kuwé séjén crita. Alhasil, acara kumpul-kumpul ditunda kosih déwéké rampung tugas jurnalistiké.

Baca Juga

Makna “Kacar Kucur” pada Ritual Pernikahan Jawa

Makna “Kacar Kucur” pada Ritual Pernikahan Jawa

30 Januari 2023
Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

24 Januari 2023

Jalaran laka crita peliputan, bengi kuwé Jon Dapuk mung ndopok ringan-ringan. Bisa dikandakna kur badékan karo jakwir-jakwir.

“Man sapa bisa mbadék, bengi kiyé tak jak mangan énak kabéh. Mangané pan nang léstoran endi, sakarepé tak tlatir,” omongé Jon Dapuk.

ADVERTISEMENT

“Asyiiikkkk…!!” delak jakwir-jakwiré Jon Dapuk.

Sapada-pada guluné jakwir-jakwiré Jon Dapuk ngengak. Mikir kabéh. Jon Dapuk ngénténi jawaban jakwir-jakwiré.

“Aran Penyair ya? Dalan nganggoné aran Penyair? Kayong tembé tumon. Umumé dalan nganggoné aran pahlawan, kayadéné Létjén S Parman, A.Yani, Pier Tendean, Kaptén Ismail, Dr. Cipto Mangunkusumo, Yos Sudarso, HOS Cokroaminoto, DI Panjaitan, lan liya-liyané. Kiyé Penyair? Sapa ya?” omongé Darto tapi nadané binggung déwék.

“Yanu nyerah wis,” sambung omongé Darto.

“Kowen pimén Dul?” takoné Jon Dapuk.

“Jujur baé, nyong bléh paham aran penyair, Jon. Ndelén Kapér, sing sokan gawé puisi mustiné paham. Jaré kowen sapa, Pér?” Sidul malah nyerahna bab kuwé maring Kapér.

“Enyong setiti-setitik mboran paham para penyair. Contoné WS. Rendra sing gawé puisi “Nyanyian Angsa”. Puisi kuwé tau dialihwacan maring bahasa Tegal dadi “Tembangan Banyak”. Toli penyair kayadéné Taufiq Ismail, Yudhistira ANM Massardi, F. Rahardi, uga Hartojo Andangdjaja sing sajaké cukup kondang kang judulé “Rakyat”. Liyané penyair Afrizal Malna, Linus Suryadi Ag sing gawé prosa liris “Pengakuan Pariyem”, toli KH. Ahmad Mustofa Bisri, pengasuh Pondok Pesantrén Raudltul Thalibin nang Rembang, ya enyong paham. Tapi para penyair kuwé, ora kosih arané didadékna aran dalan. Kuwé dalan ngendi sih, Jon? Nang Tegal apa jaba Tegal?” takoné Kapér, sing pancéné awit sekolah nang SD getol maring sastra khususé ning jagad perpuisian. Malahan déwéké paham nemen kambén penyair-penyair Tegalan.

“Kuwé nang Tegal baé, Pér.”

“Tegal? Enyong kayong tembé krungu, Jon.” Kapér mangkina mikir kenceng. Batuké mengkirut.

“Tegal kota apa kabupaten, Jon?” takoné Sidul.

“Kota, Dul. Weruh?”

Sidul endasé ndengak. Latané gédég.

“Kowen sih To?” takoné Jon Dapuk maring Darto.

“Yanu nyerah Jon. Babar blas bléh paham.”

“Seng kabéh?” omongé Jon Dapuk.

“Seng!” jakwir-jakwiré Jon Dapuk srempak njawab.

Kaya biasané, sadurungé Jon Dapuk njawabi, tanyangané ngangkat gelas isi wédang téh tubruk. Rong sruputan déwéké disruput latané dudut rokok kanggo diudud. Kaya biasané tangané Kapér ndudut saeler rokoké Jon Dapuk sing nyanding nang adepané.

“Dalan kuwé arané dalan Chairil Anwar! Kenal?” omongé Jon Dapuk.

“Owh ya, kenal!” Jakwir-jakwiré Jon Dapuk pada mlongo.

“Pelopor Angkatan 45!” Kapér ndelak.

“Puisiné sing judulé Aku! Tapi kuwé bener, Jon?” sambung omongané Sidul. Mung sakalé kenal judul sajaké, tapiné  kayong ora ngandel.

Olih pitakonan saka Sidul, Jon Dapuk ora nyemauri. Déwéké langsung nudukna gambar sing ana nang HP. Nang layar kaca, ana déwéké lagi ngadeg nang jéjéré plang sing ana tulisané “JL Chairil Anwar”.

“Oh…” Jakwir-jakwiré Jon Dapuk mantuk-mantuk. Saiki tembé ngandel.

“Jebul ana dalan aran penyair ya Jon?” omongé Sidul.

“Dalan kuwé tepaté nang endi, Jon?” takoné Darto.

“Kowen weruh Kelurahan Debong Kulon?”

“Weruh. Wilayah kuwé mlebuné ning Kecamatan Tegal Selatn, Kota Tegal. Pesisé nang endi sih?”

“Weruh Debong Tirus?”

“Weruh Jon,” takoné Darto.

“Ngulon lurus sadurungé prapatan ana perumahan pinggir dalan, nah nang kono kowen nglinguk ngidul, musti weruh dalan kuwé,” omongé Jon Dapuk nerangna.

Darto mantuk-mantuk.

“Padahal yanu sokan liwat mono angger pan maring terminal. Bisa ora weruh ya?” Darto kayong ngerasa getun.

“Ngomong-ngomong,” jaré Sidul, “Sing nggawé dalan Penyair Chairil Anwar ulahé sapa, Jon?”

“Jakwiré nyong sing usahané nggawéni umah.”

“Sapa sih?” Sidul nyecer pitakonan.

“Suriali Andikustomo.”

“Suriali sing awité dadi penyair?” Kapér nyela omongan.

“Yaul. Kowen kenal, Pér?”

“Kenal aran tapi ora tau srawungan karo déwéké. Saiki hébat ya? Dadi pengembang perumahan.”

“Yaul Pér. Cuté sahahahaha….” jaré Jon Dapuk nutup obrolan. (@)

—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.     

Tags: Dalan Chairil AnwarLanang setiawanMoci
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In