Dalan Urip Dudu Golét Sugih Tapi Berkah – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Dalan Urip Dudu Golét Sugih Tapi Berkah

Sing diarani urip ayem kuwé dudu penghasilan gedé. Tapiné, sajeroné urip kuwé, sing diluruh berkah.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
3 Oktober 2020
3 min read
0
Dalan Urip Dudu Golét Sugih Tapi Berkah

Ilustrasi uang receh. (Foto: Irsyam Faiz)

Share on FacebookShare on Twitter

KAPÉR uga Sidul karo Darto bener penasaran maring uripé Jon Dapuk. Wis puluhan taun kasab sadurungé dadi wartawan, uripé Jin Dapuk total mlulu dadi penulis. Padahal penguripan dadi penulis rekasané mbangkana-kana. Saben dina kudu meres utek bén bisa gawé tulisan. Sauwisé tulisan dadi, kudu dikirim nganggoné prangko. Saminggu ngenténi durung karuwan tulisané dimuat. Sing nggo éram, keluargané bisa mangan wareg, nyandangé rapet.

Sauwisé Jon Dapuk nyandang prédikat penulis, ningkat dadi penovélis. Coba bayangna, kanggo gawé sanovél baé butuh waktu ora satitik. Saora-orané sawulan punjul. Latané kepimén Jon Dapuk bisa makani nyandangi anak bojo?

Kanggo mikir sing kaya kuwé, Sidul, Kapér uga Darto uteké ora nyandak. Sedengé wong telu sing nggal pendak bayaran sebagé kuli serabutan, penguripan kaluargané ora jarang glayaran golét utangan. Ora éram adong sokan pada tukaran karo bojoné sebab penghasilané bléh cukupi. Sing gawé jakwir-jakwiré Jon Dapuk ajaib mbangkana-kana maring Jon Dapuk, uripé adem ayem. Bléh tau jakwir-jakwiré menangi Jon Dapuk ngas-ngasan kaya macan adong durung olih mangsa. Beléh tau!

ADVERTISEMENT

Jon Dapuk dongéné nyekeli élmu apa? Sangertiné jakwir-jakwiré, Jon Dapuk uwongé lurus. Ora tau nglakoni dalan ‘ngiwa’ sing dilarang agama. Kuwé sing ndadékna jakwir-jakwiré éram uga kepéngin ngerti, ilmu urip sing divekeli Jon Dapuk.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022

“Dina kiyé ana brita apa, Jon?” Kapér mbalang pitakonan nalika wong telu anjog nang Pos Ronda.

“Lagi mréi Pér. Keluarga péngin plesir, kepaksané mréi kerja,” jawabé Jon Dapuk.

Jawaban Jon Dapuk dirasa jakwir-jakwiré mbakbet ngatem jero dada. Jakwir-jakwiré malah duwé pengrasa angger Jon Dapuk kuwé paham apa sing lagi diadepi jakwir-jakwiré.

“Kaya kiyé Jon. Tapi sadurungé yanu ngomong amit séwu. Inti sing pan tak omongna maring énté, jakwir-jakwir pada penasaran maring penguripané énté,” omongé Darto makili jakwir-jakwiré.

Mbak tralap rainé Jon Dapuk madep Darto. Sidul karo Kapér krasa angger ulaté Jon Dapuk kagét. Ora pranti-pranti déwéké olih pitakonan menjurus.

“Iya To. Sok takon aja wedi-wedi. Enyong kiyé jakwiran karo kowen pada awit SD. Suwéné puluhan taun. Pimén To sok baé ngomong,” ujaré Jon Dapuk.

ADVERTISEMENT

“Jakwir-jakwir penasaran. Sadurungé énté dadi wartawan, puluhan taun kasabé énté dadi penulis latané ningkat total dadi penulis buku. Sing pan ditakokna, uripé énté tak sawang awit gemiyén kosih sapréné adem ayem. Ditekani jakwir-jakwir, pacetané pepek, wédangé ora tau asrep, manis terus. Padahal penghasilané énté sewayah-wayah. Béda kambén yanu uga jakwir-jakwiré énté, saben pendak bayaran. Tapi kekurangan baé. Rahasiané dongé apa Jon? Jakwir-jakwir kepéngin berguru urip maring énté!”

Jon Dapuk kur mésem tur nyedot ambekan. Bocah siji kiyé awit sekolah nang SD pancén pembawaané tenang. Ora grusa-grusu.

Kaya biasané sadurungé Jon Dapuk njawabi, déwéké ngombé wédang téh pociné. Latané nyulet sigarét. Kaya biasané tangané Kapér ndudut saeler rokoké Jon Dapuk.

“Zaman enyong dadi penulis latané total dadi novelis, penghasilané enyong ora nentu. Tapi nyong tetep muji syukur maring Gusti Allah Ta’ala. Enyong ikhlas apa sing diparingi Pengéran. Bab kiyé sing ndadékna uripé enyong olih berkah….” ujaré Jon Dapuk.

Krungu omongan Jon Dapuk, jakwir-jakwiré meneng getem. Babar blas ora nyuawa sehuf acan-acan. Bengi kuwé kanggo jakwir-jakwir Jon Dapuk rasané kaya lagi ngadepi kiai sing teleng.

“Kowen kabéh ngerti arané berkah?” Jon Dapuk mancing pitakonan maring jakwir-jakwiré.

“Berkah kuwé artiné urip sing ora kekurangan Jon,” omongé Sidul.

“Apa kowen ngrasakna kekurangan?”

Olih pitakonan kaya kuwé, Sidul glagepan. Samana uga jakwir-jakwir liyané, ora bisa nyuara. Sebab ngerasa adong penguripané pada kedangsrakan. Béda karo déwéké, uripé tenang apa maning kedangsrakan. Jakwir-jakwiré ora pernah weruh Jon Dapuk susah.

“Berkah kuwé artiné ndadékna kebcikan sing terus ngembang biak lan sambung-menyambung kaya laka pedoté. Dadi sing arané berkah, kuwé dudu penghasilané akéh utawané mumbuk-mumbuk.”

Jakwir-jakwiré mangkina meneng getem. Laka sing nyuara.

“Tau hikmah buku?”

Jakwir-jakwiré gédég.

“Kuwé pada baéné sedekah, artiné sedekah jariyah. Pahalané laka tugelé kosih sing gawé buku ora nana tapi pahalané ngalir terus.”

Krungu omongan kaya kuwé, mata jakwir-jakwiré ndadak merkabak. Saiki tembé ngerti, sing diarani urip ayem kuwé dudu penghasilan gedé. Tapiné, sajeroné urip kuwé, sing diluruh berkah. Dudu dunya mambrah-mambrah.

“Kuwé rahasiané enyong sajeroné ngelakoni urip. Penghasilané enyong dadi wartawan, ora akéh tapi nyukuri. Nah, kiyé sing ndadékna uripé enyong berkah. Nyatané anak-anaké enyong pada kuliah kabéh. Dadi kunci wong urip kuwé dudu sugih tapi berkah!” omongé Jon Dapuk.

Jakwir-jakwiré ndadak nangis kabéh. Sekaligus dalan urip kebuka ngablag-ngablag sauwisé olih wejangané saka Jon Dapuk. (*)

—-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel 

Tags: BerkahMoci
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In