Dalang Glétak Ditanggap Belis – Panturapost.com
Rabu, Februari 1, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Dalang Glétak Ditanggap Belis

Tau krungu ana dalang glétak? Nang Tegal paling kur ana loro.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
26 September 2020
3 min read
0
Dalang Glétak Ditanggap Belis

Ki Bagdja. (Foto: Lanang Setiawan)

Share on FacebookShare on Twitter

TAU krungu ana dalang glétak? Nang Tegal paling kur ana loro. Ari dalang wayang kulit utawané golék pirang-pirang. Sedengé dalang glétak nang Kabupaten Tegal mung siji, samana uga nang Kota Tegal pada baé.

Ki Suéb dalang glétak asal Pondok Martoloyo, Kelurahan Mintaragen, Kota Tegal. Sedengé Ki Bagdja asal Desa Mejasem Timur, Kecamatan Kramat, Kabupaten Tegal.

Wong loro sokan ditanggap masyarakat pedésaan nalika ana acara sunatan. Kadang-kadang disambat ngruwat bocah-bocah sing duwé kelainan. Wong loro duwé pengalaman béda-béda. Mung sing duwé pengalaman paling serem, cuman Ki Dalang Bagdja.

ADVERTISEMENT

Apa tumon bangsa belis nanggap wayang? Ki Dalang Bagdja pernah ditanggap bangsa belis. Kepibén critané Ki Bagdja nganti ditanggap bangsa belis?

Baca Juga

Warga Gerebek Toko Popok Bayi di Margadana Tegal, Temukan Ribuan Pil Penenang Tanpa Izin Edar

Gara-gara Ngadoli Pil Koplo, Toko Popok Bayi nang Margadana Tegal Digrebek

10 Januari 2023
Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

9 Januari 2023

Kuwé pitakonané Kapér, Sidul, uga Darto nalika Jon Dapuk crita soal pengalamané Ki Bagdja. Zaman samana Jon Dapuk mégin dadi wartawan SKM Swdesi terbitan ibukota.

“Kedadian kuwé kapan Jon?” takoné Sidul.

“Zaman nyong ngabdi nang Mingguan Swadesi,” jawabé Jon Dapuk. Dengarén pitakon  jakwiré langsung ditanggapi. Biasané dong wis genep pada balang suara.

“Kira-kira wis pirang taun, Jon?” takoné Kapér.

“Kurang luwis ana 17 taun punjul rong wulan. Cukup suwé.”

“Sori Jon. Crita aja diterusna disit. Yanu pan takon,” omongé Darto.

“Takon apa To?”

“Wujud tontonan dalang glétak pimén sih? Jujur baé yanu tembé krungu ana profési dalang glétak.”

Ki Bagdja. (Foto: Lanang Setiawan)

“Pitakonan cukup jeli. Okéh! Sekléntaban tak terangna sapa Ki Bagdja lan bentuk pemanggungané!” Omongé Jon Dapuk.

“Sip Jon. Nyong baé beléh paham. Durung tau weruh péntasé Ki Bagdja ka…..” Sidul sekonyong-konyong nyuara.

ADVERTISEMENT

“Kowén wong Mejasem Timur ora tau nonton Ki Bagdja ndalang?” takoné Jon Dapuk sadurungé mbabar soal sisi melik Ki Bagdja lan wujud peméntasan wayang glétak.

“Angger sosoké Ki Bagdja tah weruh. Uwong cilik péndék. Tapi angger déwéké ndalang, nyong ora tau weruh!” omongé Kapér.

“Brati énté compong! Tanggané déwék  ora paham. Dasar compong!”

“Bisané compong?” Kapér nyuara. Nadané kayong dugal.

“Iya lah…. Yén énté ora compong, musti paham. Wislah…. lanjut baé Jon. Sisi melik Ki Bagdja lan bisané kosih ditanggap belis, critané pibén?” Darto ngalihna omongan.

Ora kesuwén, Jon Dapuk mbabar riwayat singkat Ki Bagdja. Jaré déwéké, Ki Bagdja nekuni dalang glétak wiwitané mélu kesenian tradisional ketoprak. Barang wis lancar kabéhan crita wayang lan ketoprak, déwéké nyoba dadi dalang glétak. Yakuwé sawiji tontonan wayang tapi ora nggunakna wayang tur laka penabuh gendingé, apa maning sindéné. Kabéhané dirangkep daning déwéké.

“Wah! Top temen, Jon. Wong siji ngrangkep dadi dalang, maén musik, uga nyambi nyindén. Pentoooollllllll…..!!” delak Sidul. Sawetara Kapér karo Darto gédég-gédég tanda kagum..

“Merga kuwé, Ki Bagdja uga diarani Dalang Tutur. Sebab, awit dadi dalangé, nyindéné, uga tetabuhan musiké, cukup nganggo cangkemé déwék!” terang Jon Dapuk.

“Luar biasa Ki Bagdja. Tapi. ngomong-ngomong ya Jon? Bisané Ki Bagdja kosih ditanggap bangsa belis asalé pimén Jon?” takoné Kapér.

“Aslané ning dina kuwé Ki Bagdja ketekan wong lanang wadon. Tekané tamu latané tarén-tarénan duwé niat pan nanggap Ki Bagdja kon maén nang acara suanatan anaké. Dina lan jam ditentukna. Anjogé dina acara, déwéké tekan nang panggonan hajatan. Nang tempat hajatan, tamu sing kondangan tumplek blek kaya salapangan sepak bola.” Anjog nang kéné Jon Dapuk nugel omongan.

“Trus pimén?” takoné Sidul.

“Pas jam wolu bengi, Ki Bagdja tapuk ndalang. Tamu undangan ora sangsaya sisib, malah gemrudug. Ki Bagdja kayong kesanjung ditonton éwonan tamu kondangan. Sing balang sawér pirang-pirang. Wujudé rokok karo duwit!” jaré Jon Dapuk ngitip omongané Ki Bagdja.

“Pariban Ki Bagdja kudanan cut ya Jon?”

Jon Dapuk mantuk. Latané nerusna critané. Jaré déwéké, sawisé Ki Bagdja lanjut ndalang balang sawér kaya ora mandeg-mandeg. Ki Bagdja kurugan rokok uga cut. Bengi sangsaya bengi, wayah subuhé teka. Lamat-lamat kupingé Ki Bagdja krungu suara adzan. Sekal kuwé, panggonan hajatan sing awité kebek éwonan menungsa, ndadak bubar laka wong satugel-tugel acan. Jebul-jebul, Ki Bagdja lagi seméndéh déwéka nang ngingsor wit gedang!

“Haahh….???”

Jakwir-jakwiré Jon Dapuk pada kamitenggengen. Cangkemé mlongo kabéh, matané mencilak kaya gandaruwo! (*)

——
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: DalangMociTegal
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In