BREBES — Heboh informasi nang média sosial wilayah Brebes Tegal pan ngalami krisis banyu bersih sasuwénéng rong wulan utawa 60 dina, dina Senén (22/2/2021). Info kuwé nyebut, krisis banyu kekait karo suwéné dandanan jaringan pipa transmisi ndéké Perusahaan Daérah Air Bersih (PDAB) Tirta Utama.
Kasubaghumas lan Layanan Pelanggan Perumda Air Minum Tirta Baribis Brebes, Yudi Triono Raharjo, nyatakna informasi kuwé hoaks alias dobolan utawa ora bener. Progrés dandanan pipa saiki, jaréné, malah ana kemajuané.
“Informasi kangélan banyu sasuwénéng 60 dina mengarep nang medsos kuwé mblangsakna (dobolan). Masarakat aja kepengaruh karo info kuwé. Dandanan Pipa transmisi nang wilayah Kalibakung Kabupatén Tegal wis pragat. Alhamdulillah saparo pelanggan banyu wis mili senajan mbené 40 persén,” omongé Yudi, dina Senén 22 Fébruari 2021.
Dhéwéké nambahi, dandanan pipa transmisi terus dilakoni nang Tuk Suci Dawuhan Sirampog, Kabupatén Brebes. Pirang-pirang kendalaha diadepi pekerja nggo nyambung pipa transmisi sing tugel sadawanéng 50 méter.
“Dhéwék nyampékna pangampura merga keora nyamanan maring kabéh pelanggan Perumda Tirta Baribis. Dhéwék terus upaya seapik mungkin nggo nyepeti dandanan ngantikan normal maning. Pancén lokasi sing angél dadi kendala dandanan lan ngganténi pipa transmisi nang wilayah Dawuhan, Sirampog,” pungkasé. (*)
Discussion about this post