Darto Kenang Goda Randa - Panturapost.com
Selasa, Maret 2, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Darto Kenang Goda Randa

Umuré 49 taun. Nyambut gawéné Guru SD.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2021/02/09 10:32pm
3 min read
0
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Lanang Setiawan.

28
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

WIS pendak kiyé, Darto ora kakehen suara. Saben-saben kumpul kambén jakwir-jakwiré, omongané sakecap rong kecap gél. Embuh keningapa, kayong ora pranti-prantiné déwéké anteng. Angger dilédék Kapér, tibané mung pésam-pésem. Bengkerengan karo bojoné, rasa-rasané beléh tau. Rumah tanggané adem ayem, ora pernah tukaran karo bojoné. Sing gawé éram jakwir-jakwir, bisané ulaté Darto séjén, ora kaya biasané. Sing dirasa dongé apa?

“To, kiyé maafé baé ya? Nyong pan takon; olih seminggu kowen laka suarané dongéné ana masalah apa?” takoné Kapér, pada baé apa sing lagi dirasa jakwir-jakwiré.

Sing ditakoni cukup nyauri: “Mm…”

Jawaban kuwé sing ndadakena jakwir-jakwiré sangsaya penasaran.

Baca Juga

Penyair Tegal Sejajar karo Penyair Nasional

Penyair Tegal Sejajar karo Penyair Nasional

1 Maret 2021
Tembung Khusus Wong Tegal

Takdir Bahasa Tegal, Bahasa Ngoko

27 Februari 2021
Ora Olih Parkir, Tapi Motor Kebek

Ora Olih Parkir, Tapi Motor Kebek

26 Februari 2021
Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal

Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal

25 Februari 2021

“Jawabé aja kur: Mm… tok owh? Ana krasané kowen, jakwir-jakwir ya mélu ngerasa. Ngomong seblekétréké baé. Masalah angger dipendem, ndadékna penyakit!” Sidul nimpali omongané Kapér.

Ora Kapér ora Sidul, omongané cukup dijawab: “Mm…”. Mas Jon, kepaksané kudu tandang. Kepibén mbuh kepibén, apa sing dadi ganjelané Darto musti diudari. Mas Jon paling ora seneng jakwir-jakwiré nyangga lelara sing ndadékna uripé ora jenjem. Adong kekurangan pangan bisa diatasi nganggo cut. Angger pikiran putek, kudu ditokna supaya uripé ayem. Mula kuwé, ning bengi kiyé Mas Jon kudu tandang!

“Urip ning dunya ora gampang. Kadang-kadang ning nduwur, ujug-ujug ning ngingsor. Kadang-kadang séhat, weruh-weruh mriyang. Wingi pikiran ayem, dina kiyé pikiran kaya dibandem watu sebatok. Kuwé sejatiné urip menungsa. Nah! Gandéng masalah kiyé, nyong ngamati kowen olih sependak, ulaté kayong séjén, To?. Jan-jané ana apa? Adong kowen mésih nganggep nyong dadi jakwiré kowen, bukanen apa sing nganjel nang pikiran. Ora usah isin-isin, nyong sapa kowen sapa, jakwir-jakwiré kowen sapa. Kabéh bakal tandang, lan mikul duwur mendem jero,” omongé Mas Jon ngalar-ngalar.

Krungu omongané Mas Jon, Darto paling ora kepénak. Maring Mas Jon, déwéké ora sanggup ngumpetna apa sing lagi dirasa. Akhiré, déwéké mujar.

“Maaf Jon, ning akhir-akhir kiyé pikirané yanu bingung kenang keder. Ana rong pilihan sing kudu tak pilih, tapi yanu beléh sanggup milih. Yanu lagi dioyok-oyong wong wadon, Jon?”

“Ha?!” Sidul cangkemé ndomblong.

“Wah! Kebeneran owh To? Nyong kepengin dioyok-oyok malah kowen sing dioyok-oyok?” omongé Kapér.

“Sikah! Énté nggo mangan bé kempas-kempis, wong wadoné sapa sing doyan énté? Pan dipakani iler? Nyangkem ka… seénaké boyok!” semauré Darto.

“Képrét baé, To!” timpal Sidul.

“Képrét… képrét waduké dilembag?!”

Mas Jon kur cengar-cengir. Sidul nyekakak. Kiyé sing gawé senengé Mas Jon kekancanan karo jakwir-jakwir SD-né, rudu tapi rahat!

Sepi sakléndap.

“Kuwé critané pimén bisané kowen dioyok-oyong wong wadon, To?” takoné Mas Jon.

“Critané, ana wong wadon wis umur, numpang angkoté enyong saka Tegal maring Slawi. Waktu kuwé, penumpangé kur siji-sijiné wong wadon kuwé, yanu basa-basi takon déwéké; kas lunga ngendi muduné ngendi. Dijawab, jaré; kas kondangan ning jakwiré, mudun nang Desa Kagok, Kecamatan Slawi….” Darto nyritakna asal-usul kenal karo wong wadon kuwé.

“Latané pimén, To?” Sidul mbalang pitakonan.

“Gelisan crita, déwéké njaluk nomer WA-né yanu.”

“Wongé ayu, To?”

“Ayu. Arané Tri, umuré 49 taun. Nyambut gawéné Guru SD.”

“Prawan apa randa, To?” Sidul ngorék idéntitasé wong wadon kenalané Darto.

“Compong kowen Dul? Umur pan 50 taun, prawan? Jelasé randa owh! Mm….” Kapér kayong ora trima.

“Owh iya Pér. Sori…” Orabada Sidul nyekikik.

“Nah, Jon. Sajegé kuwé, saben dina Bu Guru Tri, WA-nan karo yanu. Suwé sangsaya suwé, jebulé déwéké demen karo yanu. Ngundang maring yanu, nyebuté; Mas utawané Say….”

Krungu sebutan “Mas utawané Say”, Sidul karo Kapér nyekakak. Mas Jon kaya biasané kur pésam-pésem.

“Wis To, nglalu pace!” Sidul ngobong.

“Yanu bingung Dul. Énté ngerti yanu wis duwé putu, lokén pan mbojo? Bojoné yanu pan didalah nang ngendi?”

“Sing penting Guruné demen apa ora?” Kapér nimpali.

“Demen maring yanu kepati-pati. Yanu malahan wis ngomong apa anané. Nék yanu posisiné ora déwékan uga dudu duda. Putuné siji, éh… maksa baé Tri ora peduli. Didadékna bojo loro gén ora papa. Kiyé sing ndadékna yanu pingung, Jon? Tak pedot ora gelem. Péndéké, kudu kawin karo yanu. Jalan keluaré pimén, Jon?” omongé Darto njawabi pitakoné Kapér sekaligus njaluk pendapat maring Mas Jon.

Kaya biasané sadurungé Mas Jon njawabi, tangané ngangkat gelas isi wédang téh tubruk, latané nyumed sigarét. Kaya biasané tangané Kapér ndudut saeler rokok dékéné Mas Jon. Sidul karo Darto ilon-ilon ndudut saeleran.

Sauwisé kuwé, Darto siap-siap ngrungokna pituahé Mas Jon. Kanggo Darto, mung Mas Jon sing duwé kecerasan ménéhi jawaban patén.

“Sadurungé nyong njawab, nyong mélu takon maring kowen, To? Kowen demen karo Bu Guru Tia apa ora?” takoné Mas Jon.

“Bingung!”

“Adong kaya kuwé, solusiné salat istikharah. Njaluk petunjuk maring Gusti Allah. Adong petunjuké dikon ngawin, dikawin. Sebaliké, adong kon ngadohi, aja diterjang. Wis ngko bengi salat istikharah. Adong durung olih jawaban, lakoni maning kosih ana kepastian!” omongé Mas Jon super cerdas.

“Matur kesuwun, Jon. Jawaban kiyé sing tak enténi!” Atiné Darto ngerasa adem. (*)

—–
Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé 2011” uga novelis.

Tags: MociRanda
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Penyair Tegal Sejajar karo Penyair Nasional
Moci

Penyair Tegal Sejajar karo Penyair Nasional

1 Maret 2021
Moci

Gegara COVID-19, Bocah Sekolah Kaya Anak Tiri

28 Februari 2021
Tembung Khusus Wong Tegal
Moci

Takdir Bahasa Tegal, Bahasa Ngoko

27 Februari 2021
Ora Olih Parkir, Tapi Motor Kebek
Moci

Ora Olih Parkir, Tapi Motor Kebek

26 Februari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Dédy karo Jumadi Lagi Ora Akur, Masalahé Nganti Digawa-gawa Maring Polisi

  • Dipecat dari Ketua DPC Demokrat Kabupaten Tegal, Ayu: Saya Bingung Dituduh Dukung KLB

  • Wali Kota Tegal karo Wakile Lagi Éng-éngan, Ganjar: Diruwat Baé Apa?

  • Ganjar Soal Kabar Dedy-Jumadi Pecah Kongsi: Suruh Ketemu Saya

  • Dedy Yon Laporkan Jumadi ke Polda Jateng Terkait Dugaan Rekayasa Kasus

  • Ungkap Pencurian Truk Lintas Propinsi, 10 Anggota Tim Resmob Polres Brebes Terima Penghargaan

  • Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal

MEDIA SOSIAL

  • 122.8k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 47.1k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
  • Advertorial
  • Inspire Slawi

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X