Dasar Kapér Wanyad - Panturapost.com
Kamis, Februari 25, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Dasar Kapér Wanyad

Olih rong bengi Kapér absén ora maring Pos Ronda.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2021/01/25 10:45pm
3 min read
0
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Lanang Setiawan.

31
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

OLIH rong bengi Kapér absén ora maring Pos Ronda. Ajibé maning, déwéké kur ndekem nang umah baé. Jakwir-jakwiré WA ora dibales. Rong dina mégin conténg siji.

Diparani Darto karo Sidul, jaré waladé, Papah ora bisa diganggu gugat! Kuwé jaré waladé nirokna omongé Kapér. Sidul karo Darto ngrungoknané kayong enek. Dayiké madal ngundangé “Papah”. Crek!

Ngrasakna polahé Kapér, wong loro waduké kaku. Bener-bener nyetili por!

Crita nang nduwur kuwé, nalika rong dina kepungkur Kapér absen maring Pos Ronda. Embuh, nalika samana Kapér jawané lagi nglakoni apa? Darto karo Sidul ora paham. Apa maning Mas Jon.

Baca Juga

Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén

Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén

24 Februari 2021
5 Titik Blokade Beton di Kota Tegal Akhirnya Dibuka

‘Tontonan Film’ nang Tegal Molai Ramé, Ujungé Kena Ditebak

23 Februari 2021
Misteri Kamar Paling Medéni Nomer 13

Misteri Kamar Paling Medéni Nomer 13

22 Februari 2021
Ati-Ati Duwé Group WA, Mbokan Anggotané Metu Kabéh

Ati-Ati Duwé Group WA, Mbokan Anggotané Metu Kabéh

21 Februari 2021

Bengi kiyé, critané wong telu runtang-runtung teka nang Pos Ronda. Kuwé baé, jaré Kapér waktuné dibatesi. Jam 10 bengi kudu wis nang umah. Biasané, angger durung jam 12 ora gelem balik. Kadang kala kosih jam 12 punjul tembé menyat saka Pos Ronda. Saiki malah waktuné dibatesi. Dongé ana apa?

“Rong bengi ora méné ana apa, Pér?” Dengarén nemen Mas Jon miwiti mbuka omongan.

“Nyong mrinding Jon.”

Sidul karo Darto krungu jawabané Kapér, ndomblong.

“Mrinding kepimén?” Sidul ndisiti Mas Jon pan balik takon.

“Nang rainé enyong ésih kebayang-bayang. Ih…” Kapér gawé penasaran jakwir-jakwir.

“Énté crita aja mubeng-mubeng Pér. Tes, tes, tes, tes… cepet pragat. Énté jan-jané kenangapa sih?” omongé Darto.

Ana samenitan punjul Kapér meneng. Rainé nrawang adoh. Sauwisé kuwé, déwéké mbabar crita. Mituruté, rong dina kepungkur déwéké balik saka Liliké sing manggon nang Desa Kepunduhan, Kecamatan Kramat nganggo pit. Lubar magrib déwéké balik. Ketépal-ketépol nggenjot pit. Barang tekan brug nang kampungé, pité kayong andeb. Nglinguk memburi laka apa-apa, mung biasa dalan ramé ndilalah waktu samana sepi nyeyet. Padahal tembé jam wolu. Kelebuné mésih soré.

Kaya momot beras rong kintal, Kapér ngenjot pit kosih ambekanané pan pedot. Dalan paling setengah kilo méter, rasané kaya nempuh limang kilo méter. Barang anjog péngkolan tinuju dalan umahé, mak gligrang! Ana wong wadon ndadak liwat nggawa bayi pas ngarepé. Sekal kuwé, Kapér ndangdap. Pit sing dikenjot andebé porét, ndadak banteré saporét-porét. Énténg kléyang!

“Sing nggo  éram, wong wadoné mlaku anteng. Akhiré pité tak nggesrak pinggir sawah,” critané Kapér.

“Kowen nggesrak, wong wadoné maring ngendi?” takoné Sidul.

“Nah, kuwé Dul! Sing gawé nyong mrinding. Gitoké mrekitik. Lan ajibé, bengi kuwé laka wong babar blas. Sing gawé nyong éram maning, wong wadon sing nggawa bayi, totok-totok lawang maring umah sebelah. Nyong nyekséni déwéké totok-totok lawang karo cangkemé mujar: kalung emasé nyong endi? Kalung emasé nyong endi? Jelas-jelas kupingé nyong krungu suwara kuwé. Ora suwé déwéké nglius.”

“Kuwé bangsa alus Pér?” Mas Jon mujar omongan.

“Asli Jon, wongé genah. Dudu sétan dudu bangsa alus.”

“Toli apa?” takoné Darto.

“Sing jelas, ésuké nyong nekani umahé Yu Darni, uwong sing umahé ditekani wong wadon misterius kuwé. Maring Yu Darni, nyong mujar takon. Jawab déwéké apa? JAréné wong wadon sing nggawa bayi bengi-bengi kuwé, arané Ruinah. Lagi mbobot bocah olih pitung wulan, olih rong dina déwéké ora nana. Nah kuwé critané. Sajegé kuwé, nyong ora wani metu. Nang mata, nyong katon-katonén baé rainé….”

“Owh?” Sidul karo Darto mlongo.

“Maksudé énté ndekem rong dina nang kondong, apa?”

“Boyoké mbetut kabéh!”

“Apa hubungané boyok mbetut karo dikatoni sétan, Pér?” Sidul ngejar jawaban.

“Kakehen manjat, Dul? Wkwkwkwkw….”

Ora Mas Jon ora jakwir-jakwiré pada nyekakak kabéh. Sing dimaksud “Manjat” ora liya kakehen rabi.

“Wanyad énté!”

Bengi kuwé, polahé Kapér pancén gawé waduk jakwir-jakwiré medegel. Dasar Kapér wanyad! *(*)

—–
*Lanang Setiawan*, penerima hadiah Sastra “Rancagé” uga novelis.

Tags: Lanang setiawanMoci
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén
Moci

Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén

24 Februari 2021
5 Titik Blokade Beton di Kota Tegal Akhirnya Dibuka
Moci

‘Tontonan Film’ nang Tegal Molai Ramé, Ujungé Kena Ditebak

23 Februari 2021
Misteri Kamar Paling Medéni Nomer 13
Moci

Misteri Kamar Paling Medéni Nomer 13

22 Februari 2021
Wong Wadon Ayu Penunggu Bekas Gedung Wanita Tegal
Moci

Wong Wadon Ayu Penunggu Bekas Gedung Wanita Tegal

20 Februari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Pasangan Suami Istri Asal Tegal Tewas Terlindas Truk Trailer di Jalan Pantura Brebes

  • Cerita Warga Tiap Malam Merasakan Tanah Bergerak di Jalan Raya Kalibakung Tegal

  • Sulitnya Mengalirkan Kembali Air Bersih ke Tegal dan Brebes

  • Udan Gedhé Nemen, Limang Désa nang Ketanggungan Keleban Banjir

  • Ganjar Soal Kabar Dedy-Jumadi Pecah Kongsi: Suruh Ketemu Saya

  • Viral Konvoi Remaja Brebes dan Acungkan Celurit, Kapolsek Tanjung: Video Lama dan Sudah Ditindaklanjuti

  • Wakil Wali Kota Tegal Jumadi Dikabarkan ‘Menghilang’ Tanpa Kabar, Ada Apa?

MEDIA SOSIAL

  • 122.7k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 46.7k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
  • Advertorial
  • Inspire Slawi

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X