Dédy karo Jumadi Lagi Ora Akur, Masalahé Nganti Digawa-gawa Maring Polisi - Panturapost.com
Sabtu, April 17, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Dédy karo Jumadi Lagi Ora Akur, Masalahé Nganti Digawa-gawa Maring Polisi

Kisruh wong loro sing mimpin Kota Tegal tambah umeb.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
25 Februari 2021
2 min read
0
Dédy karo Jumadi Lagi Ora Akur, Masalahé Nganti Digawa-gawa Maring Polisi

Wali Kota Tegal, Dedy Yon Supriyono dan wakilnya Muhamad Jumadi.

13.7k
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

TEGAL — Kabar ora akuré Walikota Tegal Dédy Yon Supriyono nglaporna Wakilé Muhamad Jumad wis nyebar maring ngendi ora. Apa maning sawisé Dedy nglaporna Jumadi maring Polda Jawa Tengah, dina Rebo (24/2/2021) wingi.

Laporan kuwé soal rékayasa kasus grebegan sing dinyana nglibatna Jumadi. Grebegan kuwe kedadén nang Century Park Hotel nang Jakarta pas tanggal 9 Fébruari 2021.

“Iya, mau awan nyong nglaporna dhéwéké,” omongé Dédy Yon maring wartawan, dina Rebo (24/2/2021).

Dédy njelasna, dhéwéké nglaporna Jumadi, merga dinyana wis nglakoni kelakuan sing nglawan hukum. Yakuwé kekait pencemaran nama baik maring dhéwéké.

Baca Juga

H-6 Lebaran, Polisi Brebes Putar Balik 2.398 Kendaraan Pemudik yang Masuk Jateng

Saat Warganet Ramai-ramai Tolak Pelarangan Mudik Lebaran

17 April 2021
Organda Kabupaten Tegal Minta Pemerintah Kaji Ulang Larangan Mudik

Taun Kiyé Bada Ora Olih Mudik, Organda Kabupatén Tegal Njaluk Pemréntah Mikir Pindo

14 April 2021
Rumah di Dukuhwaru, Kabupaten Tegal Terbakar Saat Ditinggal Pemilik Salat Tarawih

Umah nang Tegal Kebakaran Wayah Ditinggal sing Nduwé Solat Trawéh

13 April 2021
Polres Tegal Kota Canangkan Zona Integritas Wilayah Bebas Korupsi

Polres Tegal Kota Canangkan Zona Integritas Wilayah Bebas Korupsi

12 April 2021

Sadurungé mutusna nggo ngadukna Wakilé maring polisi, Dédy ngaku sabeneré sempet ngénténi penjelasané Jumadi. Tapi wis ping kopang-kaping diulemi, dhéwéké ora teka-teka.

“Nyong kurang apa. Awit wingi uga wis ngénténi Pak Wakil. Nyong uga wis mréntahna Pak Sekda nggo ngebéll malah marani dhéwéké,” lanjuté Dédy.

Dédy Yon nyebut, laporan maring Polda Jateng diwékena metung Gerakan Nasional Pemberantasan Korupsi (GNPK) RI.

Ketua Umum GNPK RI Basri Budi Utomo ngiyakna angger dhéwéké wis ngadukna kasus kuwé maring polisi. “Bener,” omongé maring wartawan.

Pengaduan maring Polda Jateng kuwé disampékna Tim Advokasi sing dituding GNPK Pusat nganggo dasar surat kuasa khusus Wali Kota Tegal Dédy Yon tanggal 24 Fébruari 2021.

Basri uga njelasna ihwal perkiraan rékayasa kasus kuwé. Dhéwéké ngomong, nang tanggal 9 Fébruari 2021 sekitar jam loro ésuk, wayah pengadu (Dédy Yon) ana nang kamar hotél dhéwékan, ujug-ujug ditekani patang personel anggota kepolisian sing ngaku seka Ditrésnarkoba Polda Métro Jaya.

Latané polisi ngglédah lan mriksa awaké Dédy. “Tapi kaya kuwé, Wali Kota Tegal resik seka narkoba. Termasuk wayah dités urine hasilé uga négatif. Polisi uga ora nemu barang bukti,” jaréné.

“Disayangna nemen, ari seka keterangan lan pengakuan seka anggota Polda Metro Jaya kuwé, informasi kuwé sumberé seka keterangané Wakil Wali Kota Jumadi,” jaréné.

Sementara kuwé, Wakil Wali Kota Muhamad Jumadi ngaku durung ngarti anané laporan kuasa hukumé Dédy maring Polda Jateng.

“Ya nyong ora ngarti, lan nyong ora bisa dijelasna nang kéné. Mengko wayah ana uleman seka Polda ya mengko nyong sampékna maring publik hal hal apa baé. Tapi nyong durung ngarti apa, soalé durung ana uleman seka Polda,” omongé.

Nang adepan wartawan, Jumadi mbantah maning keora harmonisan hubungané karo Dédy. Senajan kaya kuwé, dhéwéké ésih ngenténi diulemi Dédy.

“Nyong durung ketemu wali kota maning. Mbokaten pancén ésih ana mis komunikasi. Nyong wis njaluk waktu maring pak sekda. Sing duwé waktu pak wali, angger diperlukna nggo tabayyun ya mongo-monggo baé,” pungkasé. (*)

 

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: Dedy-Jumadi BerseteruKisruh Dedy-JumadiKonflik Pemimpin Kota TegalTegal
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Polres Tegal Ringkus Komplotan Pencuri Lintas Daerah yang Gasak Belasan Laptop Sekolah
Warta Ngapak

Polisi Tegal Nyekel Klompotan Garong sing Sokan Nyolongi Barang-barang Éléktronik nang Sekolahan

17 April 2021
Punya Nilai Jual Tinggi, Tanaman Porang Mulai Banyak Dibudidayakan di Kabupaten Tegal
Warta Ngapak

Regané Larang, Wong-wong nang Kabupatén Tegal Saiki Akéh sing Pada Nandur Porang

16 April 2021
Pemudik Sepeda Motor Diprediksi Padati Pantura, Satlantas Kota Tegal Dirikan Posko Penyekatan
Warta Ngapak

Polisi nang Kota Tegal Wis Siap Ngadangi Pemudik lan Ngongkon Puter Balik

16 April 2021
Resmi Diserahkan ke Pemerintah Pusat, Terminal Kota Tegal Akan Direhab Total
Warta Ngapak

Pan Ana Larangan Mudik, Éwonan Penumpang seka Jabodetabek Wis pada Teka nang Kota Tegal

16 April 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Polisi Brebes Pan Patroli Tekan Dalan Kampung, Wong sing Nékad Mudik Dikon Balik Maning

  • Nang Sirampog Ana Mobil Travel sing Nggawa Rombongan Pengantén Ngguling Neng Tengah Dalan

  • Nggo Ngantisipasi Wong sing Pada Mudik, Polrés Tegal Pan Njaga Ketat Dalan Kampung

  • Punya Nilai Jual Tinggi, Tanaman Porang Mulai Banyak Dibudidayakan di Kabupaten Tegal

  • Jaré Ganjar, Angger Pan Mudik Saiki Bae, Ora Usah Ngénténi Préi Badanan!

  • Nadzar Ortu, Bayi di Brebes Ini Diberi Nama Unik: Dinas Komunikasi Informatika Statistik

  • Setahun Latihan Fisik, 8 Remaja di Brebes Akhirnya Lolos Seleksi TNI-AD

MEDIA SOSIAL

  • 125.2k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 47.1k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Ramadan
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
  • Advertorial
  • Inspire Slawi

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X