Dibalangna Maring Jurang, Korban Begal nang Brebes Apen-apen Mati – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Dibalangna Maring Jurang, Korban Begal nang Brebes Apen-apen Mati

kuwé dilakoni nggo mbodoni pelaku ebén gagian lunga.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
16 September 2020
2 min read
0
Aksi Begal di Jalur Gunung Lio Brebes, Korban Sempat Pura-pura Mati

Mobil korban.

Share on FacebookShare on Twitter

BREBES – Nang Kawasan Gunung Lio-Simpur, Kecamatan Banjarharjo, Kabupatén Brebes, winginané bar ana wong dibegal, dina Senen (14/9/2020). Begalé ana telu, latané mlayu maring alas lubar ninggalna mobil colongané nang Désa Pasirpanjang, Kecamatan Salem.

Anggota Unit Intel Kodim 07013 wilayah Salem Serma Wartono ngiyakna peristiwa kuwé. Peristiwa kedadén sekira jam tengah lima soré. Korban arané Suwarsono (68) wong seka Kabupatén Cilacap.

Nurut Wartono, mobil korban sing mereké Kijang nomer polisiné R 9457 DB kuwé disewa daning pelaku. Bareng karo korban, ke telu pelaku mangkat seka Cilacap lagep pan maring Tegal.

ADVERTISEMENT

Tapi saanjogé nang Ketanggungan, Brebes, mobil malah diarahna maring Kecamatan Banjarharjo. Saanjogé nang daerah Simpur, korban diantemi, disekep, lan diuduna seka mobil. Korban ngalami luka ora patia berat nang awak nggon gigir.

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Uji Coba Tilang Elektronik Drone di Kota Tegal: 20 Menit Terbang Temukan Banyak Pelanggaran

Siap-siap, Polisi Pan Ngaburna Drone Nggo Nilang Wong Sing Nglanggar Lalu Lintas

26 Januari 2023

Ke telu pelaku latané mlayu lan nggawa mobilé korban. Pelaku sempet muter-muter nang Kecamatan Salem. Pelaku uga sempet nakokna maring warga arah dalan maring arah Bumiayu utawa Tegal.

ADVERTISEMENT

“Pelaku muter antara Désa Wanoja-Bentarsari Gandoang. Pelaku takon maring warga lan pelaku diarahna nggo muter dalan Lio-Simpur,” jaré Wartono.

Pelaku sing diperkirakna ora apal arah dalan kéderen lan ninggalna mobil nang pinggir dalan. Petugas ya nemu mobil kuwé lan langsung ngamana sekira jam tengah enem soré.

Sementara kuwé, korban sing diuduna posisi tangané kegubed, gagiyan njaluk tulung maring warga. Anggota Polsék, Koramil lan warga langsung nguber pelaku.

“Seka lokasi ditemuknané mobil, ana sekitar 300 wong latané nguber pelaku. Nyebar, nyekat dalan lan alas,” ungkapé.

Ngesuké, Slasa (15/9/2020), begal sing siji akhiré bisa dicekel, jam enem esuk. Pelaku sing arané Heri Siswanto (35) dicekel daning warga wayah lagi nyéwa ojeg nang Désa Pasirpanjang, Kecamatan Salem.

Pelaku sing dicekel kuwé ciri-ciriné awak lemu lan ana tattoné nang ke loro lengen tangané. Saiki wis diamana nang Polsék Salem.

Nurut Wartono, pelaku bisa dicekel merga ana laporan seka tukang ojeg sing arané Taru (53). Dingerténi motoré disewa daning si pelaku. “Esuk-esuk ana wong sing ngojég, tapi nyurigakna. Akéh tattoné,” jaréné.

Merga curiga, Taru njaluk mandeg maring brengkel nggo ndandani ban. Nang kana Taru ngaku ora omong-omongan babar blas.

Taru kemutan, awit sawengi warga lagi luruh pelaku begal nang dalan Lio. Nyambi apen-apen melu ndandani, Taru gagiyan njaluk tulung maring warga. “Deleng sing jero brengkel, dhéwéké ora curiga. Dadiné nyong langsung lapor,” jaréné.

Wartono bareng karo warga ya gagiyan nggawa pelaku karo nganggo motor maring kantor polisi nggo dipriksani maning.

Korban Apén-apén Mati

Kepala Unit 1 Pidana Umum Satréskrim Polrés Brebes, Aiptu Titok Ambar Pramono, pelaku étungané sadis soalé sempet ngguwang korbané maring jurang nang tengah alas.

Dhéwéké ngungkapna, wayah kedadénan korban sempet apén-apén mati. Upaya kuwé dilakoni nggo mbodoni pelaku ebén cepet lunga. Untung, korban akhiré bisa nylametna awaké dhéwék sawisé njaluk tulung maring warga.

Merga kedadénan kuwe, korban ngalami luka-luka nang nggon dada lan endasé. “Wayah ana nang ngingsor jurang, korban pura pura mati ebén pelaku lunga, sawisé kurang luwih 10 menit korban mbrangkang manjat mendhuwur lan njaluk tulung maring warga nggo dijujugna diobati maring Puskesmas lan nglapor maring Polisi,” omongé Titok.

Saliyané ngamana pelaku lan mobil Toyota Kijang LGX, polisi uga ngamana barang bukti liyané yakuwé klambi ndéké korban sing klopot daning getih. Gara-gara kasus kiyé, pelaku diancem ukuman pidana kurungan nang ndhuwur mang taun penjara. (*)

Disunting Daning: Irsyam Faiz

 

Tags: begal brebesnewsWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan
Warta Ngapak

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In