BREBES – Melas nemen bocah wadon nang Kecamatan Bulakamba Kabupatén Brebes Kiyé. Dhéwéké laporan maring polisi gara-gara pernah dicucus ramé-ramé nang Wulan Juni 2020 wingi, tapi ngantikan saiki pelakuné durung ditangkap utawa laka kejelasan.
Kuasa hukum korban, Harto Banjar Nahor ngomong, kasus kuwé dilaporna maring unit Perlindungan Perempuan dan Anak (PPA) Satréskrim Polrés Brebes dilakoni per tanggal 5 Juni 2020. Dhéwéké ya nekani Mapolrés Brebes, dina Slasa, 19 Januari 2021, nggo njaluk kejelasan.
Wayah nang Mapolrés, pihaké ditemoni KBO Réskrim Polrés Brebes, Iptu Arifin Teguh Widodo. “Tujuané dhéwék njaluk kejelasan ndhuwuréng kasus pencabulan kuwé. Soalé, umur korban saiki ésih nang ngingsor umur, yakuwé umur nembelas taun. Mugané kluwarga korban nilé kasus kuwé kudu ditangani sacepeté,” omongé Harto.
Malah, jaréné, sasuwénéng pitung wulan, korban ora didampingi daning pihak kekait nggo marikna traumané. “Kondisi kluwarga korban nganggo cara ékonomi kepetung pas-pasan. Saiki kondisi psikologis korban ésih beraraun alias trauma. Nyong ndampingi korban dadi kuasa hukum uga soalé rasa melas lan peduli karo kluwargané korban,” lanjuté.
Dhéwéké nerangna, peristiwa tragis kuwé kedadén nang Rést Aréa Banjaratma, Brebes sasuwénéng rong dina runtung-runtung. Yakuwé seka tanggal 3-4 Juni 2020. Korban dinyana dicucus daning pirang-pirang cah lanang sing umahé belih adoh seka umah korban.
Nganggo dasar pengakuan korban, jaréné, peristiwa kuwé molai wayah korban kenalan karo salah siji pelaku metung Fésbuk. Ora let suwé, korban diejak ketemuan daning pelaku bareng batiré nang Rést Aréa Banjaratma.
Sawisé dirayu pelaku, korban dipaksa nggo mbuka klambiné. Barang kaya kuwé, ke loro pelaku nyucus korban nang nggon sing sepi.
“Sawisé dicucus nang rést aréa, korban digawa maring umah batiré pelaku sing liyané. Nang umah kuwé ana rong batir pelaku lan rong pelaku sing nyucus dhéwéké. Dadi ana wong papat lanang nang kono, nang endi sawisé diejak mangan, korban digilir daning patang pelaku, nang dina sing padha,” jaréné.
Harto nglanjutna, barang kaya kuwé korban digawa daning rong pelaku maring umah pelaku liyané. Nang umah kuwé uga, korban dicucus maning. Korban mbené balik maring umah rong dinahan sawisé dicucus. Korban ujug-ujug ana nang balé désa ésuk nemen sekitar jam papat.
“Korban ya diparani daning pihak kluwarga nang balé désa sing ana nang Kecamatan Bulakamba. Pas kuwé, korban ditakoni daning kluwarga rong dina lunga seka endi. Ngarti apa sing nibani korban, mbokéné korban langsung ngalami beraraun nemen,” ungkapé.
Sementara kuwé, KBO Réskrim Polrés Brebes, Iptu Arifin Teguh Widodo, ngakoni ari kluwarga korban nglaporna kasus kuwé sajegé tanggal 5 Juni 2020 wingi. Pihaké wis ping pindo ngundang pelaku tapi ora teka soalé nyambut gawé nang laut.
Saiki, jaréné, kasus kuwé ésih lagi dikembangna daning pihak kepolisian. Neng kasus kiyé, polisi ngakoni durung dilakoni gelar perkara karo pihak korban utawané pelaku. “Wayah pan diproses lan dhéwék ngundang pelaku ping pindo tapi ora teka soalé lagi melaut lan ora balik maring umahé. Sing jelas, dhéwék sacepeté lakoni gelar perkara,” pungkasé. (*)
Discussion about this post