Diglédah Polisi, Pengedar Ganja nang Tegal Umpetan neng Ngingsor Kathil - Panturapost.com
Kamis, September 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Diglédah Polisi, Pengedar Ganja nang Tegal Umpetan neng Ngingsor Kathil

Panji P Adhi by Panji P Adhi
9 September 2023
2 min read
0
Polisi Tangkap 3 Orang Pengedar Narkoba Golongan 1 di Tegal

Team Opsnal Satresnarkoba Polres Tegal mengungkap kasus pengedar narkoba golongan I Jumat, (8/09/2023).(Foto: Panji P Adhi/PanturaPost)

Share on FacebookShare on Twitter

SLAWI – Tim Opsnal Satresnarkoba Polres Tegal nyekel wong telu pengedar narkoba golongan I jenis ganja garing.

Kasus sing pertama yakuwé OP (24), warga Desa Kaligayam, Kecamatan Talang, Kabupaten Tegal dan WRA (23), warga Dusun Bendo Desa Ngaglik, Kecamatan Bulukerto, Kabupaten Wonogiri. Keloroné dicekel nang Bengkel Las Desa Pacul, Kecamatan Talang, Kabupaten Tegal lagi dina Saptu, (2/09/2023).

Kapolres Tegal AKBP Mochammad Sajarod Zakun diwakili KBO Satresnarkoba Polres Tegal Ipda Ahmad Jony njelasna yén pelaku ngédarna narkoba jenis ganja garing metung medsos.

ADVERTISEMENT

Jaréné, salah siji pelaku dicekel wektu lagi nglayani sing pan tuku neng njero bengkel las Desa Pacul, Kecamatan Talang, Kabupaten Tegal.

Baca Juga

Lakukan Pemerasan, Tiga Orang yang Mengaku Wartawan Dikepung Warga Brebes dan Diserahkan ke Polisi

Malak Petani, Wong 3 sing Ngaku Wartawan nang Paguyangan Diarak Atusan Warga

23 September 2023
Jelang Pilkades Serentak Gelombang I, Polres Tegal Gelar Patroli Sinergitas

Jelang Pilkades Serentak Gelombang I, Polres Tegal Gelar Patroli Sinergitas

15 September 2023

Sawisé pelaku diintrogasi lan nglédah tempat kuwé, Tim Opsnal Satresnarkoba nemukna salah siji pelaku liyané sing lagi umpetan neng ngingsor kathil karo posisi ngatang-ngatang.

“Barang bukti sing dhéwék amana yakuwé rong puluh paket ganja garing, telung linting ganja garing, ganja garing sing dibungkus plastik bening. Total barang bukti sing ditemukna 310 gram ganja garing,” ungkapé Ahmad Jony maring wartawan dina Jemuah, (8/09/2023).

Gara-gara kelakuané, keloro pelaku kena Pasal 132 Ayat (1) JO Pasal 114 Ayat (1) Subsider Pasal 111 Ayat (1) UU RI No.35 Tahun 2009 Tentang Narkotika Jo Pasal 55 Ayat (1) KE-1e KUHP.

“Anceman ukumané paling suwé 20 taun penjara lan denda paling akéh Rp10 miliar,” pungkasé.

Angger kasus keloro kuwé dicekelé sa wong pengedar jenis mbako gorilla sing inisialé MTA (25), warga Desa Bandasari, Kecamatan Dukuhturi, Kabupaten Tegal.

Pelaku dicekel nang Desa Dampyak, Kecamatan Kramat, Kabupaten Tegal lagi dina Saptu, 2 September 2023 wingi. Seka tangané pelaku, polisi nyita sa paket mbako gorilla karo bobot 17,86 gram.

“Seka tangané tersangka, dhéwék bisa ngamana sa paket mbako gorilla karo bobot 17,86 gram sing dibungkus karo plastik klip putih bening latané disimpen neng njero bekas bungkus Richeese,” jaré Ipda Ahmad Jony.

ADVERTISEMENT

Jaréné, wektu ditangkep, pelaku ngaku wis nggawa lan nyimpen sa paket mbako gorilla. “Pelaku nyimpen sa paket mbako gorilla kuwé neng ngingsor wit pinggir dalan manjing Desa Dampyak lan ditutupi karo batu bata,” omongé.

Pelaku ngédarna narkotika golongan I jenis mbako gorilla kuwé metung  medsos. “MTA tugasé dadi pengedar, neng endi pelaku nduwéni stok narkotika golongan I jenis mbako gorilla lan ngédarnané metung onlén utawa metung medsos,” tuturé.

Gara-gara kelakuané, pelaku kena Pasal 114 Ayat (2) Subsider Pasal 112 Ayat (2) UU RI No.35 Tahun 2009 tentang Narkotika.

“Pelaku keancam ukuman pidana paling suwé 20 taun lan denda paling akéh Rp 10 miliar,” pungkasé. (*)

Tags: Narkoba TegalPolres TegalWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Saling Tantang di Medsos Berlanjut Tawuran, Satu Pelajar Brebes Tewas
Warta Ngapak

Nang Brebes Ana Bocah STM Tawuran Maning, Sing Mati Siji

26 September 2023
Lakukan Pemerasan, Tiga Orang yang Mengaku Wartawan Dikepung Warga Brebes dan Diserahkan ke Polisi
Warta Ngapak

Malak Petani, Wong 3 sing Ngaku Wartawan nang Paguyangan Diarak Atusan Warga

23 September 2023
Tim Resmob Brebes Tangkap Dua Begal Bersenjata Golok 
Warta Ngapak

Wong Loro sing Mbegal Nganggo Golok nang Brebes Dicekel Polisi

22 September 2023
Ponpes Assalam Kajen Akui Adanya Kelalaian Terkait Pengeroyokan Santri
Warta Ngapak

Melas Nemen, Santri nang Pekalongan Berem Dikroyok Senioré Dhéwék

21 September 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

    MEDIA SOSIAL

    • 139.9k Fans
    • 169 Followers
    • 30.1k Followers
    • 58k Subscribers

    -- Histats.com START (aync)-->


    ADVERTISEMENT
    PanturaPost.com

    2020 © PT Pantura Siber Media

    • Tentang Kami
    • Redaksi
    • Pedoman Media Siber
    • Info Iklan
    • Verifikasi Dewan Pers
    • Karir

    No Result
    View All Result
    • Beranda
    • Daerah
      • Brebes
      • Kota Tegal
      • Tegal
      • Pemalang
      • Kajen
      • Pekalongan
      • Batang
    • Kolom
      • Catatan Pekan Ini
      • Opini
      • Moci
      • Kolom Kolam
      • Sejarah
    • Jateng
    • Wisata
    • Olahraga
    • Video
    • Ngapak
    • Kuliner
      • Resep
    • Inspire Slawi
    • Advertorial
    • Kamus

    2020 © PT Pantura Siber Media

    Login to your account below

    Forgotten Password? Sign Up

    Fill the forms bellow to register

    All fields are required. Log In

    Retrieve your password

    Please enter your username or email address to reset your password.

    Log In