Ditagih Utang Malah Émosi, Adé Nékad Maténi Pasangan Lanang-Wadon nang Lebaksiu – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Ditagih Utang Malah Émosi, Adé Nékad Maténi Pasangan Lanang-Wadon nang Lebaksiu

Adé khilaf, soalé korban sing wadon jaréné kari ngomong nylekit nemen.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
5 Agustus 2020
2 min read
0
Ditagih Utang Malah Émosi, Adé Nékad Maténi Pasangan Lanang-Wadon nang Lebaksiu
Share on FacebookShare on Twitter

TEGAL – Kasus dipateniné pasangan lanang-wadon (Pasturi) Handi Purwanto (30) lan Citrawati (25) nang Désa Yamansari, Kecamatan Lebaksiu, Kabupaten Tegal molai kebongkar. Ora mung merga kekait bisnis, tapi ana motif liya sing nggawé tersangka nékad nglakoni perbuatané kuwé.

Kapolres Tegal, AKBP Muhammad Iqbal Simatupang, ngomong tersangka Adé Setiawan, ngaku maténi korban gara-gara lara ati maring bojoné korban (Citrawati) sing bolan-balen nagihi baé utang bisnis manuké.

“Pelaku ngaku lara ati, merga omongan bojoné korban. Dadi target awal sing pan dipaténi sabeneré yakuwé bojoné korban,” omongé Iqbal wayah jumpa pérs nang Polres Tegal, dina Senen (3/7/2020).

ADVERTISEMENT

Jaré dhéwéké, tersangka lan korban Handi Purwanto wis telung (3) taun njalin kerja sama bisnis awit taun 2017. Nang pas kuwé, korban nginvéstasikna maring tersangka rong (2) pasang love bird sing regané sekitar Rp 50 juta.

Baca Juga

Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023
Uji Coba Tilang Elektronik Drone di Kota Tegal: 20 Menit Terbang Temukan Banyak Pelanggaran

Siap-siap, Polisi Pan Ngaburna Drone Nggo Nilang Wong Sing Nglanggar Lalu Lintas

26 Januari 2023

“Soalé jeronéng prosés kerja sama kiyé ana masalah telat mbayar lan ana tagihan-tagihan, mugané pelaku émosi lan khilaf nglakoni kelakuan kuwé,” jelasé.

Sementara kuwé wayah dijaluki keterangan ngaku salah nglakoni aksi pembunuhan sadis kuwé. Dhéwéké krasa lara ati soalé bojone korban nuduh dhéwéké ora jujur.

“Nyong lara ati karo omongan bojoné korban soalé ngina nyong. Dhéwéké ngomong angger nyong ora jujur lan dipadakna karo maling, mugané nyong khilaf,” tuturé nyambi nundukna endasé. (*)

*Kronologiné kaya kiyé*

Pelaku jebulé wis ngrencanakna aksiné kuwé, soale wis sangu bendo seka umah.

ADVERTISEMENT

Kepala Satreskrim Polrés Tegal, AKP Heru Sanusi, ngungkapna kronologi kedadenan pembunuhan nang dina Rebo (29/7/2020) esuk kuwé. Pas kuwé, nyambi nggawa bendo lan bensin, pelaku nekani panggonané korban nang ruko, dina Slasa bengi sekitar jam sepuluh Bengi. Tujuan utamané yakuwé mung mateni bojoné korban.

“Rencanané pelaku pan ngobong korban (sing-wadon) lan ngurung nang jero umah. Pas kuwé, pelaku olih informasi angger korban (Handi) lagi lunga metu umah nggo tuku saldo pulsa. Tapi wayah anjog nang lokasi jebulé Handi lagi nang umah,” ungkapé, dina Senen (2/8/2020).

Rencana pertama gagal. Pelaku akhiré kanda-kandanan karo Handi nang tingkat ruko nganti jam rolas bengi. Sadawanéng kanda-kanda kuwé, bojoné Handi sempet bolak-balik manjat mudun lan nylemod omongan sing dianggep ngina pelaku.

“Pas kuwé pelaku émosi lan nempiling bojoné korban. Tapi latané dibela daning korban. Nganti kedadén o gelut antara Pelaku karo Handi,” tuturé.

Pelaku latané njukut bendo sing wis digawa dhéwéké nang motor. Latané mobat-mabit nyerang ke loro korban kuwé. “Merga sing-lanang nglindungi sing-wadoné, dhéwéké sing pertama ninggal dunya,” jelasé.

Sementara kuwé, bojoné sempet usaha mlayu. Tapi belih bisa ngadohi sabetan bendo pelaku nganti wong wadon sing lagi meteng 8 wulan kuwé nglabruk nang ngarep umahé tanggané. Dhéwéké mati klopot daning getih.

“Nggo bojoné korban dianiaya seka jeroneng ruko anjog umahé tangga nang mburi,” jaréné.

Gara-gara kelakuané, pelaku keancem pasal 340 KUHP ngenani Pembunuhan Berencana. Ukumané ora main-main, yakuwé maksimal penjara saumur urip. (*)

Tags: Berita ngapakPembunuhan di LebaksiuWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Lawasé 7 Taun

27 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan
Warta Ngapak

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023
Uji Coba Tilang Elektronik Drone di Kota Tegal: 20 Menit Terbang Temukan Banyak Pelanggaran
Warta Ngapak

Siap-siap, Polisi Pan Ngaburna Drone Nggo Nilang Wong Sing Nglanggar Lalu Lintas

26 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.4k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In