Dong Ora Laka-laka, Dudu Tegal – Panturapost.com
Selasa, Januari 31, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Dong Ora Laka-laka, Dudu Tegal

“Tegal pancén laka-laka. Sing ngempra dadi biasa. Sing biasa dadi ngempra!”

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
12 Agustus 2020
2 min read
0
Lockdown Lokal, Akses Masuk Sejumlah Titik di Kota Tegal Ditutup

Suasana kawasan Alun-alun Kota Tegal, Senin (23/3/2020). (Foto: Irsyam Faiz/PanturaPost)

Share on FacebookShare on Twitter

MAN sapa sing ngerti logo Tegal gawéané sapa? Bab kiyé sing ndadékna jakwir-jakwiré Jon Dapuk mbangkana penasaran. Dongé wongé sapa? Kalah mumet, jakwir-jakwiré mujar maring Jon Dapuk nalika bengi kuwé kumpul nang Pos Ronda.

“Bengi kiyé jakwir-jakwir penasaran péngin ngerti wongé sapa sing gawé logo Tegal?” takoné Sidul maring Jon Dapuk miwiti mbuka omongan.

Kaya biasané Jon Dapuk kur meneng sadurungé jakwir-jakwiré pada mbalang omongan.

ADVERTISEMENT

“Iya Jon. Yanu kayong penasaran…” omongé Darto.

Baca Juga

Warga Gerebek Toko Popok Bayi di Margadana Tegal, Temukan Ribuan Pil Penenang Tanpa Izin Edar

Gara-gara Ngadoli Pil Koplo, Toko Popok Bayi nang Margadana Tegal Digrebek

10 Januari 2023
Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

9 Januari 2023

“Nah kuwé sing ngganjel nang pikiran jakwir-jakwir, Jon. Coba wedarna ében wong-wong Tegal pada ngerti?” sambung omongané Kapér.

ADVERTISEMENT

Kaya biasané sadurungé Jon Dapuk njawabi pitakonané jakwir-jakwiré, déwéké nyuled sigarété latané nyedot rong sedotan rokoké. Kaya biasané Kapér uga nyomot saeler rokoké Jon Dapuk.

“Critané kaya kiyé!” Jon Dapuk mbuka omongan.

Jakwir-jakwir Jon Dapuk molai pasang kuping. Siap-siap ngrungokna Jon Dapuk mbabar sejarah anané logo Kota Tegal. Jaré déwéké, ning taun 1972 Kota Tegal nganakna lomba gawé logo. Sing mélu lomba sekandang bentang para disainer. Salah sijiné pelukis Hasan Bisri.

“Kowen paham crita kuwé sing sapa?” takoné Kapér nyetop omongané Jon Dapuk.

“Wawancara langsung karo Hasan Bisri.”

“Lanjut!” omongé Kapér.

Jaré Jon Dapuk, waktu samana Hasan Bisri ngirim gambar logo telung dina sadurungé lomba ditutup. Ora dinyana, logo gawéané menang gén olih surat sing panitia supaya teka nang acara penyerahan penghargaan. Tapi apa sing kedadén? Nalika pengumam diwaca, déwéké kagét ora ketulungan.

“Bisané Jon?” takoné Darto.

“Juarané ana telu! Siji wadon, lan loroné lanang termasuké Hasan Bisri,” omongé Jon Dapuk nirukna omongané Hasan Bisri nalika wawancara zaman déwéké mégin dadi wartawan koran mingguan ibukota.

“Kayong anéh ana lomba logo juarané telu,” cletuk Sidul.

“Brarti langka sing juara siji?” takoné Darto.

“Langka! Juarané kroyokan.”

“Anéh!” celetuk Kapér.

“Jaré Hasan Bisri, sluruh isi gambar nang logo awit wujud kapal, warna uga motifé, kabéh gawéané Hasan Bisri! Sing séjén kur bingkéné gél! Embuh gawéané sapa,” Jon Dapuk rinci njelasna.

Jon Dapuk nglanjutna. Jaré déwéké ngutip omongané Hasan Bisri, gerigi nang ngingsor gambar kapal, artiné nglambangna Kota Tegal sebagé kota industri, gambar kapal layar nglambangna angger Kota Tegal sebagé kota maritim, sedeng gambar geni sing mulad-mulad sanduwuré kapal, nglambangna semangaté masyarakat Tegal.

“Kuwé gawéané Hasan Bisri kabéh?” takoné Darto.

“Iya.”

“Bisané Hasan Bisri ora usul maring panitiané?” takoné Sidul.

“Déwéké ora gelem ribut,” omongé Jon Dapuk.

“Akhiré?” takoné Kapér.

“Lomba logo juarané wong telu!”

“Umumé lomba juarané: siji loro telu. Kiyé kayong wagu temen? Lomba juarané telu!” timpal Darto.

“Tegal pancén laka-laka. Sing ngempra dadi biasa. Sing biasa dadi ngempra!” sosor Sidul. Sing dimaksud tembung “Ngempra” ariné “Ngawur”.

“Adong ora laka-laka dudu Kota Tegal!”

“Bener Jon, wong crita Martoloyo – Martopuro bé ngemprané mbangkana-kana ka… Masa sih? Gara-gara laka pejaratan, wong loro mati bareng jasadé ngilang? Hahahahaha….” Omongé Kapér karo nyekakak.

“Ana maning Pér?” clemongé Sidul.

“Apa kuwé?” takoné Sidul.

“Wong siji, dina kelahirané werna loro!”

“Sapa kuwé?” takoné Darto.

“Ki Gedé Sebayu! Nang Kota Tegal adégé kota tanggal 12 April. Nang Kabupaten Tegal adage wilayahé tanggal 18 Mei. Padahal dasaré nganggo pelantikané Sebayu nalika dadi Juru Demang. Pibén ora laka-laka?” ujaré Sidul kalah bingung.

“Hahahahaha….”

Sekal kuwé jakwir-jakwiré nyekakak saporété. Jon Dapuk nyenggir kuda. Nang ati mujar: Tegal pancén laka-laka! (*)

—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: MociTegalTegal laka-laka
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In