Dukun Dobolan nang Tegal Dicekel Polisi Gara-gara Numpaki Rangda – Panturapost.com
Minggu, Januari 29, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Dukun Dobolan nang Tegal Dicekel Polisi Gara-gara Numpaki Rangda

Dheweke ngaku bisa ngguwang pengaruh negatif sing ana nang awake korban.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
14 Juli 2020
1 min read
0
Dukun Gadungan asal Balapulang Cabuli Seorang Janda

Polres Tegal gelar ungkap kasus pencabulan yang dilakukan dukun gadungan.

Share on FacebookShare on Twitter

SLAWI – Polisi nang Tegal bar nangkep dukun dobolan sing arane Saefudin (34) seka Desa Kaliwungu, Kecamatan Balapulang. Dukune ditangkep soale wis nyucus rangda sing huruf pertamane IIM (40) sing tembe dijak kenalan. Moduse, dhewek ngrayuni korban lan ngaku bisa nyabut susuk lan ngguwang pengaruh negatif sing ana nang awake korban.

Maune, pelaku kenalan karo korban, yakuwe warga Desa Tonggara, Kecamatan Kedung Banteng nang tanggal 16 Mei wingi, nang acara buka puasa bareng. Soale kayong madan seneng, pelaku jaluk tulung karo batire eben dikenalna karo korban.

“Kedadenan nang umahe korban nang dina Jemuah, tanggal 29 Mei wingi,” omonge Kasat Reskrim, AKP Heru Sanusi, wayah gelar ungkap kasus, dina Senen (13/7).

ADVERTISEMENT

Dadi, lanjute Heru, sawise kenalan, pelaku sering kirim WA maring korban. Malah, lewat WA-nan, pelaku ngomong ari ana benda ghaib nang awake korban. Lan angger ora ditokna dadine pan nrawasna. Latane, pelaku ya apen-apen dadi dukun sing bisa mbresihna aura negatif.

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

Barang kaya kuwe, korban ya ngandel karo omongane pelaku lan pan nggo nglakoni ritual. Syarate korban kudu adus kembang, banyu suruh, uyah krosok lan lenga.

ADVERTISEMENT

“Dadi moduse kaya kuwe, korban dijaluk adus kembang. Kesempatan kuwe ya dimanfaatna pelaku nggo nyucus korban,” jarene.

Seka hasil pemeriksaan, korban dicabuli ping pindo nang umahe. Malah, pas nyucuse kuwe dilakoni nang ngarep anake korban sing esih cilik.

Tapi nang adepan petugas, pelaku sempet mungkir lan duwe alesan ari nyucuse dilakoni merga dasar seneng karo seneng.

“Iya bener tak cucus ding nyong, tapi kuwe dasare seneng karo seneng, lan dheweke njaluk ditambani,” kata pelaku.

Saliyane ngamanna pelaku, polisi uga ngamanna ana pirang barang bukti. Nang antarane yakuwe bahan sarung, bahan longdress, gunting, baskom, lan plastik sing dienggo ritual.

Gara-gara kelakuane, pelaku dijerat pasal 289 lan pasal 378 subsider pasal 379 KUHP karo anceman ukuman suwene 9 taun penjara. (*)

 

Tags: Berita ngapakWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan
Warta Ngapak

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In