BREBES – Lurah Tegalglagah Kecamatan Bulakamba Kabupatén Brebes, Wahyono nyatakna angger duwit seakéh Rp 200 juta sing dicolong kuwé dudu nggo dilipatgandakna, tapiné nggo bisnis bawang abang.
Pernyataan kuwé disampékna daning Wahyono wayah ngampiri Mapolsék Bulakamba, dina Jemuah (28/8/2020). Saliyané dadi lurah, Wahyono ngomong uga dadi petani lan bakul bawang abang nang desané.
“Dadi nyong teka maring Polsék Bulakamba dina kiyé nggo nglarifikasi lan nudukna angger pancen laporan nyong kuwé, kekait kasus nyolong duwit Rp 200 juta sing dilakoni pelaku. Dadi dudu nggo dilipatgandakna ya, soalé ngesuké duwit kuwé nggo bisnis bawang. Ya pancén pelaku tau kanda bisa nglipatgandakna duwit maring wargané nyong, tapi nyong ora nggubrisi,” omongé Wahyono mbari nudukna surat laporan dadi korban pencurian nang Mapolsék.
Wahyono nerangna, kedadénan kuwé kedadén nang wulan Mei 2020 wingi. Latané dhéwéké nglaporna kedadénan kuwé maring Mapolsék Bulakamba.
Dhéwéké nyebut, dhéwéké kenal karo pelaku seka wargané. Pas kuwé, wargané njaluk tulung nggo nemoni pelaku, merga batiré kuwé lagi ora ana nang umah.
“Singkat crita, pelaku sempet nawani kerja sama bisnis bawang abang. Wayah ana nang umahé nyong, pelaku kuwé njukut duwit nang njero tas e nyong sing ana Nang njero kamar. Nyong uga nemukna keris siji nang njero kamar. Duwit sing dicolong kuwé, duwit tabungan bojoné lan rong batiré nggo bisnis bawang abang,” pungkasé.
Kaya dibritakna sadurungé, Harto (42) ndéyan lagi kepéngin ilon-ilon aksiné tokoh sing nang pilem laga ‘Robin Hood’, sing nggarong lan mbagi-mbagikna hasilé maring wong mlarat utawa kurang mampu. Tapi Harto ya akhiré dicekel daning Tim Resmob Satréskrim Polrés Brebes gara-gara nyolong duwit karo total tekan Rp 200 juta seka umahé warga sing uga dadi lurah utawa Kepala Desa Tegalglagah Kecamatan Bulakamba, Wahyono.
Harto sing sadina-dina terkenalé dadi wong pinter kiyé, ngaku duwit hasil colongané dibagi-bagikna maring wong-wong kurang mampu sing ditemoni daning dhéwéké nang endi baé.
“Saliyane dibagi-bagikna, pelaku uga nggunakna duwit kuwé nggo kebutuhan sadina-dina. Saliyané nangkep pelaku, dhéwék uga nyita keris sini, jaket lan tas slempang nggo barang bukti,” omongé Kepala Unit I Satréskrim Polrés Brebes, Aiptu Titok Ambar Pramono.
Pelaku dicekel daning tim Résmob Satréskrim Polrés Brebes nang wilayah Kabupatén Subang, Jawa Barat, nang tanggal 20 Agustus 2020 wingi. (*)
Discussion about this post