Ébén Mainé Penthol, Klub Bal-balan Tarkam nang Tegal Kiyé Ngebon Pemain Luar Negri - Panturapost.com
Kamis, Februari 25, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Ébén Mainé Penthol, Klub Bal-balan Tarkam nang Tegal Kiyé Ngebon Pemain Luar Negri

Pemain sing tarafé internasional seka luar negri kaya Nigeria lan Kamerun.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
2020/11/27 3:40pm
2 min read
0
Dengan Pemain Transfer Luar Negeri Andalan, Persada Muda FC Siap Hadapi Turnamen AFC CUP

Persada Muda FC

312
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

BOJONG — Persada Muda FC, kuwe salah siji klub bal-balan kampung sing pusaté nang Désa Karangmulya, Dukuh Dermalaya, Kecamatan Bojong, Kabupatén Tegal, Jateng. Senajan termasuk klub antar kampung (Tarkam) sing adoh seka pantauan PSSI (Persatuan Sepakbola Seluruh Indonesia), tapi anané Persada Muda FC nang kecamatan kononé dadi klub sing diperhitungna nemen daning akeh pecinta bal lan klub-klub kampung liyané. Hal kiyé merga wong sing arané Mansur utawa manajer tim kuwé nggawé langkah-langkah wani neng saben event turnamen sing dipéloniné.

Langkah wani dimaksud neng antarané karo nglakoni transfer pemain-pemain liga nasional utawaha pemain sing tarafé internasional seka luar negri kaya Nigeria lan Kamerun nggo merkuwat tim asuhané. Ana pirang aran pemain sing kulité ireng kuwé kaya Amado Mamado, Basri Lohi, Amando Sarip lan pirang aran liyané sing ésih aktif kontrak merkuwat pirang klub liga nasional.

“Dhéwék dimaha nekakna pemain-pemain profesional, mbuh kuwé tah sing ana neng liga nasional utawané seka luar negri. Dudu mung nggo gagah-gagahan lan ngrebut juara neng saben turnamen sing dhéwék mélu. Tapi luwih utamané yakuwé nggo nggembleng bocah-bocah tim-é dhéwék ébén bisa dolanan karo luwih apik. Soalé karo dolanan neng sa-tim bareng karo pemain sing wis profesional, dhéwék yakin skill bocah-bocah tim-é dhéwék pan bisa terus ngembang luwih apik lan luwih apik maning,” tuturé Mansur sing sadina-dinané kerja dadi owner Travel wisata Radar Cinta kuwé maring Panturapost.com.

“Menang utawa kalah neng turnamen kuwé hal biasa. Tapi sing luwih penting yakuwé berkembangé tekhnik dolanan uga skill bocah-bocah asuhan,” tambahé.

Baca Juga

Ruli Handayani, Gadis asal Kabunan Tegal yang Hobi Main Sepak Bola

Critané Ruli Handayani, Prawan Seka Tegal sing Seneng Bal-balan

25 Desember 2020
Dengan Pemain Transfer Luar Negeri Andalan, Persada Muda FC Siap Hadapi Turnamen AFC CUP

Dengan Pemain Transfer Luar Negeri Andalan, Persada Muda FC Siap Hadapi Turnamen AFC CUP

25 November 2020
Laga Uji Coba, Persekat Kalah Tipis dari Klub Liga 1

Laga Uji Coba, Persekat Kalah Tipis dari Klub Liga 1

27 September 2020
Mantan Pelatih Timnas Indonesia Alfred Riedl Meninggal Dunia karena Kanker

Mantan Pelatih Timnas Indonesia Alfred Riedl Meninggal Dunia karena Kanker

8 September 2020

Senajan target utamané ningkatna skil lan mental tim debutané, target juara jelas uga dadi prioritas neng saben event turnamen sing dipéloniné. Walhasil, seka pirang event nang daerahé Persada Muda FC yakuwé klub sing sering nemen ngolihna gelar juara. Hal kiyé jelas katon daning Panturapost.com seka akehé tropy kejuaraan sing jejer-jejeran neng mbaléné.

Lan karo akehé chanel pemain profesional sing diduweniné kuwé, wong lanang sing biasa diundang karo Mas Mansur kiyé krasa siap nemen nggo ngadepi tim-tim lawan sing endi baé neng ajang turnamen AFC Cup (Alwaha Footbal Championsip) sing dianakna daning chanel youtube Tvalwaha, wulan Juni 2021 mengko.

“Alhamdulillah, bocah-bocah tim-é dhéwék ora pan runtag utawa minder kapan adep-adepan karo tim lawan seka endi baé. Soalé bocahan wis kelatih karo apik bareng karopemain-pemain nasional, malah pemain kelas dunya. Bocah-bocah pan main ora nganggo beban. Mugané mengko neng AFC Cup, tim-é dhéwék siap nemen adep-adepan karo tim sapa baé. Apamaning dhéwék wis nduwéni pirang-pirang pemain transfer sing bisa dhéwék andelna nggo merkuwat Persada Muda FC,” tegesé Mas Mansur disambi gemuyu wayah dijaluki keterangan sapa baé pemain transfer sing wis dipersiapna dhéwéké.

Dhéwéké mung ngomong, “Enténi baé mengko wayah dolan. Saiki ésih dhéwék rahasiakan sapa baé sing pan merkuwat Persada Muda Fc neng turnamen AFC Cup mengko.”

Sementara, wayah Panturapost.com njaluk tanggapané ngenani Persekat sing saiki wis manjing neng liga 2 Indonesia, Mas Mansur ngarep-arep ébén Persekat terus upaya ningkatna manajeman lan kualitas pemainé. Aja kosih sawisé ana neng liga 2 nasional malah mudun kasta maning.

“Persekat kudu terus maju ngantikan anjog maring liga 1 Indonesia. Aja kasih kendor! ” tegasé karo nambahi kekarepané eben Persekat bisa nggawé event turnamen khusus nggo luruh pemain-pemain berbakat nang Kabupatén Tegal.

“Persada Muda FC mesti pan mélu kapan Persekat gawé turnamen nggo njaring pemain-pemain berbakat,” pungkasé ngepolna kanda-kandanan karo PanturaPost.com. (*)

 

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: OlahragaSepakbola
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Jalan Pantura Rusak Parah, Ganjar Panggil Pengelola Jalan Nasional
Warta Ngapak

Dalan Pantura Akéh sing pada Bodhol, BBPJN Diundang Ganjar Maring Kantor

24 Februari 2021
Tenaga Kesehatan di Jatinegara Terpaksa Jalan Kaki 5 KM Akibat Jalan Rusak
Warta Ngapak

Dalané Bodhol, Tenaga Keséhatan nang Jatinegara Kepaksa Mlaku Limang Kilo Nggo Nglayani Warga

24 Februari 2021
Jelang Laga AFC CUP 2021, Empat Tim Pagerbarang Lakukan Uji Tanding Fourfeo
Olahraga

Jelang Laga AFC CUP 2021, Empat Tim Pagerbarang Lakukan Uji Tanding Fourfeo

24 Februari 2021
Siap-siap! Malam Ini PDAB Jateng Mulai Uji Coba Alirkan Air PAM
Warta Ngapak

Dandanan Pipa Transmisi nang Kalibakung Pragat, Banyu Bersih Wis Mili 40 Persén

23 Februari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Pasangan Suami Istri Asal Tegal Tewas Terlindas Truk Trailer di Jalan Pantura Brebes

  • Cerita Warga Tiap Malam Merasakan Tanah Bergerak di Jalan Raya Kalibakung Tegal

  • Sulitnya Mengalirkan Kembali Air Bersih ke Tegal dan Brebes

  • Udan Gedhé Nemen, Limang Désa nang Ketanggungan Keleban Banjir

  • Ganjar Soal Kabar Dedy-Jumadi Pecah Kongsi: Suruh Ketemu Saya

  • Dedy Yon Laporkan Jumadi ke Polda Jateng Terkait Dugaan Rekayasa Kasus

  • Viral Konvoi Remaja Brebes dan Acungkan Celurit, Kapolsek Tanjung: Video Lama dan Sudah Ditindaklanjuti

MEDIA SOSIAL

  • 122.7k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 46.7k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
  • Advertorial
  • Inspire Slawi

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X