MANTÉN anyar nang Jepang bisa olih duwit nganti 600 éwu Yen utawa Rp 85 juta seka pemrentah, nggo kebutuhan ngontrak utawa biaya urip liyané.
Hal kiyé anu bagian seka program pemrentah ebén cah enomé gelem pada mbojo lan ngatasi endépé angka lairan nang kana.
Dikutip seka Kyodo News, ana pirang syarat sing kudu dikebeki daning manten, ebén bisa olih duwit kuwé. Nang antarané, umuré nang ngingsor 40 taun wayah mbojo lan duwé penghasilan sing digabung kurang seka 5,4 juta yen utawa setara Rp 768 juta.
Pasangan sing nembé mbojo kiyé uga kudu manggon nang kota sing ngadopsi program kuwé.
Tapi, mung ana 281 kota utawa 15 persen seka kabéh kota gedhé, kota cilik, lan désa nang Jepang sing wis ngadopsi program kiyé per wulan Juli 2020. Soalé, sing pan mbojo kudu nanggung setengah seka insentif kuwé.
Tapi, nggo ngupayakna ebén jumlah dukungané munggah, pemrentah pusat pan nanggung rong pertiga seka fiksal 2021.
Alesan wong Jepang pada mbojo tua.
Wong nang Negarané Kapten Tsubasa kuwé pancén pada milih urip dhéwék lan mbojo nang umur tuwa. Alesané pirang-pirang, tapi salah sijiné yakuwé masalah duwit.
Nek dideleng seka survei National Institute of Population and Social Security Research nang taun 2015, seakéh 29,1 wong lanang lan 17,8 persén wong wadon durung mbojo umur 25-34 taun ngomong, kurangé modal nggo mbojo dadi salah siji alesan ésih urip dhéwék. (*)
Discussion about this post