BREBES – Senajan Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga (Dinpora) Kabupatén Brebes durung nganjurna Pembelajaran Tatap Muka (PTM) nggo siswa sekola. Tapi, ana pirang sekola tingkat SMP nang kota bawang wis nglakokna karo ngutamakna protokol kesehatan sing ketat.
Nganggo dasar pantauan PanturaPost.com, nang SMP 1 Negri Brebes umpamané, nggo mékena rewangan maring siswa-siswa wayah sinau onlen, pihak sekola mékena paket kuota internét masing-masing siswa akehé Rp 25 ewu.
“Pancén instruksi seka Gugus Tugas Percepatan Penanganan COVID-19 utawaha Dinpora kekait KBM normal durung ana. Soalé desakan pihak wong tuwa wali murid lan curahan ati siswa-siswa ebén PTM gagiyan dilakoni. Dina kiyé mau dhéwék molai sosialisasikna maring siswa lan guru nganggo cara langsung nang sekola karo protokol kesehatan sing ketat,” omongé Kepala SMP 1 Negri Brebes, Dharma Suhaeri, dina Slasa (11/8/2020).
Saliyané mékena réwangan sing rupané paket kuota internét maring siswa, dhéwéké nglanjutna, pihak sekola uga pan gagiyan nyangoni siswa-siswa Alat Pelindung Diri (APD) maksimal. Nang antarane, wajib nganggo masker lan nggunakna faceshield.
“Minggu kiyé dhéwék sosialisasikna disit rencana PKM. Minggu ngarep molai dhéwék laksanakna sesuai protokol kesehatan. Toli, Insyallah siswa uga dhéwék wékena réwangan APD sing rupané faceshield, soalé masker wis dhéwék wékena maring siswa,” ungkapé.
Jaré dhéwéké, ana kendala sing dialami siswa-siswa sinau daring. Yakuwé kekait sarana smartphoné android lan pakét kuota internét. “Pakét kuota internét wis dhéwék wékena maring masing-masing siswa. Tujuané nggo wékena semangat maring siswa nggo tetep sregep sinau,” jaréné.
Najwa, salah siji siswi SMP 1 Negri Brebes ngaku seneng karo gagiyan diberlakukna PTM nang sekolané. Pasalé, dhéwéké ngaku angél méloni pémbelajaran daring tanpa anané dampingan langsung daning guru-guru.
“Ya luwih seneng nang sekola, dhéwék bisa diskusi lan diméin pemahaman nganggo cara langsung karo guru angger dhéwék méloni PTM,” omongé Najwa. (*)
Discussion about this post