TEGAL – Wali Kota Tegal, Dedy Yon Supriyono ngomong pan nglakokna lockdown lokal sawise ana wargane siji sing kena virus corona. Kebijakan kuwe pan dilakokna lawase patang wulan lekas tanggal 30 Maret nganti 30 Juli 2020.
Dedy ngomong, pihake pan nutup kabeh akses sing nggo manjing karo metu kota nganggo MCB Beton. Deweke ya njaluk maring wargane eben pada ndukung kebijakan kiye. Cara kuwe nggo ngandegna nyebare covid-19 nang Kota Tegal.
“Diarep-arep masarakat bisa mahami soale kiye yakuwe keadaan darurat. Nang endi dhewek butuh kekompakan sakabehaneng masarakat eben bisa kehindar sing wabah kiye,” omonge Dedy lagi maring wartawan, Rebo (25/3/2020).
Dedy ngakoni, ari kebijakan kuwe mengkone pan nimbulna pro-kontra. Diakonine bisa gawe dampak nang mrosote penghasilan ekonomi masarakat kaya bakul-bakul cilik.
Dedy ngaku kebijakan sing dijukut wis dipertimbangna mateng-mateng demi keslametan warga Kota Tegal. “Angger nyong bisa milih, suka nyong diwadheni warga timbang pesten mapag wargane nyong,” tuture Dedy.
Dedy ngomong wis nyiapna solusine antarane yakuwe karo mekena rewangan sosial lewat Dinas Sosial maring warga sing ora nduwe utawa sing mbutuhna.
“Nyong pribadi lan jajaran Pemkot uga kabeh anggota DPRD karo kesadarane eben inisiatif secara pribadi nggo ngrewangi ngumpulna dana,” ujare Dedy. (*)
Sing Nyunting: Irsyam Faiz
Discussion about this post