Enggal Bada Aji, Peternak nang Tegal Mastikna Kéwan Kurban sing Didol Ora Kena Virus PMK – Panturapost.com
Kamis, Agustus 11, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Enggal Bada Aji, Peternak nang Tegal Mastikna Kéwan Kurban sing Didol Ora Kena Virus PMK

Wabah PMK sempet nggawé pedagang lan peternak kéwan kurban kuwatir.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
2 Juli 2022
2 min read
0
Sempat Khawatir Wabah, Peternak di Tegal Pastikan Hewan Kurban yang Dijual Terbebas PMK

Salah satu peternakan sapi di Desa Dampyak, Kecamatan Kramat, tepatnya sebelah timur Sungai Ketiwon.

106
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

KOTA TEGAL — Wabah penyakit mulut dan kuku (PMK) nang pirang-pirang daérah nang Indonesia sempet nggawé pedagang lan peternak kéwan kurban kuwatir. Senajan kaya kuwé, hal kuwé belih nyurutna optimismé pedagang kéwan kurban nang Tegal nggo nawani kéwan ternaké sing tetep aman lan waras.

Salah siji peternak, Sudarmono (40) alias Buyung warga Désa Mejasem, Kecamatan Kramat, Kabupatén Tegal malah nggaransikna kéwan ternaké bébas seka pirang-pirang jenis penyakit utawané wabah PMK sing lagi merebak.

“Dhéwék pastikna kéwan kurban dhéwék kepantau keséhatané. Baik seka kebersihan kandang, wéinan pakan ngantikan prawatan rutin karo dokter kéwan,” jaré Buyung wayah ditemoni pas lagi nang Gedung DPRD Kota Tegal.

ADVERTISEMENT

Buyung dhéwék ngedol sapi jenis simetal limosin lan lokal (PO), molai rega Rp 20 juta ngantikan Rp 75 juta. Kéwan kuwé, ditekakna seka pirang-pirang daérah nang Jawa Tengah, kaya Wonogiri, Sukoharjo tekan Blora.

Baca Juga

Tak Jadi Dipindah, Pasar Malam HUT RI Tetap Digelar di Kompleks GOR Brebes

Ora Sida Dipindah, Pasar Malem Agustusan Tetep nang Kompléks GOR Brebes

6 Agustus 2022
Polisi Bulakamba Brebes Bekuk Pelaku Penggelapan Sepeda Motor 

Gara-gara Kepépét Kebutuhan, Wong nang Brebes Kiyé Kolu Ngembat Motoré Batiré Dhéwék

6 Agustus 2022

Seka segi prawatan, Buyung ngaku sapi sing diduwéniné kepetung khusus wayah dirawat. Dimolai pas sapi ditekakna seka luar kota sing luwih ndisiti ngleboni karantina lawasé rong minggu.

ADVERTISEMENT

Sawisé kuwé, sapi-sapi kuwé dipisahna cocog karo jenis lan klompok umur. Nggo wéinan pakan, diwékena karo gizi terapik sing ngliputi konsentrat, ampas tahu ngantikan vitamin B komplék.

“Dhéwék uga tekakna dokter kéwan seka dinas kekait saben saminggu pisan. Penyemprotan kandang karo disinféktan uga dhéwék inténsifna sadina minimal ping pindo,” tegasé.

Ngantikan saiki, ana sekitar 50 sapi karo abot telung kwintal ngantikan sa ton, sing siap nggo dikurbana wayah perayaan Idul Adha.

Buyung nambahi, tetuku sapi kurban bisa dilakoni karo langsung nekani peternakan sing ana nang Désa Dampyak, Kecamatan Kramat, tepaté sewelah wetané Kali Ketiwon.

“Kéwan kurban bisa langsung dhéwék jujugna maring tempat tujuan karo apik, tanpa ana biaya tambahan. Malah, dhéwék uga siap nggo ngrawat, angger sing tuku ngarep-arep nggo dikirim wayah pan Idul Adha,” imbuhé.

Selama dititipna, sing tuku ora kudu ngrogoh sak maning utawané dompét nggo biaya prawatan. Sebab, Buyung bareng karo timé siap nggo méin prawatan gratis lan kejamin.

“Sejauh kiyé tetuku kéwan kurban nang tempaté wis tekan sekitar 30 buntut. Mayoritas sing tuku teka seka pirang-pirang daérah nang Brebes lan Tegal Raya,” pungkasé. (*)

 

Diedit daning: Irsyam Faiz

Tags: Bada AjiBerita ngapakHewan KurbanWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Borong Medali di ASEAN Para Games, Banyu dapat Bonus Rp 50 Juta dari Bupati Tegal
Warta Ngapak

Mborong Medali neng ASEAN Para Games, Banyu Olih Bonus Rp 50 Juta seka Bupati Tegal

10 Agustus 2022
Nekat Terjun ke Sumur, Pemuda di Bumiayu Akhirnya Selamat
Warta Ngapak

Gara-gara Sering Dipoyoki Batiré, Bocah nang Bumiayu Nékad Nyemplung Sumur

10 Agustus 2022
Diduga Korsleting, Rumah di Mejasem Tegal Luder Terbakar
Warta Ngapak

Listrik Konslét, Umah nang Mejasem Tegal Entong Prontong Dipangan Geni

9 Agustus 2022
Warga Losari Brebes Gagalkan Aksi Pencurian Motor, Pelaku Dikejar Hingga Tertangkap 
Warta Ngapak

Nang Losari Brebes Ana Maling Motor Dicekel Warga, Tapi Sing Siji Kabur

9 Agustus 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Atifa, Juara Dunia Pencak Silat Asal Tegal Bercita-cita Masuk Korps Wanita Angkatan Laut

  • Deretan Kasus Besar yang Ditangani Ferdy Sambo Saat Menjabat Kapolres Brebes  

  • Trek sing Ngangkut Puluhan Motor Klasik Kobongan nang Tol Kanci-Pejagan, Tunané Atusan Juta

  • Jadi Tersangka Kasus Pembunuhan Brigadir Yosua, Rumah Bripka RR di Keturen Tegal Ditinggalkan Keluarganya

  • Remaja Bumiayu yang Nekat Nyemplung Sumur Mengaku Sering Di-bully Temannya

  • Gara-gara Kepépét Kebutuhan, Wong nang Brebes Kiyé Kolu Ngembat Motoré Batiré Dhéwék

  • Nang Losari Brebes Ana Maling Motor Dicekel Warga, Tapi Sing Siji Kabur

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In