BREBES – Esport mbéné baé diakoni nganggo cara resmi daning Kementrian Pemuda dan Olahraga (Kemenpora) uga Komite Olahraga Nasional KONI dadi cabang olahraga prestasi nang Indonesia.
Nggo nang Kabupatén Brebes dhéwék, Esport sing diketuani daning Andri Anom, wis kebentuk lan nggari ngenténi Surat Keputusan (SK) seka KONI Jawa Tengah.
“Alhamdulillah karo ngenténi SK mudun seka Koni Jawa Tengah, dhéwék Esport Kabupatén Brebes wis sering nganakna pertemuan internal nggo nyiapna pirang-pirang program kegiatan maring ngarepé,” omongé Andri Anom, dina Minggu (30/8/2020) .
Dhéwéké nambahi, Esport wis heboh sajegé gelaran Asian Games taun disit. Nggo kuwé, pihaké pan nyiapna program luruh bakat bertalenta lan berprestasi lewat ajang éven nang Kota Bawang.
Esport yakuwé keahlian nang tingkat kepinteran game, kekompakan lan skill tim. Contoné, kaya game Mobile Legend karo Free Fire (FF).
“Nggo luruh bakat mengko, dhéwék pan usaha sing terapik lewat ajang éven. Dhéwék uga wis sinau seka UMUS Brebes lan UPS Tegal kekait éven Esport. Karo sapa baé sing apal Esport, monggo nggambén karo dhéwék,” jelasé.
Sementara kuwé, Ketua KONI Kabupatén Brebes, Ahmad Zaeni ngomong, pihaké ndukung anané cabang olahraga anyar kaya Esport sing mbené kebentuk kepengurusané.
“Dhéwék jelas ndukung, muga-muga cabor Esport Kabupatén Brebes mengarep bisa saingan karo daérah liya sing bisa nggawa prestasi lan ngarumna araneég daerah dhéwék, amin,” omongé Ahmad Zaeni. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post