BREBES — Éwonan warga nang Désa Randusanga Kulon Kecamatan/Kabupatén Brebes nganakna tasyakuran karo mangan bareng nang sadawanéng 1,69 kilométer, dina Jemuah (1/7/2022) bengi. Tasyakuran dianakna nggo ungkapan rasa syukur soalé dalan nang désa kuwé saiki wis mulus sawisé puluhan taun bodhol.
Pirang-pirang jenis panganan tradisional ngantikan jajanan sing disajikna. Kuwé swadaya masarakat seka masing-masing RT. Acara tasyakuran uga ditekani Bupati Brebes Idza Priyanti lan pejabat Pemkab Brebes.
Saliyané mangan bareng, masing-masing RT nampilna kesenian tradisional, karo pawé bareng nyusuri dalan sing membé didandani kuwé. Bupati Idza karo rombongana mélu pawé karo mlaku bareng karo warga.
“Dalan kiyé didandani secara menyeluruh ndéan puluhan taun sing ndisit. Digawé ana mung perbaikan ringan tok karo makadam. Mugané karo kondisi dalan beton kaya kiyé, masarakat syukuran, semangat nemen,” jaré Kepala Désa Randusanga Kulon, Afan Setiyono.
Dhéwéké nambahi, tasyakuran uga diramékna kesenian molai seka kesenian buroq, musik dangdut, organ tunggal, lan liyané.
Jaré Kepala Dinas Pekerjaan Umum (DPU) Brebes Sutaryono, proyék dalan karo ready mix beton nang pedukuhan Sigempol sadawané 1,6 kilométer sing anggarané tekan Rp 4,5 miliar kiyé, sumberé seka DAK taun 2022.
“Pancén proyék dalan kiyé durung rampung satus persén. Tapi secara keseluruhan, proyék sing digarap pelaksana proyék wis menuhi nemen persyaratan sing ditentukna,” jaré Sutaryono.
Dhéwéké ngapréasiasi masarakat sing sajegé awal proyék dimolai semangat nemen, seka molai nyediakna konsumsi nggo pekerja proyék, ngantikan rampungé proyék sing wis 90 persén.
“Apa sing dilakoni masarakat nang kéné perlu dicontoh masarakat liya lan dhéwék dadi pelayan mélu bungah soalé perbaikan dalan sing dilakoni dadi kebanggaan masarakat khususé,” jaréné.
Sementara kuwte, Idza ngaprésiasi tasyakuran sing diadakna daning warga nang Dusun Sigempol. Semangaté warga tumplek blek mudun maring dalan patut diaprésiasi lan muga-muga bisa ningkatna perékonomian masarakat sekitar.
“Apamaning mau nang sadawané dalan warga ngucapna rasa syukuré soalé dalané wis apik. Harapané dhéwék kiyé bisa ningkatna perékonomian masarakat sekitar lan bocah-bocah sekola ora kangélan maning wayah pan maring sekolané,” jaré Idza Priyanti.
Dhéwéké nyebut, perbaikan dalan nggo taun kiyé, ora mung dilaksanakna nang ruas dalan Désa Sigempol nuju maring Pedukuhan Kalikamal Désa Kedunguter. Tapi ana perbaikan dalan liyané karo cara dibeton sing mengkoné bisa nglancari akses perékonomian warga.
Neng antarané ruas Dalan Limbangan — Randusanga Kulon karo anggaran kurang luwih Rp 9 miliar seka anggaran perubahan APBD taun 2021 wingi. Latané dilanjutna Dalan Limbangan – Randusanga Kulon neng taun 2022 kiyé karo anggaran kurang luwih Rp 3 miliar.
Sementara nggo perbaikan ruas Dalan Sigambir — Kalikamal neng taun kiyé, anggarané tekan kurang luwih Rp. 4,5 miliar lan Kedunguter — Kalikamal anggarané tekan kurang luwih Rp 10 miliar. (*)
Discussion about this post