SEMARANG — Gubernur Jawa Tengah Ganjar Pranowo nganakna sarasehan kebangsaan bareng karo pirang tokoh agama lan tokoh masarakat nang Gedung Gradhika Bhakti Provinsi Jawa Tengah, dina Jemuah (20/11/2020). Nang kesempatan kuwé negasna pan nglawan sapa baé sing nacak ngrubesi kewutuhan NKRI utawa ngrubah idéologi pancasila.
“Clear, dhéwék pan duwé sikap karo problem sing diadepi. Senggané ana sing ngganggu idéologi utawa ngganti NKRI lan pancasila, dhéwék sepakat pan nglawan,” tegesé Ganjar.
Sarasehan Kebangsaan judulan “Jaga Jawa Tengah, Jaga Indonesia” kuwé mélu nekakna TNI, Polri, Kejaksaan lan BIN. Tujuané, nggo ngurai masalah sing diadepi lan luruh solusi bareng. Ana rong hal sing dipetekna jeronéng pembahasan neng pertemuan kiyé, yakuwé Pandemi COVID-19 lan idéologi negara.
“Mau wis disampékna daning Habib Luthfi ari pandemi kiyé temenanan, tapi persoalan ideologi aja kosih abai,” tutugé.
Seka kono kuwé, Ganjar nganakna sarasehan kebangsaan nggo njaluk pendapat seka tokoh agama, tokoh masarakat lan élemén sing liya.
“Ana akéh urgénsi, dina kiyé dhéwék undang tokoh agama lan tokoh masarakat nang Jawa Tengah. Angger nyong nglekasi mau, dhéwék ngringokna seka tokoh agama nyampékna kondisi sing ana neng umaté dhéwék-dhéwék, lan tokoh masarakat uga nyampékna kondisi Jawa Tengah. Ana ekonomi, sosial, lan pulitik,” jaré Ganjar.
Dhéwéké ngarep-arep, kegiatan kuwé mampu mékena dampak sing apik nggo Jawa Tengah. Angger pancén diperlukna, kegiatan kuwé pan dianakna nganggo cara rutin.
“Kabéh uga sepakat kondisi kiyé durung apik, kabéh pan ndukung. Pemréntah dijaluk ngrumusna lan nggerakna formula kabéh sektor sing ana ébén kabehané bisa apik. Dudu mung urusan lahiriah tapi uga batiniah, ébén mentalé dhéwék dadi apik spiritualé dhéwék dadi apik, mengko pan olih keapikan. Konsultasi kiyé dhéwék lakoni eben jateng bisa dadi tenang, seneng lan kabéh bisa meloni kegiatan karo protokol kesehatan sing apik.” jaréné.
Pada baé karo Ganjar, Kapolda Jateng, Irjen Pol Ahmad Luthfi mastikna nggo ora pan méin ruang nggo klompok intoleran nang Jawa Tengah, neng hal kiyé Polda pan duwé sikap teges.
“Laka kesempatan lan ruang nggo klompok intoleran. Khususé nang wilayah Polda Jateng kuwé rega mati. Kabéh jajaran Kapolrés wis nyong prentahna,” ungkapé.
Kapolda uga nambahi ari saiki pihaké melu nglakoni penanganan COVID-19 lan pengamanan Pilkada serentak 2020. “Neng prinsipé dhéwék njejegna aturan perundang-undangan sing kanggo,” jaréné. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post