Ganjar Njaluk Wargané sing Ana nang Jakarta pada Manut Karo Aturan PSBB – Panturapost.com
Rabu, Februari 1, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Ganjar Njaluk Wargané sing Ana nang Jakarta pada Manut Karo Aturan PSBB

Ganjar uga wanti-wanti karo kabeh warga Jateng nang Jakarta ebén ora pada mudik.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
15 September 2020
2 min read
0
Ganjar Minta Masyarakat Jateng di Jakarta Bantu Sukseskan PSBB

Ganjar Pranowo saat memimpin rapat percepatan penanganan covid-19 di kantornya, Senin (14/9). (Foto: Dok. Humas Pemprov Jateng)

Share on FacebookShare on Twitter

SEMARANG – Gubernur Jawa Tengah, Ganjar Pranowo njaluk kabéh masarakat Jateng sing ana nang Jakarta pada ngrewangi lan nyuksesna Pembatasan Sosial Berskala Besar (PSBB) Jakarta. Jare Ganjar, langkah kuwé anu wujud sopan santuné dadi wong pendatang utawa wong ngranto.

Ganjar njaluk kabéh wargané nggo sekuat tenaga ebén pelaksanaan PSBB nang Jakarta mlaku sesuai karo rencana. Ganjar ngaku wis inténs komunikasi karo Pemda DKI kekait hal kuwé.

“Penghubung Jateng nang Jakarta dhéwék njaluk inténs komunikasi karo Pemda DKI, apa sing bisa Pemprov Jateng rewangi nggo nyuksésna PSBB, khususé masarakat Jawa Tengah sing ana nang kana. Paguyuban warga Jateng sing ana nang kana, nyong njaluk nggo ngrewangi ngrampungna persoalan sing ana nang kana, sing wis dadi putusan Pemda DKI,” omongé Ganjar lubar mimpin rapat percepatan penanganan COVID-19 nang kantoré, dina Senen (14/9/2020) .

ADVERTISEMENT

Jaré Ganjar, langkah kuwé anu wujud sopan santun dadi wong pendatang. Diarep-arep, warga bisa ngrewangi apa sing bisa dilakoni nggo suksesé program Pemda DKI.

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

“Kiyé sopan santuné dhéwék, mugané dhéwék bisa ngréwangi apa sing ana nang Jakarta ebén mengko keputusané bisa suksés. Lan masarakat bisa waras kabehané,” tambahé.

Ganjar uga bombong ari komunikasi inténs karo Pemda DKI sadurungé pelaksanaan PSBB mlaku lancar. Nganti saiki, durung ana masalah sing nyembul merga putusan kuwé.

“Nyong ngindangi angger ana wong mudik, nganti wingi madan mudun, artiné langka pergerakan lan malah luwih satitik dibanding sadurungé. Dishub tak kongkon nggo ngileng terus,” jaréné.

ADVERTISEMENT

Kekait nasibé warga Jateng sing ana nang Jakarta, Ganjar uga wis njaluk Dinas Sosial nglakoka komunikasi. Dhéwéké bombong, soalé Pemda DKI pan njamin anane panganan karo nggawé pawon umum nang saben RW.

“Dadiné urusan mangan wis rampung. Dhéwék durung nglakoni tindakan sing luwih seka kuwé, tapi dhéwék ngileng nggal dina,” jaréné.

Ganjar uga wanti-wanti karo kabeh warga Jateng nang Jakarta ebén ora pada mudik. Soalé jare dhéwéké, Pemda DKI wis ngatur kabehané lan dipastikna pan luwih kepenak dibanding pengalaman PSBB pertama.

“Pan digawekna pawon umum nang saben RW, mugané mengko sing angél mangan, bisa teka mana. Ora susah mudik, angger ana sing kangélan monggo komunikasi karo dhéwék. Kanca-kanca Penghubung Jateng sing ana nang kana mesti wis ngarti apa sing kudu dilakoni, termasuk relawan sing wis pengalaman wayah PSBB pertama,” pungkasé.

Anu mung nggo informasi, DKI Jakarta saiki lagi nerapna maning PSBB jilid ke loro nang dina Senen (14/9). Diberlakuknané PSBB kuwé nggo meték jumlah nularé virus COVID-19 sing lumayan gedhé nang daerah kuwé. (*)

Tags: Berita ngapakGanjar PranowoPSBB JakartaWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Talud dan Jalan Baru di Perumahan Pesona Abadi Slawi Kulon Ambrol, Bangunan Rumah Terancam Longsor
Warta Ngapak

Taludé Ambrol, Bangunan Umah nang Perumahan Pesona Abadi Slawi Kulon Bisa Kegawa Longsor

31 Januari 2023
Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia
Warta Ngapak

Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

29 Januari 2023
Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In