TEGAL – Senajan ana pirang titik ruas dalan nang Kabupatén Tegal pada bodhol, tapi durung bisa didandani. Soalé, ana penundaan anggaran merga pageblug COVID-19. Dalan rusak mbené pan didandani nang 2021 mengko, lan kuwé uga dilakoni nganggo cara mipil.
Kepala Bidang Jalan Dinas Pekerjaan Umum Kabupatén Tegal Sudarso ngomong, dana pemeliharaan rutin dalan sing diusulna nggo taun 2020 segedhé Rp 15 miliyar dipangkas ngantikan dadi Rp 9 miliyar. Mugané mung bisa ndandani dalan sing bodhol enteng nganti enggal badanan Idhul Fitri taun 2020.
“Saliyane kuwé, anggaran peningkatan dalan sing mauné neng Dokumen Pelaksanaan Anggaran (DPA) Regulér segedhé Rp 100 miliyar, sawisé dialihna merga pageblug, jebulé mung olih alokasi dana segedhé Rp 38 miliyar,” jaréné, wayah ditemoni neng ruang kerjané, dina Jemuah (06/11/2020).
Saiki, Sudarso nglanjutna, ana pirang ruas dalan sing termasuk neng ajuan Dana Alokasi Khusus (DAK) nggo olih didandani neng taun 2021. Tapi pancén statusé ésih ngenténi verifikasi.
Ruas dalan kuwé yakuwé Banjaran-Balamoa segedhé Rp 3,4 miliyar, Yamansari-Babakan segedhé Rp 2,2 miliyar lan Jejeg Cenggini Rp 882 juta. Lah, nek ruas dalan sing diusulna dandanan metung dana APBD nang taun 2021, ana 27 paket karo total anggaran Rp 32,05 miliyar.
“Sesuai karo Surat Putusan Bupati Nomer 050/583/2014, dawa ruas dalan nang Kabupatén Tegal yakuwé 847,27 km. Nang endi, per akhir 2019 nurut Kementerian Pekerjaan Umum 680,27 km utawa 80,34% ruas dalan nang Kabupatén Tegal dinyatakna Jalan Mantap utawa manjing néng kategori kondisi dalan apik. Lah, nggo luwihé yakuwé sadawanéng 166,54 km utawa segedhé 19,66 % dinyatakna Tidak Mantap utawa neng keadaan bodhol enteng anjog karo bodhol parah” ungkapé.
Kekait karo kuwé, Sudarso njelasna, angger nang taun 2024 Kabupatén Tegal kepéngin dinyatakna bebas bolongan. Dadiné ruas dalan sing dinyatakna Tidak Mantap kudu gagiyan didandani. Dana kuwé durung termasuk anggaran nggo pemeliharaan dalan sing wis dinyatakna Jalan Mantap.
Dhéwéké nambahi, diperkirakna per 1 km dalan Tidak Mantap sing perlu didandani mbutuhna dana segedhé Rp 1,5 miliyar. Karo asumsi amba rata-rata 4 meter. Mugané total anggaran sing kudu ana yakuwé Rp 249 miliyar nggo ndandani 166,54 km kuwé.
“Artiné angger dilakoni mipil seka 2022 ngantikan 2024, dadiné nggal taun dhéwék kudu nduwéni dana Rp 83 miliyar. Lah, nek nggo pemeliharaan rutin dalan sing kondisiné wis mantep, nggal taun mbutuhna dana segedhé Rp 40 miliyar. Mugané normalé per taun nggo pemeliharaan lan peningkatan dalan mbutuhna anggaran segedhé Rp 123 miliyar,” jelasé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post