Gara-gara Goyang Cabul, Mas Jon Putus Karo Gérélé – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Gara-gara Goyang Cabul, Mas Jon Putus Karo Gérélé

Kiyé critané Mas Jon nalika putus cinta karo Linda, biduan dangdut sing dadi gérélé.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
24 November 2020
4 min read
0
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Lanang Setiawan.

Share on FacebookShare on Twitter

KIYÉ critané Mas Jon nalika putus cinta karo Linda, biduan dangdut sing dadi gérélé. Kedadiané nalika déwéké nganter gérélé olih job manggung nang wilayah pinggiran Kabupatén Tegal.

Jam setengah sanga bengi déwéké karo gérélané, mlencing nganggo sepeda motor maring lokasi umahé sing duwé hajat nganténan. Anjog nang tempat tujuané, Mas Jon gabung nang dérétan para biduan. Ana patang biduan dandanané seksi kabéh. Sing arané Yasmin dan Monica wis dikenal Mas Jon sebab tau ditulis nang médiané. Yasmin biduan asal Desa Kaligangsa, Brebes rainé imut, mata gemebyar. Rambut sepundak disemir warna kuning emas campuran ijo mengkilap persis kaya sambeliler, kéwan sing biasa digunakan para dukun sebagé mediator pengantar susuk pengasihan. Biduan Yasmin nganggo sandangané gaya harajuku ala Wulan Jameela. Sikil loroné dibungkus stocking bolong-bolong ireng kosih maring kémpolé. Biduan lambé kaya diantup tawon lan rambuté tipis sing ana nang pilingané kuwé, nganggo T Shirt bagian lengené ditugel serampangan.

Séjén maning biduan sing arané Rosalina, kondangé
kasebut: Lina. Biduan kiyé lagi pan diwawancarai Mas Jon. Bengi kuwé, dandanan Lina ora kalah yahud karo batir-batiré. Déwéké nganggo bustier warna baby blue sing pernah dienggo Britney Spears, bintang supertop dunia, mangkina gawé ragané katon ana isiné. Rok mini ruffles sing dienggo ora béda kaya penyanyi Pingkan Mambo katon slim gén élok. Rok mini sing diselarasna karo stocking ireng motif garis, ndadékna déwéké yahér pisan. Rambuté dawa disemir abang semu coklat campur kuning keemasan mirip rambut putrén. Disawang-sawang penampilané mangkina chic.

ADVERTISEMENT

“Mba Lina ya?” takoné Mas Jon maring Rosalina. Sok kenal.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022

“Owh iya Mas,” jawabé Lina karo nebar éseman.

“Nong pan wawancara, Mba Lina ora keberaten?”

Lina kur mésem. Mas Jon ngartikna ésemé Lina tanda ora keberaten angger diwawancarai. Uga ora kéri ijin maring gérélané Mas Jon, uga ora keberaten.

“Sadurungé Mba Lina terjun ning musik dangdut, genre musik sing dikekuni apa Mba?” takoné Mas Jon.

ADVERTISEMENT

Jaré pedangdut Lina, sadurungé déwéké terjun ning musik dangdut, asalé dadi penyanyi jazz pop uga bosanova ning Jakarta. Tapi jalaran uripé ngendon ning daérah, sedang genre musik sing digemari masyarakat kiblaté dangdut, aliran sing taunan diakbrabi kepaksa disingkirna. Mung sewaktu-waktu diperlokna nalika olih job khusus ning évén-évén tertentu.

“Demi kéksisan lan penguripan keluarga, idéalisme sing tak gadang-gadang sejegé nyong molai terjun ning jalur dangdut, tak singkirna. Saka kesadaran kuwé, nyong banting setir maring aliran musik dangdut. Nggatoli aliran musik sing ora popular nang masyarakat,  pada baéné nglakoni tindakan konyol lan tolol. Bab kiyé ora béda kanca-kancané enyong sing awité alergi maring dangdut, akhiré sadar lan kesérét maring musik dangdut. Kuwé sejarahé enyong terjun nang musik dangdut, Mas?” ujar Lina ndadak sesi wawancarané kepedot jalaran arané diundang gonéng pembawa acara kon munggah panggung.

“Tulis sing apik-apik baé ya, Mas Jon?” omongané Lina sadurungé nglangkah tinuju panggung.

“Réquest tembang Kucing Garong tembé baé wisan. Lagu berikuté request saka Kang Fajar Surup, tembang Rindu. Mangga, Mba Rosalina, nyambut gawé!” omongé Um Brindil pimpinan “Grup Dangdut Caraka” sing ngrangkep dadi Tukang Halo-halo alias Komandan Acara.

Ora suwé maning pedangdut Lina ndelak nang ngarep mickrophon. Sonder basa-basi, déwéké nggebér lagu “Rindu”. Mas Jon rikat mbidik aksi géngsot hot Lina karo Fajar Surup uga jakwir-jakwiré.

Kalau hatiku sedang rindu
pada siapa kumengadu
karena hati bertanya slalu
berlinanglah air mataku

Di antara gelegak irama gegap-gempita, Lina berupaya ngurubna suasana liwat gerakan-gerakan dadané. Nalika alunan ritardando atau RIT ngalir, Lina nyedeki para penjogéd karo nyelarasna goyangané. Tontonan mangkina asyik, jalaran dibakar gelinjang-gelinjang liukan awaké Lina sing seronok.

Akan kucari walau kemana
kini aku berkelana
ke ujung dunia akan kucari

Musik dascappo gemladag. Lina ngulang bait awal alias dasegno sekaligus pamér géngsotan cabul. Atmosfer péntas ndadak brubah dadi aura renjana séksual. Mas Jon manjat panggung mbidik aksiné biduan Lina.

Cut sawér brak-bruk saka para penjogéd. Lina éksploitir goyang patah-patah semangkina ndadi-ndadi. Weruh sing kaya kuwé, matané Mas Jon merem-merem. Kiyé pengalaman pertama déwéké nyekséni péntas dangdut. Jebul ora karuan tatané. Mas Jon langsung nyingkir, balik njagong maring demenané. Déwéké isin ndeleng goyang cabul sing diéksploitir sang biduan bareng para penjogédé. Nang jero ati, Mas Jon ékawicara: “Pantes baé, dunia dangdut selawas kiyé olih cap karut-marut tambah runyam jalaran diwarnai goyang liar lan binal. Ora héran anggepan masyarakat maring pesohor dangdut sering dikonotasi wong wadon ora ‘bener’. Mergané akéh pristiwa lan cerita miring tiniba maring para pedangdut.

Sadurungé gérélané olih giliran nyanyi, Mas Jon wanti-wanti.

“Linda…”

“Iya Mas?” semauré Linda.

“Linda mésih demen Mas ora?” omongé Mas Jon.

“Bisané ngomong kaya kuwé sih? Mas Jon sangsi ketulusané Linda? Aja gawé rusia Mas. Selawas kiyé Linda dijak maring endi baé ora pernah nampik. Maksudé Mas Jon apa sih?”

Mas Jon malah digayami. Gérélé durung mudeng apa sing pan diomongna Mas Jon, tapiné wis disentak.

“Kaya kiyé Lin? Aja keburu séwot. Mas Jon pan ngomong, tembé bengi kiyé Mas Jon weruh penampilan biduan Lina, ngisin-ngisini. Goyanané beléh umum, pamér géngsot cabul nang tengah-tengah masyarakat. Mas Jon emoh adong Linda tiru-tiru goyang cabul kaya Lina,” omongé Mas Jon.

“Goyang dangdut ya kaya kuwé owh. Goyangané kudu kaya ondél-ondél, apa kur ngadeg jejeg? Linda ora bisa diatur-atur Mas?”

Jalaran antara Mas Jon karo Linda ora nemu kata sepakat, akhiré percintaané wong loro bubar sauwisé balik maring umahé Linda. Nang ngarep lawang umahé Linds, Mas Jon mujar:

“Molai bengi kiyé, hubungané enyong karo kowen bubar!”

Linda ora omongan sadugel-tugel acan, déwéké langsung mlebu ngumah karo mbanting lawangé kenceng-kenceng! (*)

——
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: Moci
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In