Gara-gara Longsor, Dalan Désa nang Salem Énggal Tugel, Mobil Ora Bisa Lewat - Panturapost.com
Minggu, Juni 4, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Gara-gara Longsor, Dalan Désa nang Salem Énggal Tugel, Mobil Ora Bisa Lewat

_Akibaté rong desa désa sing ana nang Kecamatan Salem keancem keisolasi.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
11 Desember 2021
1 min read
0
Jalan Nyaris Putus Akibat Longsor, 2 Desa di Salem Terancam Terisolasi

Foto: Istimewa

Share on FacebookShare on Twitter

BREBES — Gara-gara kegerus arus kali, dalan antardésa nang Kecamatan Salem, Kabupatén Brebes, enggal tugel gara-gara longsor. Rong désa sing ana nang Kecamatan Salem keancem keisolasi.

Anggota Kodim 0713 Brebes, Serma Wartono ngomong, jalur kiyé yakuwé dalan siji sijiné sing nyambungna antardésa.

“Kondisiné madan nrawasna, soalé tebingé jeroné nganti patang méter. Latané pinggiran dalané uga renteng renteng dadi sapa baé kudu ati ati. Mung motor karo wong mlaku tok,” jaré Wartono, dina Jemuah (10/12/2021).

ADVERTISEMENT

Jaréné, dalan longsor sawisé udan gemerot sing kedadén nang kawasan kuwé pas lagi dina Rebo (8/12/2021). Nggo penyebabé merga Kali Cigunung lubér lan banyuné nggerus nggon ngingsor dalan.

Baca Juga

Saat Emak-emak di Tegal Ikuti Lomba Pemulasaraan Jenazah

Emak-emak nang Balapulang Tegal Pada Melu Lomba Ngurusi Mayit

31 Mei 2023
Lagi-Lagi Meresahkan, 7 Anak Jalanan Diamankan Tim Satpol PP Brebes

Gawé Ringsang, Bocah-bocah Punk nang Brebes Diréok Satpol PP

26 Mei 2023

Akibaté, dalan sing nyambungna antara Désa Ciputih karo Désa Gandoang lan Désa Kadumanis longsor sadawanéng telungpuluh méter. Dalan sing asalé nduwéni amba telung méter, saiki mung ngengah sekitar sa méter.

Sawisé kedadénan kiyé, mobil ora bisa nglinter. Nggo sementara, mung motor lan wong mlaku sing bisa nglinter.

Kegiatané warga uga kehambat. Warga kuwatir nglinter nang dalan kiyé gara-gara kondisi dalan sing bisa diklinteri pada mlekah-mlekah.

“Sabeneré ana dalan liya, tapi kuwé dalan désa. Tapi nggo kegiatan dinanan ngliwati dalan kiyé terus,” imbuhé.

Sementara kuwé, Lurah Gandoang, Warkono ngomong, dalan kuwé rawan tugel kapan terus terusan kegerus banyu kali. Rong désa masing-masing Dusun Tangerang Désa Ciputih lan Désa Gandoang bisa keisolasi kapan dalan kuwé pedot total.

ADVERTISEMENT

Pihaké ya njaluk Pemkab Brebes gagiyan tanggap karo kondisi dalan kiyé. Pasalé dalan kiyé yakuwé dalan utama sing dibutuhna warga.

“Nyong kuwatir pedot. Soalé rong désa pan keisolasi. Ana dalan désa alternatif nang Désa Ciputih hasil TMMD, tapi kondisiné ésih watu lan sirtu. Mukur jaluré luwih adoh soalé muter,” jaré Warkono. (*

 

Disunting: Irsyam Faiz

Tags: longsor di SalemsalemWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Irigasi Mengering, Satu Bulan Lebih Petani Bawang Merah Brebes Terpaksa Airi Lahan Pakai Comberan 
Brebes

Kangelan Banyu, Petani Bawang nang Brebes Kepaksa Nyirami Tanduran Nganggo Banyu Got

3 Juni 2023
Cerita Abas, Petani Asal Desa Karangmangu Jadi Calon Haji Tertua dari Tegal
Warta Ngapak

Critané Abas, Calon Kaji Paling Tua seka Tegal sing Umuré 100 Taun Lewih

31 Mei 2023
Saat Emak-emak di Tegal Ikuti Lomba Pemulasaraan Jenazah
Warta Ngapak

Emak-emak nang Balapulang Tegal Pada Melu Lomba Ngurusi Mayit

31 Mei 2023
Beberapa Pekan Tidak Hujan, Petani di Balapulang Tegal Mulai Gelisah
Warta Ngapak

Wis Suwé Ora Udan, Petani nang Balapulang Tegal Molai pada Bingung

28 Mei 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Umar, Perajin Replika Robot di Tegal Terus Berinovasi, Kini Bikin Becak Robot dari Barang Bekas

  • Cerita Abas, Petani Asal Desa Karangmangu Jadi Calon Haji Tertua dari Tegal

  • Irigasi Mengering, Satu Bulan Lebih Petani Bawang Merah Brebes Terpaksa Airi Lahan Pakai Comberan 

  • Sabet Banyak Penghargaan, Film “Mbutik” Brebes Tayang di CGV Transmart Tegal Mulai 1 Juni 2023

  • Anggota DPRD Zaenal Nurohman Jenguk Cintya Balita Sakit Gizi Buruk

  • Video: Kisah Iman Syaefudin, Warga Tegal yang Sukses dari Jualan Bubur Bayi

  • IKBT-BA Gelar Halal Bihalal, Dihadiri 73 Paguyuban Warga Tegal Lintas Profesi di Jabodetabek

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 56.9k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In