MAS Jon, Darto uga Sidul nyawang Kapér kayong kéder. Awit teka nang Gazébo pinggir umah Mas Jon, ora nyuara babar blas. Embuh kayong kesambet nang endi.
“Énté awit mau ngomongé beka beku. Dongé kesambet nang endi, Pér? Jakwir-jakwir pada gluwéhan, énté kur pésam-pésem. Kenang apa sih?” Darto negur maring Kapér.
Kapér sing diomong maksa baé kangélan nyuara. Beka beku alias rada kangélan mbuka suara.
“Kowen mangan gambir kinang? Ana masalah karo bojo apa pimén?” Sidul nimpali omongané Darto.
Kapér kur pésam-pésem.
“Duwé masalah apa, Pér? Adong bengkerengan terus karo bojo, adoh sing rejekiné, Pér? Bebojoan puluhan taun mustiné wis kenal maring wateké oh. Bojoné kowen ladak, kowen kudu ngalahi. Adong bojo culag, aja nglawongi. Kuwé sing ndadékna bibit-bibit persoalan sing awité cilik dadi gedé. Paribasan wangwa dikipasi ora sipet, malah sebaliké dadi geni gemladag. Apa bener omongané Sidul? Kowen kiyé lagi bengekrengan karo bojo?” ujaré Mas Jon semu nuturi.
Babar blas Kapér ora nyuara. Tibané kur gédég-gédég. Kiyé sing ndadékna jakwir-jakwiré tambah kéder.
Suasana sing awité rahat gonéng gluwéhan, dadi kaku. Biasané gayeng mung jalaran Kapér meneng getem, suasana gendu-gendu rasa dadi kurang sumangat.
Ujug-ujug nang tengah kahanan sepi, Kapér nyemol jajanan bodin sing kesanding nang adepaé. Sauwisé Kapér mangat bodin, ndadak déwéké nyuara.
“Egk… egk… maaf bro. Enyong dudu kesambet. Rumah tanggané enyong ya apik-apik baé. Kowen kabéh péngin ngerti, bisané enyong ndadak beka beku ora bisa nyuara babar blas? Kuwé ana sebabé….” Anjog nang kéné Kapér medot omongan.
“Sih kenangapa?” Sidul mbalang pitakonan. Samana uga Darto.
“Critané, mau awan enyong dijak jakwir pelayaran sing biasa pladangan ngambah luar negeri maning kedai panganan Eropa. Nang kedai kuwé, jakwiré enyong pesen pizza. Cemal-cemol krasa enak, pizza tak pangan kosih seporsi déwék. Akhiré….” Anjog nang kéné, balik maning Kapér ngandeg omongan. Jawané ébén jakwir-jakwir pada takon.
“Akhiré pimén, Pér?” Darto ora sranta mujar pitakonan. Kaya biasané Mas Jon kur ngrungokna gél, anjog endi pungkas omongané Kapér.
“Akhiré… sung! Enyong ora goroh, ndadak nyong ora bisa ngomong nganggo Bahasa Jawa apamaning Tegalan. Ujug-ujug, bahasané enyong metu nganggo bahasa Romawi Kuno! Balik maning bisa ngomong bahasa Tegalan, barang miki mangan bodin! Wkwkwkw…..” penjelasané Kapér, orabada karo nyekakak.
“Sikah!” Wong telu serentak ndelak. Kapér mangkina nyekakak. Akhiré wong papat pada nyekakak kabéh. Kapér ana-ana baé! *(@)*
———-
*Lanang Setiawan*, kolumnis dan novelis penerima Hadiah Sastra “Rancagé” 2011.
Discussion about this post