Gara-gara Rajungan Regané Mlorod, Nelayan nang Brebes pada Nganggur – Panturapost.com
Kamis, Agustus 11, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Gara-gara Rajungan Regané Mlorod, Nelayan nang Brebes pada Nganggur

Sing mauné regané Rp 370 éwu, saiki mung Rp 110 éwu sakiloné.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
2 Juli 2022
1 min read
0
Harga Rajungan Anjlok, Nelayan di Brebes Terpaksa Menganggur

Harga rajungan turun drastis

107
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

BREBES — Rega rajungan nang Kecamatan Losari, Brebes wis rong wulan kepungkur lagi mlorod. Akibaté, puluhan nelayan rajungan nang wilayah Désa Prapag Kidul lan Désa Prapag Lor, Kecamatan Losari Kabupatén Brebes ora mayang alias nganggur.

Jaré tokoh masarakat nelayan kono, Muhaemin Primawan, anjlogé rega rajungan kedadén sajegé wulan puasa wingi. Sadurungé rega daging rajungan karo kualitas standar kuwé tekan Rp 370 éwu per kilogram. Saiki, regané mudun ngantikan Rp 110 éwu per kilogram.

“Angger ndisit rega daging rajungan per kilogram tekan Rp 370 éwu, kuwé karo kualitas standar. Sedengé saiki regané Rp 110 éwu per kg, kuwé uga karo kualitas super,” jaré Muhaemin Primawan, dina Jemuah (1/7/2022).

ADVERTISEMENT

Belih mung daging rajungan sing wis dikupas tok sing mudun. Rega rajungan sing ésih wutuh uga mudun. Yakuwé sing mauné tekan Rp 150 éwu per kilogram, saiki mung Rp 30 éwu per kilogram.

Baca Juga

Deretan Kasus Besar yang Ditangani Ferdy Sambo Saat Menjabat Kapolres Brebes  

Deretan Kasus Besar yang Ditangani Ferdy Sambo Saat Menjabat Kapolres Brebes  

10 Agustus 2022
Nekat Terjun ke Sumur, Pemuda di Bumiayu Akhirnya Selamat

Nekat Terjun ke Sumur, Pemuda di Bumiayu Akhirnya Selamat

9 Agustus 2022

“Gara-gara muduné rega rajungan kiyé, akéh para nelayan sing ora mayang. Hal kiyé merga biaya operasional sing lumayan dhuwur ora sebanding rega rajungan sing regané anjlog,” jaré wong lanang sing uga dadi anggota DPRD Brebes kuwé.

ADVERTISEMENT

Anjloké rega rajungan duwé dampak neng penghasilan para nelayan, karyawan lan tenaga pengupas sing akéh mandeg. Merga kuwé, dhéwéké ngarep-arep pemréntah bisa luruh solusi nggo ngatasi masalah kiyé.

“Rega sing terus anjlog jelas duwé dampak gedhé nggo atusan nelayan utawaha tenaga kupas rajungan. Dhéwék ngarepna pemréntah bisa gagiyan luruh solusi masalah kiyé. Dadiné, para nelayan nang Brebes khususé nang Prapag Kidul lan Prapag lor bisa mayang maning,” pungkasé. (*)

Tags: brebesNelayan BrebesNelayan RajunganRajungan
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Borong Medali di ASEAN Para Games, Banyu dapat Bonus Rp 50 Juta dari Bupati Tegal
Warta Ngapak

Mborong Medali neng ASEAN Para Games, Banyu Olih Bonus Rp 50 Juta seka Bupati Tegal

10 Agustus 2022
Nekat Terjun ke Sumur, Pemuda di Bumiayu Akhirnya Selamat
Warta Ngapak

Gara-gara Sering Dipoyoki Batiré, Bocah nang Bumiayu Nékad Nyemplung Sumur

10 Agustus 2022
Diduga Korsleting, Rumah di Mejasem Tegal Luder Terbakar
Warta Ngapak

Listrik Konslét, Umah nang Mejasem Tegal Entong Prontong Dipangan Geni

9 Agustus 2022
Warga Losari Brebes Gagalkan Aksi Pencurian Motor, Pelaku Dikejar Hingga Tertangkap 
Warta Ngapak

Nang Losari Brebes Ana Maling Motor Dicekel Warga, Tapi Sing Siji Kabur

9 Agustus 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Atifa, Juara Dunia Pencak Silat Asal Tegal Bercita-cita Masuk Korps Wanita Angkatan Laut

  • Deretan Kasus Besar yang Ditangani Ferdy Sambo Saat Menjabat Kapolres Brebes  

  • Trek sing Ngangkut Puluhan Motor Klasik Kobongan nang Tol Kanci-Pejagan, Tunané Atusan Juta

  • Jadi Tersangka Kasus Pembunuhan Brigadir Yosua, Rumah Bripka RR di Keturen Tegal Ditinggalkan Keluarganya

  • Remaja Bumiayu yang Nekat Nyemplung Sumur Mengaku Sering Di-bully Temannya

  • Gara-gara Kepépét Kebutuhan, Wong nang Brebes Kiyé Kolu Ngembat Motoré Batiré Dhéwék

  • Nang Losari Brebes Ana Maling Motor Dicekel Warga, Tapi Sing Siji Kabur

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In