BREBES – Wong-wong nang Kelurahan Limbangan Kecamatan Brebes pada gégér gara-gara ana wong lanang ditemukna ngglétak nang ndhuwur motoré sing ésih nyala, dina Kemis (6/1/2022). Wayah ditemukna, kondisiné korban wis ninggal dunya.
Ora let suwé, Kanit Polsek Brebes Iptu Iwan Sujarwadi teka maring lokasi kedadénan bareng karo anggota lan tim Inafis Polres Brebes nggo ngévakuasi korban.
“Ya pancén bener, kedadénan sekitar jam setengah enem ésuk. Wayah ditemukna, korban ngglétak nang ndhuwur motoré sing ana nang ngarep umah kontrakané,” jaré Iwan Sujarwadi.
Dingerténi, korban arané Kusnan (49) warga Désa Pebatan, Kecamatan Wanasari, Kabupatén Brebes.
“Hasil pemeriksaan tim idéntifikasi lan Bidan Désa, ditemukna obat-obatan nggo lara diabétes, darah tinggi, lan asam urat. Sawisé dhéwék évakuasi selanjuté korban digawa maring rumah sakit nggo dilakoni pemeriksaan luwih lanjut,” pungkasé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post