BREBES – Wong Brebes pada geger gara-gara ana barang sing dikira bom ditemukna nang dalan Gajah Mada, Kelurahan Limbangan Kulon, Kecamatan Brebes dina Kemis (20/2/2020). Barang kuwe, disrogna nang nggon rajeg emperan dealer motor.
Wakapolres Brebes Kompol M. Faisal Perdana ngomongna, pihake olih laporan anane barang sing dinyana bom kuwe seka wong-wong sekitar jam wolu esuk.
“Sawise olih laporan kuwe, polisi langsung nerjunna anggotane. Lah barang wis nang lokasi pancen bener ana barang sing nyurigakna lan kudu ditangani temenanan,” omonge Faisal.
Deweke nuturna, pihake wis kordinasi karo Tim Gegana Brimob Polda Jateng. Nah sakiye, lokasi ketemune barang sing gawe curiga kuwe wis disterilna daning pihak kepolisian.
“Anggo nangani kuwe, polisi langsung kordinasi karo pihak Gegana Brimob. Lah nggo wong-wong supaya aja pada panik,” jarene.
Dibledugna nganti gawe njimprak wong
Polisi sing ana nang lokasi, nyeterilna tempat kuwe nganti radius 200 meter. Eben mengkone pas lagi njinaknane kuwe aman ora nrawasna wong-wong sing nglinter.
Ora suwe Tim Gegana Brimob Pekalongan teka maring lokasi. Ati-ati nemen petugas njinakna barang sing dinyana bom kuwe. Deweke nganggo klambi khusus karo masang alat pemicu. Barang kaya kuwe barang nyurigakna sing disogi deles, kabel terus dibuntel dadi siji karo lakban warna coklat, atane ditambahi kaya jam-jaman, kuwe dibledugna nganti ngetokna suwara aos nemen.
Suwara mleduge sempet nggawe njimprak wong-wong sing lagi pada nglinter nggo motor/mobil nang Jalur Pantura. Sawise dijinakna, ana petugas sing njukut karo ngamana runtukan barang sing dinyana bom kuwe.
Jebule dudu bom
Daning tim Gegana, tutugane digawa maring Pantai Randusanga Indah anggo dijinakna sawutuhe karo dipriksani maning. Bareng dipriksa nemen-nemen, barang sing dinyana bom kuwe jebule mung cor-coran tugelan wesi sing disambung kabel karo kaya jam-jaman.
“Jebule dudu bom, barang kuwe sawise dijinakna jebule mung material tugelan wesi sing dicor karo ditambahi kabel, deles nganti kaya jam-jaman. Dadine nek dideleng kasat mata tah emang memper kaya bom,” omonge Kasubaghumas Polres Brebes Akp Suraedi.
Suraedi ya wanti-wanti maring wong-wong Kabupaten Brebes eben tetep tenang karo tetep ndeleng informasi metung akun resmi media sosial utawaha media sing kredibel. “Nyong wanti-wanti wong-wong eben tetep tenang, aja kepangan ndipus. Kedadenan kiye wis bisa dikendalikna dadine situasi tetep kondusif,” pungkase. (*)
Sing Nyunting: Irsyam Faiz
Discussion about this post