BREBES — Tim Résmob Satréskrim Polrés Brebes akhiré bisa nyekel klompotan garong sing mbobol welasan minimarket nang pirang lokasi sing ana nang Kabupatén/Kota nang Jawa Tengah. Garongé ana telu, yakuwe Suparhan (41) warga Kota Pekalongan, Slamet Susanto (41) warga Kabupatén Pemalang lan Ajung Toni (40) warga Kabupatén Tegal.
Polisi nangkep pelaku nang rong lokasi sing beda, lan dipimpin langsung Kanit I Satréskrim Polrés Brebes Aiptu Titok Ambar Pramono. Ketelu residivis kasus mbobol minimarket kuwé dicekel nang wilayah Jawa Barat lan Jawa Tengah.
Sadurungé dicekel daning Tim Résmob gabungan, klompotan garong ngaksi nang siji minimarket sing ana nang wilayah Kaliérang, Bumiayu. Atusan pak rokok ngantikan kosmetik nang jero minimarket kuwé digawa mlayu.
“Telung pelaku wis dhéwék tahan nang rutan Mapolrés Brebes. Saliyané nang Brebes, pelaku uga ngaksi nang pirang-pirang daerah liyané nang Jateng,” jaré Kapolrés Brebes AKBP Gatot Yulianto, pas lagi konferensi pérs nang latar Mapolrés Brebes, dina Senen (18/10/2020).
Pelaku terpaksa dibedhil kempolé gara-gara nglawan pas pan dicekel. “Ketelune kepaksa diwéin tindakan keukur lan ngarah soalé nglawan pas pan dicekel. Saliyané tempat TKP nang wilayah Brebes, luwihé nang wilayah Kendal, Pekalongan, Pemalang lan Batang total 16 TKP,” jelasé.
Modusé pelaku, dhéwéké nglanjutna, manjing metung aub-aub karo cara nggunting kawat ri lan nugel aub-aub seng. Sawisé bisa manjing, pelaku njukut ana pirang barang kaya rokok, kosmetik lan barang sing ana regané nang etalase toko kuwé.
“Sawisé bisa njukut barang colongan, pelaku-pelaku kiyé mlayu maring Jakarta nggo ngedol hasil barang colongan kuwé,” jelasé.
Hasil colongané didol daning pelaku lan olih duwit kurang luwih Rp 13 juta. “Hasil dodolan kuwé, pada dibagi rata sesuai dodolan hasil colongan,” jelasé.
Polisi uga ngamanna pirang barang bukti. Nang antarané, sa unit mobil sing dienggo pelaku nggo nglancarna aksiné. Tali sing dienggo menek, mang iji HaPé, rong iji kunci lan telung waring nggo nggawa hasil colongané. Merga kelakuané, kabéh pelaku dikenakna Pasal 363 Ayat (1) ke-3, 4 lan 5 KUHP karo anceman kurungan penjara lawasé sangang taun.
Pelaku Ajung Toni nang adepané penyidik ngaku wis nglancarna aksiné seakéh ping welasan. Hasil kejahatan kuwé, dhéwéké bareng karo pelaku liyané ngedol maring Jakarta.
“Barang kaya kuwé, nyong gawa barang hasil colongan lan nyong adol maring Jakarta. Hasilé dhéwék bagi rata baé,” ngakuné Ajung Toni. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post