Genderwo Njaluk Dikawin – Panturapost.com
Rabu, Februari 1, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Genderwo Njaluk Dikawin

Ora béda menungsa, genderwo uga duwé hasrat péngin kawin.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
31 Agustus 2020
3 min read
0
Genderwo Njaluk Dikawin

Ilustrasi Genderuwo, Dok: kanigoro

Share on FacebookShare on Twitter

ORA béda menungsa, genderwo uga duwé hasrat péngin kawin. Bléh tanggung-tanggung, njaluk kawiné karo menungsa. Ajib mbangkana ajib! Genderwo njaluk kawin, opo tumon?

Kiyé pernah kedadén diranapi warga Pedukuhan Karangdawa, Kecamatan Tegal Timur, Kota Tegal. Sebut baé arané Komar. Jon Dapuk tau ngliput bab kuwé nalika gégéran.

Nang bengi kuwé, Jon Dapuk mbabar bab sing nganéh-nganéhi. Jakwir-jakwiré kosih kegugu. Setengah percaya setengah ora. Mangmang tapiné nyata. Apa sing diomong Jon Dapuk, jakwir-jakwiré percaya. Soalé status Jon Dapuk wartawan lan emoh goroh. Kanggo déwéké, goroh sawiji prihal sing ndadékna wong sajagad bléh bakalan ngandel adong mrekéca.

ADVERTISEMENT

Ajarané wong tuwa loroné. Wanti-wanti sajroné déwéké manggon nang alam dunya, poma rong poma aja goroh. Aja ngapusi uga aja nglarani ati. Wong sing dilarani lan sing digorohi, bisa baé nrima. Tapiné Pengéran Allah mboten kerso, tibané apes disangga déwék. Mula kuwé, jakwir-jakwiré ngandel maring critané Jon Dapuk sebab déwéké nyekeli naséhat wong tuwané.

Baca Juga

Warga Gerebek Toko Popok Bayi di Margadana Tegal, Temukan Ribuan Pil Penenang Tanpa Izin Edar

Gara-gara Ngadoli Pil Koplo, Toko Popok Bayi nang Margadana Tegal Digrebek

10 Januari 2023
Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

9 Januari 2023

“Kayong kegugu enyong. Ana genderwo njaluk kawin!” Omongé Sidul.

“Sing gawé nyong éram, njaluk kawiné karo menungsa!” Sambung omongané Kapér.

“Jalan critané kepimén, Jon?” takoné Darto. Kayong ora sabar kepéngin ngerti.

Kaya biasané Jon Dapuk ora sagseg njawabi pitakonané jakwir-jakwiré. Déwéké sekal njukut wédang latané nyuput sasruputan. Bar kuwé nyuled rokok. Kaya biasané tangané Kapér nyomot saeler rokok dékéné Jon Dapuk sing nyanding nang ngarepé.

“Critané kaya kiyé!” omongé Jon Dapuk.

Jakwir-jakwiré pasang kuping. Siap-siap ngrungokna Jon Dapuk mbabar crita. Jaré déwéké, nang bengi kuwé Komar lagi turu angler kambén bojoné. Tapi embuh tekané sing endi, Komar nglilir sebabé mambu tembelék lancung breng-brengan. Penyangkané, bojoné ora adus sadina muput.

Dileng daster bojoné laka kotoran tembelék lancung sing némpél. Tapi éramé mambu breng-brengan ora ilang-ilang. Déwéké penasaran. Sajeroné penasaran, déwéké ngrajug. Jebul sing nggléléng nang jéjéré dudu bojoné, tapiné genderwo sing mangli rupa mémper bojoné.

“Éh… genderwo bisa monglah-manglih, nyrupai menungsa ya Jon?” Kapér kegugu. Éram.

“Kayong mblaéni ya?” sambung Darto.

“Arané baé bangsa alus. Sewayah-wayah monglah-manglih rupa! Wis Jon dilanjut,” omongé Sidul sekaligus mréntah Jon Dapuk nerusna critané.

Jaré Jon Dapuk, sauwisé Komar sadar, dong sing lagi turu dudu bojoné, Komar ndadak culag saporété. Déwéké mamprang-mamprang.

“Bréngsék kowen! Bisané nang kéné, ha?! Pan apa kowén?!” omongé Jon Dapuk nirokna omongané Komar nalika wawancara.

“Enyong péngin dikawin sampéyan!” jawabé genderwo waktu samana.

“Kawin ndasmu pokah!” sentak Komar maring genderwoné.

“Winginané enyong nuruti sampéyan, gelem pindah panggonan. Saiki enyong njaluk dikawin!” jawabé genderwon sing ditirukna daning Komar maring Jon Dapuk.

Jalaran séwot, lanjut critané Jon Dapuk, latané Komar manca mantra. Ujug-ujug genderwoné nangis ngglolo. Ampun-ampunan.

“Saiki bojoné enyong nang endi?” takoné Komar maring ganderwo.

ADVERTISEMENT

“Nang istané enyong.”

“Saiki gawa méné. Gagiyan!”

Kaya trilap genderwo mencirat. Ora suwé bojoné Komar sing mégin turu angler, dibalékna.

“Saterusé pimén Jon?” takoné Sidul.

“Genderwoné ngutir-ngutir, kamigila.”

“Yanu takon Jon,” omongé Darto.

“Iya To. Pimén?”

“Bener genderwo kuwé duwé istana?”

“Sing kasebut istana, ora liya kur witwitan!”

“Ha?!”

Jakwir-jakwiré Jon Dapuk ngrajug.

“Dadi bojoné Komar, persisé didalah nang endi, Jon?” takoné Kapér.

“Bojoné Komar dudu turu angler nang kasur empuk, tapiné ditangsangna nang pang witwitan!”

“Éh.. kayong nrocok ya?” omongé Sidul.

Sepi sakléndaban. Pengangené jakwir-jakwiré Jon Dapuk rasané mblandrang maring endi-endi ora. Tapi ujung-ujungé, penalaran jakwir-jakwiré Jon Dapuk ora nyandak.

“Takon Jon!” ujug-ujug Kapér nyuwara.

“Iya Pér.”

“Bisané genderwo duwé karep péngin dadi bojoné Komar, pimén?”

“Jaré salah siji para normal sing tak jaluki pendapaté. Moniné, makhluk genderwo ya nduwéni nafsu birahi ora béda menungsa. Sedeng menungsa bisa ditemoni karo bangsa alus,  jaré para normalé, ning waktu samana ‘temperatur’ antara menungsa karo bangsa alus, pas lagi klop! Ketambahan genderwo kuwé duwé dendam maring Komar. Akhiré, bojoné Komar didalah nang pang witwitan.”

“Trus njaluk dikawin Komar ya Jon?” sambung omongané Kapér.

“Yaul!”

Wkwkwkwk…. Jakwir-jakwiré Jon Dapuk pada nyekakak. (@)

—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: GenderuwoMocinewsTegal
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In