Gerakan Sastra Tegalan Ora Écék-Écék – Panturapost.com
Minggu, Januari 29, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Gerakan Sastra Tegalan Ora Écék-Écék

 Doktor Maufur orasi budaya mringati “Hari Sastra Tegalan” umuré wis seprapat abad punjul.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
27 November 2020
3 min read
0
Gerakan Sastra Tegalan Ora Écék-Écék

Doktor Maufur lagi orasi budaya.

Share on FacebookShare on Twitter

LAGI tengak-tenguk déwékan nang Pos Ronda, HP-né Mas Jon moni. Agé-agé déwéké mbuka HP. Kesawang nang layar kaca HP-né ana arané Dr. Maufur. Barang HP-né dibuka ana notif WA sing isiné rilis berita tentang déwéké orasi sajeroné mringati “Hari Sastra Tegalan” pas tanggal 26 Nopémber 2020 bengi. Panggonan orasiné Dr. Maufur nang Café “Bin’n” ning dalan Pala Raya Damyak, Komplék éks Perumahan Texin.

Jaré Pak Maufur sing teka ning acara perayaan kuwé, diantarané kritikus Sastra Tegalan, Muarif Esage, Presidén Penyair Tegalan, komponis lagu Tegalan Dhimas Riyanto, uga jurnalis lan penyair Tegalan Endhy Kepanjen lan liyané. Acara kiyé biasa digelar saben tekané tanggal 26 Nopémber pas dina lairé Sastra Tegalan.

“Pak Maufur, bisané sing teka setitik?” takoné Mas Jon nalika maca tulisané liwat WA.

ADVERTISEMENT

“Merga wayahé lagi Covid-19, ora perlu pirang-pirang. Undangan paling terbatas, kanggo para dedengkot Sastrawan Tegalan. Lagian, dudu sitik orané undangan sing diperlukna. Tapi isi orasiné bisa disharé maring jakwir-jakwir sing kerjané ning média cétak utawané média online  pirang-pirang. Liwat média online luwih simpel lan cepet menyebar maring ngendi paran. Sing penting, pritiwané ora goroh.”

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Mengenal Sastra Tegalan hingga Aliran Baru Puisi Tegalerin 2-4-2-4

26 Desember 2022
Sastra Tegalan Warisan Budaya Tak Benda

Sastra Tegalan Warisan Budaya Tak Benda

15 Oktober 2022

Kuwé alesané Dr. Maufur. Dipikir-pikir gonéng Mas Jon, omongané Maufur ana beneré. Luwih-luwih wayahé kiyé lagi Covid-19 dadi kejaba kanggo ngirit cut termasuké ora kakéhen rébyek lan tékték bengék urusan, ana gawé proposal, rapat pirang-pirang rapat, gén ora kebeneran malah dadi ributé. Cukup ulem-ulem segelintir jakwir sing perlu diundang, nganggo étungan detik acara bisa ditapuki sekal kuwé.

Nang orasi sing diomongan Dr. Maufur, jaré déwéké angger gerakan Sastra Tegalan awit taun 1994 kosih taun 2020, umur adegé Sastra Tegalan wis Seprapat Abad Punjul. Kiyé, jaré Maufur dudu gerakan écék-écék tapi beléh péré-péré. Ngelampoi wolung angkatan Sastrawan ning Tingkat Nasional, kabéhané pada gugur. Kur-kuré paling bantér umuré angkatan-angkatan kuwé, 12 taun. Sedeng Sastra Tegalan umur saat kiyé 26 taun alias Seprapat Abad Punjul tetep gemladag sajegé Begawan Tegalan, si Penerima Hadiah Sastra “Rancagé” taun 2011, melopori adage Sastra Tegalan!

Maufur kanda, pengahaman lan pengalaman déwéké ngikuti Musyawarah Nasional Sastrawan Indonesia (MUNSI III) ning Jakarta tanggal 2-5 Nopémber, Sastrawan Tegalan wis pernah nggelar Konggrés Sastra Tegalan I tanggal 26 Nopémber 2019 nang Audiorium Universitas Pancasakti Tegal. Mung ajibé nang tingkat Nasional, nyelenggarakna Musyawarah Sastrawan Nasional malah kaping III tapi durung pernah nggelar Kongrés Sastrawan  Indonesia.

ADVERTISEMENT

“Nang Kota Tegal geliat penggerak bahasa lan Sastra Tegalan mulad-mulad. Buktiné, ning taun 2020 baé buku-buku sing diterbinana ana 50 judul buku luwih. Ragam buku-buku sing diterbina pirang-pirang. Awit para dedengkot Sastrawan Tegalan sing kegabung ning Komunitas Sastrawan Tegalan, akademisi, mahasiswa, pelajar, guru, lan liya-liyané ngramékna jagad Sastra Tegalan,” omongé Maufur nang Orasi Sastra Tegalan, sing tulisan makalahé dishar maring Mas Jon.

Jaré Dr. Maufur, karya Sastra Tegalan ora  kur dibukukna gél, tapi kajian-kajian sing sifaté ilmiah sekandang bentang. Buku-buku antologi Puisi Tegalan sering didadékna bahan skripsi, tésis, uga disertasi daning para mahasiswa saka njaba Kota Tegal. Samana uga sing nelaah isi lan makna cerpén, wangsalan, slogan, crita-crita rakyat, lan syair lagu-lagu Tegalan ora kurang-kurang.

“Sing lagi tak tunggu, kapan basa lan Sastra Tegalan mlebu kurikulum lokal persekolahan? Bab kiyé ngélingi wis suwé dirintis lan dadi rékomendasi Kongrés Basa lan Sastra Tegalan, memenuhi syarat gén diolihna gonéng Pusat Kurikulum Depdikbud, Kanwil Depdikbud Jawa Tegal. Lan uga Balai Bahasa Jawa Tengah ora kurang-kurang ndukung,” lanjut orasiné Dr. Maufur.

Orasi Sastra Tegalan dipungkasi maca puisi kang judul “Tanggal Nemlikur” karya Maufur: //Enyong wis ngukur/yén tanggal nemlikur/kabéh kanca batir/pada bersyukur//Tanggal nang wulan Nopémber/sing dadi tetenger/Sastra Tegalan lair/lan urip anjog dina akhir.sebab dina sing dijaga/nganggo sekuat tenaga/karo pirang-piran pujangga/supaya nduwé rega//Bengi kiyé nang kéné/saka endi-endi baé/pada maca puisi sekarepé/dadi katon rahaté/kabéh sedulur/kudu njunjung duwur/tinggalané para leluhur/sing nduwé nilai luhur//.

Siji puisi Tegalan karya Maufur judulé “Basa Tegal” diwaca déwéké.//Sapa sing ngomong basa Tegal kasar/sapa sing kanda yén ngomong Tegalan kaya wong kesasar/kyéh sampéyan percaya/kuwé iya jaman ndisit/wis mbang kanané kuna lecit/Saiki Tegal duwé basa Sastra//Tapi ya pancén durung patiya ketara/angger wis diwulang ning sekolah/kambén bahasa liya ora kalah/Tegal bahasa ngapak-ngapak/tapi wargané paling kompak/Tambari lan Dwi Ery ora mung kéri, tapi mélu nguri-nguri/Yono Daryono Darbol ora mung dobol, déwéké mélu mbobol/Lanang Setiawan ora bengi ora awan/nggolét cara bén Bahasa Tegal laka lawan/lokén liyané mung meneng/yén Tegal moncér, kabéh mélu seneng/yén Tegal keminclong, kabéh mélu olih jeneng/yuh gén, lakoni bareng-bareng//.

Acara perayaan Hari Sastra Tegalan, bengi kuwé dipungkasi nganggo dedonga bareng-bareng, muji syukur gerakan Sastra Tegalan umuré wis Seprapat Abad Punjul setaun alias 26 taun. (*)

——–
Lanang Setiawan, Penulis uga novelis

Tags: Hari Sastra TegalanSastra Tegalan
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In