BREBES — Tim Résmob Satréskrim Polrés Brebes akhiré bisa nyekel patang garong sing mbedol mesin ATM ndéké Bank Jateng Cabang Pembantu Jatibarang, Brebes. Kepapat pelaku yakuwé Jaélani, Amir, Radi Sabatini, karo Juhanda. Kepapaté dicekel nang Jawa Barat, tapi waktu karo tempaté beda-beda.
“Nganti saiki, wis ana patang pelaku sing diamanna. Pirang pelaku yakuwé résidivis kasus sing pada,” omongé Kapolrés Brebes AKBP Gatot Yulianto pas lagi jumpa pérs nang Mapolrés, dina Kemis, 26 November 2020.
Jaré Gatot, pelaku-pelaku kuwé nduwéni peran dhéwék-dhéwék wayah nglakoni aksiné. Ana sing dadi supir, ngéksekusi, lan ana sing ngurung petugas keamanan neng njero kantor, lan nugel-nugel mesin ATM.
Saliyané ke papat pelaku, Kapolrés nyatakna, tim Résmob lagi nguber rong pelaku liyané sing ésih buron.” Neng aksi nggarong kuwé, total ana wolung tersangka. Sing dhéwék amanna seakéh 4 wong, 2 pelaku liyané diamanna Polda Jabar soalé kasus sing sejen lan loro liyané ésih DPO,” jaré dhéwéké
Seka tangané pelaku kuwé, polisi ngamanna pirang barang bukti. Neng antarané, gejig telu, drei kembang sini, kaset mesin ATM lima, power supply loro lan rekaman CCTV wayah pelaku ngaksi.
Lah nggo duwit neng njero mesin ATM sing di gawa mlayu ke papat pelaku segedhé Rp 179 juta dibagi-bagi sesuai karo porsiné masing-masing pelaku. “Wayah diamankna duwit neng njero mesin ATM keadaané wis kopong. Duwit wis dibagi-bagi,” ungkapé.
Merga kelakuané kuwé, ke papat pelaku dikenakna Pasal 363 Ayat (1) maring 4 lan maring 5 KUHP. Anceman ukumané kurungan penjara sasuwénéng sangang taun.
Sementara kuwé, pelaku sing arané Amir ngaku olih bagian Rp 7,5 juta. Wayah ngaksi, dhéwéké duwé peran nganjatna mesin ATM nggo digawa nggunakna mobil. “Duwité wis entek nggo perlu urip sadina-dina,” ngakuné Amir. (*)
Cek videone lur:
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post