Guci Wis Dibuka, Tapi Sementara Khusus Nggo Wong Kabupaten Tegal – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Guci Wis Dibuka, Tapi Sementara Khusus Nggo Wong Kabupaten Tegal

Sadurunge manjing, wong-wong dicek KTP-ne.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
7 Juli 2020
3 min read
0
Video: Begini Suasana Objek Wisata Guci Saat Hari Pertama Dibuka

Objek Wisata Guci sudah mulai dibuka. (Foto: Bentar)

Share on FacebookShare on Twitter

TEGAL – Sawise ditutup suwe nemen merga ana pandemi Corona utawa COVID-19, dina Minggu (5/7/2020), akhire Objek Wisata (OW) Guci molai dibuka nang masa new normal. Tapi wong-wong sing plesir seka njabaneng Kabupaten Tegal ora olih manjing. Jumlaheng pengunjung nang tanggal 5 Juli nganti 18 Juli ugha diwatesi. Mung diolihna 350 wong sadinane.

Pantauan PanturaPost.com nang lapangan, katon kendaraan wong plesiran seka mobil anjog motor jejer-jejeran nang lawang manjing. Wong-wong sing pada plesir sadurunge manjing dicek KTP, suhu awak lan wajib nganggo masker.

Wong sing pada plesir pan dideleng daning tim gugus tugas sing ana nang pirang titik strategis. Pengunjung uga kudu nganggo masker lan ora olih ngucali. Nang sektor pusat olih-olih, saben bakul diwein jarak lan adang-adang plastik.

ADVERTISEMENT

PLT Kepala Dinas Kepemudaan, Olahraga dan Pariwisata (Disporapar) Kabupaten Tegal, Suharinto, ngomong pemeriksaan KTP maring pengunjung dilakoni nggo mastikna wong sing pada plesir kuwe warga Kabupaten Tegal apa dudu. Angger ana pengujung seka njabaneng Kabupaten Tegal nggo sementara kudu uter balik.

Baca Juga

Warga Gerebek Toko Popok Bayi di Margadana Tegal, Temukan Ribuan Pil Penenang Tanpa Izin Edar

Gara-gara Ngadoli Pil Koplo, Toko Popok Bayi nang Margadana Tegal Digrebek

10 Januari 2023
Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

9 Januari 2023

“Nggo pengujung pan diwatesi nang sadina mung kur 350 wong anjog tanggal 18 Juli 2020. Lah, nek nggo buka operasional dilekasi jam pitu esuk,” jarene.

Wayah nang jero tempat wisata, pengunjung bisa ngenikmati ana pirang wahana lan fasilitas, kecuali pemandian air panas.

Kekait kapan fasilitas pemandian air panas kaya Pancuran 13, Pancuran 5, lan pemandian liyane dibuka, Suharinto esih ngenteni rekomendasi seka Disporapar Provinsi utawa Gugus Tugas Percepatan Penanganan COVID-19 Kabupaten Tegal.

Bupati Tegal Umi Azizah ngomong, esih ana pirang hal sing kudu dipepeki lan didandani maning. Kaya area tempat parkir sing perlu ditertibna maning, lan anane tempat isuh-isuh tangan sing durung rata.

“Angger kabeh sektor wisata Guci kepengin gagiyan buka lan normal maning, kudu didandani maning. Utamane nggo menuhi sarana protokol kesehatan kudu ana kabehane,” jarene.

Jare Umi, saben pengunjung tempat wisata wajib nuruti protokol kesehatan kaya nganggo masker, ngisuhi tangan, lan pemeriksaan suhu awak. Langkah kiye dilakoni eben aja kosih karo dibukane wisata kiye, muncul klaster anyar COVID-19 seka objek wisata guci.

“Tapi angger kedaden klaster anyar, dadine kepaksa nemen pan nutup wisata. Tapine, Angger saben evaluasi hasile apik lan laka tambahan kasus positif COVID-19 seka dibukane objek wisata, dadind mipil jumlaheng pengunjung pan ditambah,” pungkase.

Nang jero OW Guci, wong sing dagang wis lekas mbuka usahane. Uga ana sing esih tutup. Nggo bakul-bakul lemprakan jejer-jejeran rapi sesuai jarak. Nang area parkir, kendaraan motor lan mobil uga ketata sesuai tanda utawa jarak sing wis ditrapna. Penginepan utawa villa uga wis dibuka lan sing pada jaga jejer-jejeran nang ngarep villa nyambi nawani penginepan.

Salah siji satgas nang lapangan lan sekalian Ketua Paguyuban Pedagang nang wilayah Pancuran 13, Ajib utawa sering diundang Aji ngomong, pihake terus ndeleng wong-wong plesir sing teka nang dina pertama.

ADVERTISEMENT

“Esih ana wong plesir sing ngucali masker. Nyong langsung tembung eben dienggo maning. Kabeh kiye demi keamanan lan kenyamanan wong-wong dagang lan wong plesiran liyane, eben laka klaster virus Corona nang wisata Guci. Bakul-bakul wis lekas akeh sing nerapna protokol kesehatan,” tuture maring panturapost, dina Minggu (5/7/2020) .

Padha diomongna sing petugas kesehatan Guci seka Puskesmas Bumijawa Kholik. Dheweke ngomong, pihakane terus siaga nang lapangan ndeleng wisatawan. Angger ana sing lara karo suhu awak dhuwur, langsung digawa maring Puskesmas nggo dicek kesehatane.

Sementara kuwe, salah siji bakul sing dagang olih-olih khas guci Wisma (30) krasa sukur nemen wisata Guci dibuka, akalen awal dibuka esih sepi. “Sawise wisata ditutup lawase patang wulan, dagangane nyong meh kabeh diguwang soale wis ora pantes maning. Dina pertama dhewek adol panganan sing anyar kabeh lan suasana anyar.”

Salah siji pengujung sing arane Banyu Trimulyo seka Dukuh Salam Slawi ngakoni wayah manjing Guci nang gerbang utama, diperiksa identitas KTP-ne, dicek suhu lan wajib nganggo masker. “Dhewek wis lawas nang umah lan ora bisa metu. Pas krungu kabar wisata Guci dibuka, dhewek bareng karo jakwir cacak dolan mene. Sekalian luruh suasana anyar, soale nang umah terus putek.” (*)

Tags: objek wisata guciSlawiTegalwisata
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan
Warta Ngapak

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023
Uji Coba Tilang Elektronik Drone di Kota Tegal: 20 Menit Terbang Temukan Banyak Pelanggaran
Warta Ngapak

Siap-siap, Polisi Pan Ngaburna Drone Nggo Nilang Wong Sing Nglanggar Lalu Lintas

26 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In