Gunakaya Wong Tegal Puisi Tegalan – Panturapost.com
Minggu, Januari 29, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Gunakaya Wong Tegal Puisi Tegalan

Taun 1994 Sastra Tegalan ditemokna daning salah siji seniman Tegal.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
28 Juli 2020
5 min read
0
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Lanang Setiawan.

Share on FacebookShare on Twitter

BUMI Kota Tegal mlarat jiprat. Siji-sijiné gunakaya kur segara. Béda adoh kambén buminé Kabupaten Tegal, gunakaya alam semestané njeprah nang endi paran. Nang kana, alas jatiné nléték, gunung apiné lan gunung gampingé pirang-pirang paribasané nyundul langit. Sedengé pemandangan alamé élok disawang mata. Tempat hér-hérané sumebar gén segarané sedawané pantura. TPI-né ana nang wilayah Kecamatan Suradadi. Tuk banyu mudal belérangé, ana nang obyék wisata Guci sangingsoré bukit-bukit. Waduk kanggo mbanyuni sawah ambané por-poran kasebuté Waduk Cacaban. Letaké nang Kecamatan Kedungbanteng.

Panggonan-panggonan sejarah peninggalan zaman kerajaan pirang-pirang. Keétung awit nang Desa Pesaréan, Kecamatan Adiwerna ana pejaratan Raja Mataram Amangkurat I, pejaratan Pangéran Purbaya uga Hanggawana manggon nang Desa Kalisoka, Kecamatan Dukuhwaru. Kejaba kuwé ana pejaratan Ki Gedé Sebayu nang wilayah Desa Danawarih, Kecamatan Balapulang termasuké pejaratan Mbah Semedo nang Kecamatan Kedungbanteng.

Limang pejaratan sing kasebut nang duwur, sekedar contoh kanggo nyebut akéhé pejaratan wisata reliji nang Kabupaten Tegal. Sedengé nang Kota Tegal bisa dikandakna kur pejaratan Mbah Panggung nang Kelurahan Panggung karo pejaratan Khadad nang Kelurahan Kraton, Kecamatan Tegal Barat.

ADVERTISEMENT

Sing hébat maning lan tembé dibangun magrong-magrong, yakuwé Museum Situs Semedo. Persisé museum kuwé, manggoné nang wilayah Desa Semedo, Kecamatan Kedungbanteng. Museum kuwé isiné éwonan fosil fauna kéwan-kéwan purba, fosil-fosil biota laut jenis moluska kayadéné; kerang, terumbu karang, untu hiu, lan liya-liyané.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Mengenal Sastra Tegalan hingga Aliran Baru Puisi Tegalerin 2-4-2-4

26 Desember 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022

Sedengé temuan sing gawé gégér jagad perpubakalaan, yakuwé sauwisé Pak Dakri, penduduk asli Semedo, nemokna fosil atap tengkorak manusia purba. Temuan kuwé, sawijiné sisa-sisa homo erectus tipik ning zaman Kala Plaestosen Tengah, kira-kirané 0,9 – 0, 25 juta taun kepungkur. Temuan kuwé, ngalahna temuan fosil-fosil pubakala sing ana nang Museum Purbakala Sangiran, Solo.

Nang Kota Tegal, ndelén apa sing ditemokna? Bab kiyé sing lagi dibahas daning jakwir-jakwiré Jon Dapuk, nalika ngumpul nang Pos Ronda. Bengi kiyé!

“Jaré kowen apa Dul?” takoné Darto maring Sidul.

“Kayong kéder,” jawabé Sidul.

“Bisané?”

“Laaahhh… kaé delengen owh? Nang wilayah Pungkuran zaman nyong cilik ana umahé Ibu Kardinah dibongkar. Padahal nilai sejarahé gedé nemen. Cukup didol maring pengusaha lan saikiné njegogrog bangunan mal magrong-magrong. Toli nyong kon ngomong apa, To? Tibané kur kéder. Uwong saiki ora bisa ngregani peradaban sejarah, uteké jan cut kabéh!” jawabé Sidul sing dirasa daning Darto ‘nengkel gulu’. Sing dimaksud ‘nengkel gulu’, kanggoné Darto, gawé bener-bener Darto kalah KO daning Sidul! Sebab apa? Déwéké uga menangi zaman déwéké cilik, weruh umahé Kardinah njegogrog nang kono.

“Jaré énté apa, Pér?” takoné Darto.

“Paling ponggol sétan!” semauré Kapér asal njeplak.

“Sikah! Énté angger nyangkem sakentrang-kentrangé. Dasar wanyad énté!” semprot Darto tapi ya orabada gemuyu ngakak. Sedengé Sidul malah awit rampungé Kapér ngomong wis cekikikan. Kapéré déwék, uga mélu ngakak. Sedengé Jon Dapuk kaya biasané kur pésam-pésem. Péndéké, angger Kapér nyotong gawé jakwir-jakwir waduké kaku.

Ana pirang menit, suasana obrolan digawé rahat. Tembé lereb, nalika Sidul nyuwara.

“Cacak takon maring Jon Dapuk owh? Kira-kira nang Kota Tegal ana temuan anyar apa?” omongé Sidul tinujuné maring Darto.

“Jaré énté pimén, Jon?” Darto akhiré mbalang pitakonan maring Jon Dapuk.

Kaya biasané sadurungé Jon Dapuk njawabi, déwéké nyuled rokok. Kaya biasané tangané Kapér nyomot saeler sigarété Jon Dapuk.

“Jaré enyong, temuan sing ana nang Kota Tegal, wujudé Sastra Tegalan. Kuwé siji-sijiné temuan gunakaya wong Tegal!” ujaré Jon Dapuk sauwisé nyedot rokok telung empotan.

“Bisané Jon?” Sidul nyuwara ndisiti Darto pan nyotong.

“Awit kowen sekolah nang SD kosih sapréné tau krungu ana Sastra Tegalan ora?”

Darto mikir. Jakwir-jakwiré Jon Dapuk uga mikir.

“Laka!” jawab jakwir-jakwiré Jon Dapuk serempak.

“Nah! Taun 1994 Sastra Tegalan ditemokna daning salah siji seniman Tegal. Wujud temuané sajaké Penyair WS. Rendra kang judul “Nyanyian Angsa” dialihwacan maring bahasa Tegal dadi “Tembangan Banyak”. Latané puisi-puisiné Chairil Anwar kayadéné “Aku” dadi “Enyong”, puisi “Doa” dadi “Donga” trus sajak “Isa” dadi “Isa”. Patang puisi kuwé mlebu nang media massa Kontak, terbitan Mimbar Pengajian Seni Budaya Tegal. Saterusé seniman-seniman Tegal uga nerjemahkan puisi-puisi nasional dialihwacan maring bahasa Tegal,” omongé Jon Dapuk ndadékna jakwir-jakwiré olih élmu.

“Dadi sing arané temuan kuwé ora kur jenis fosil-fosil purbakala, Jon?” takoné Sidul.

“Ora Dul. Apa baé sing durung ana latané mawujud, kuwé sing diarani temuan anyar.”

“Bisa dikandakna temuan anyar kuwé, gunakaya ya Jon?” takoné Kapér.

“Ora salah Pér.”

“Dengarén waktu malem pitulasan nang lingkungan RW-né yanu, bocah-bocah enom pada maca Puisi Tegalan. Jebulé kuwé sing diarani temuan anyar seniman Tegal?” omongé Darto.
“Bener To. Malah saiki ana temuan anyar maning….” Kaya biasané, anjog nang kéné Jon Dapuk medot omongan. Maksudé nggo mancing ébén jakwir-jakwiré pada mbalang pitakonan.

ADVERTISEMENT

“Temuan apa maning, Jon?” Kapér ndingini jakwir-jakwiré ngomong.

“Puisi péndék kang aran Kur 267 kambén Wangsi. Temuan anyar kiyé tetep bahasané nganggo Tegalan, kelebuné pengembangan saka puisi-puisi terjemahan Tegalan,” jawabé Jon Dapuk.

“Kur 267 karo Wangsi kuwé pola tuangé kepimén sih?” Kapér nyecer pitakonan. Maklum, zaman Kapér seekolah nang SD sokan gawé puisi.

“Pola tuangé Kur 267 dibatesi jumlah suku katané. Baris pertama, rong suku kata ngandung pengertian kata sifat utawané kata keadaan. Baris keloro, wujud kalimat sing nggambarna pristiwa dasaré suku kata baris pertama. Sedengé baris ketelu, wujud kalimaté sebab-akibat sing hubungané karo baris pertama lan keloro. Kuwé sing diarani Kur 267 diwaca Kur Loro-Enem-Pitu.”

“Trus sing diarani Wangsi, pola tuangé pimén Jon?” Kapér mégin mborong pitakonan. Sedeng jakwir-jakwiré kur pada meneng. Jenjem ngrungokna obrolan antara Kapér karo Jon Dapuk.

“Sing diarani puisi péndék Wangsi, gabungan antara Wangsalan kambén puisi modéren. Pola tuangé, baris pertama Wangsalan rong baris. Baris selanjuté Puisi sing nerangna Wangsalan pertama. Selanjuté Wangsalan keloro dilanjutna Puisi sebagé penutup karya puisi péndék Wangsi. Péndéké, adong gawé Wangsi antara Wangsalan karo Puisiné kudu ana sambung rapeté,” omongé Jon Dapuk.

“Brarti seniman-seniman Tegal hébat ya, Jon?” takoné Sidul.

Jon Dapuk mantuk.

“Ngomong-ngomong, temuan-temuan kuwé kapan, Jon?” takoné Darto.

“Aliran anyar Sastra Tegalan kasebut Wangsi, ditemukna ning tanggal 26 April 2019. Sedengé puisi péndék kasebuté Kur 267 ditemokna awal wulan Januari 2020.”

Olih jawaban kaya kuwé, Darto manggut-manggut.

“Kuwé ana bukuné, Jon?” Sidul sing awité kur meneng, akhiré mbalang pitakonan.

“Ana! Kowen bisa maca buku kumpulan Wangsi kang judul “Ngopéni Tradisi Nganyam Puisi” terbitan taun 2019, trus kang judul “Pada Baé Asuné” terbitan. Buku loro kuwé terbitan Komunitas Sastrawan Tegalan. Buku sing ketelu, judulé “Mengikat Tradisi Menguntai Puisi” terbitan Balai Bahasa Jawa Tengah, taun 2020. Sedengé buku kumpulan Kur 267 ana nang antologi “Kur 267 Puisi Péndék Tegal” taun 2020, “Kasmaran Kur 267 Ayat Pujangga” karyané Ria Candra Dewi nganggoné telung bahasa; Tegalan – Indonesia – Inggris. Sedeng sing nganggo telung bahasa liyané maning yakuwé; Tegalan – Indonesia – Jerman judulé “Layang-layang Stern”. Saterusé antologi Kur 267 judul “Kota Beton” lan sing paling bud-budan antologi Kur 267 judulé “Abad Pesugihan”. Kabéh kuwé terbitan Komunitas Sastrawan Tegalan.

Nah! Kanggo buku pertama, yakuwé puisi terjemahan kang judul; “Roa, Kumpulan Sajak Penyair Indonesia Terjemahan Tegalan” terbitan Mimbar Pengajian Seni Budaya Tegal taun 1994, kowen kabéh bisa maca lan ngarti sapa penemu gunakaya Tegal kang wujudé Sastra Tegalan!” Jon Dapuk sadawan-dawan.

Jakwir-jakwiré Jon Dapuk pada mantuk-mantuk. Bengi kiyé bener-bener olih tambahan élmu maning sing ora baén-baén!

“Okém Jon! Gunakaya wong Tegal kiyé, kudu diselametna kosih anak putu. Aja kosih punah!” delak omongané Darto méin semangat maring jakwir-jakwiré.

“Siap To!” delak Sidul.

“Sampé getih abangé nyong entong, gunakaya Sastra Tegalan kiyé, bakal tak viralna maring seambané jagad!” semauré Kapér mulad-mulad. Sedeng tangané ninju awang-awang, persis kaya penyair lagi maca puisi.

Jakwir-jakwiré nyawang aksiné Kapér keprok! (@)

—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: MociSastra Tegalan
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In