Héboh, Ana Mobil Tanki BBM Konangan Lagi ‘Nguyuh’ nang Pinggir Dalan – Panturapost.com
Rabu, Agustus 17, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Héboh, Ana Mobil Tanki BBM Konangan Lagi ‘Nguyuh’ nang Pinggir Dalan

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
4 November 2021
2 min read
0
Viral, Truk Tanki BBM Kencing di Jalan Wilayah Kabupaten Batang
105
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

BATANG — Nang Wilayah Warungasem, Kabupatén Batang ana mobil tanki Bahan Bakar Minyak (BBM) konangan lagi nguyuh nang pinggir dalan. Kedadénan kuwé ya héboh, soalé kerékam vidio lan nyebar nang média sosial.

Neng njero vidio sing durasiné kurang luwih sa menit kuwé, ngatokna mobil tanki sing lagi mandeg nang pinggir dalan. Nang mburi mobil tanki BBM sing plat nomeré  G 1927 DE kuwé uga ana mobil mandeg warnanan putih sing neng njeroné ana pirang-pirang drigén.

Neng njero vidio kuwé uga ngatokna oknum awak mobil tanki (AMT) lan kartu tanda penduduk (KTP) ndéké sing nampa BBM atas aran Witomo.

ADVERTISEMENT

Area Manager Communication, Relations & CSR Regional Jawa Bagian Tengah, PT Pertamina Pagra Niaga Sub Holding Commercial & Trading PT Pertamina (Persero), Brasto Galih Nugroho wayah dibéll daning PanturaPost.com, dina Slasa (2/11/2021) ngiyakna anané vidio sing héboh kuwé. Jaréné, vidio kuwé dijukut pas lagi dina Saptu (16/10/2021) soré.

Baca Juga

Tak Jadi Dipindah, Pasar Malam HUT RI Tetap Digelar di Kompleks GOR Brebes

Ora Sida Dipindah, Pasar Malem Agustusan Tetep nang Kompléks GOR Brebes

6 Agustus 2022
Polisi Bulakamba Brebes Bekuk Pelaku Penggelapan Sepeda Motor 

Gara-gara Kepépét Kebutuhan, Wong nang Brebes Kiyé Kolu Ngembat Motoré Batiré Dhéwék

6 Agustus 2022

“Apa sing dilakoni AMT utawa awak mobil tanki sing kerékam neng njero vidio kuwé yakuwé pelanggaran berat. Dhéwék wis nginvéstigasi lan ora ngolihna oknum kuwé nggo nyambut gawé nang lingkungané dhéwék,” jaréné.

Brasto negasna ari pihaké terusan nglakoni digitalisasi, neng produksi pengiriman utawané konsumsi BBM. Dhéwéké uga terusan nyocogna BBM sing dikirim karo ketersediaan stok BBM nang masing — masing SPBU.

“Dhéwék terusan koordinasi karo pihak kepolisian, kekait penyalahgunaan lan penimbunan BBM. Contoné kaya karo sing wis dirilis Ditpolair nang Tegal, neng tanggal 7 Oktober 2021 nang Tegal. lan sapa baé sing ngarti anané penyimpangan lan penimbunan BBM bisa nglapor maring kepolisian paling perek utawa pertamina”.

Sementara kuwé, Kapolres Batang, AKBP Irwan Susanto ngomong, pihaké pan nglakoni penyelidikan awal kekait vidio sing isiné mobil tanki BBM sing nguyuh nang pinggir dalan lan nyebar nang média sosial.

“Nah kuwé dhéwék ésih mudhuna anggota seka polsek utawané reskrim nggo ngarti saluguné kayang apa,” jaréné.

Senajan ngomong durung ngarti saluguné, Irwan negasna, anggotané wis nglakoni kegiatan nang lapangan, tapi dhéwéké durung olih laporan. Iya mung negasna pan nindaklanjuti anané vidio sing héboh kuwé.

ADVERTISEMENT

“Tentuné kegiatan awal seka kepolisian dhéwék nylidiki latané nginggeng lan ngecék kebenerané mobil kuwé sing héboh viral nang médsos,” jelasé. (*)

 

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: BatangPertaminaTruk Tanki PertaminaWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Bupati Pemalang Dicekel KPK, Wis Poma Rong Poma Aja Ana Maning Adol Tuku Jabatan
Warta Ngapak

Bupati Pemalang Dicekel KPK, Wis Poma Rong Poma Aja Ana Maning Adol Tuku Jabatan

16 Agustus 2022
Mitos Mandi di Pancuran 13 Guci pada Malam Jumat Kliwon Bisa Awet Muda
Warta Ngapak

Angger Malem Jemuah Kliwon, Adus nang Pancuran 13 Guci Jaré Bisa Nggawé Awet Enom?

14 Agustus 2022
Pemkab Brebes Gelontorkan Anggaran Rp 15 M pada Tahun 2023 untuk Pemilu Serentak 2024
Warta Ngapak

Pemkab Brebes Nyiapna Anggaran Rp 15 Miliar nang Tahun 2023 Nggo Pemilu Taun 2024

13 Agustus 2022
6 Rumah di Slawi Terbakar Diduga karena Arus Pendek
Warta Ngapak

Enem Umah nang Tegal Entong Kobongan Gara-Gara Listrik Kongslet

13 Agustus 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Critané Sambo Wektu Dadi Kapolres Brebes, Dikenalé Apik Maring Kabéh Kalangan

  • Dadi Tersangka Kasus Maténi Brigadir Yosua, Kiyé Kondisi Umahé Bripka RR nang Keturen Tegal

  • Deretan Kasus Besar yang Ditangani Ferdy Sambo Saat Menjabat Kapolres Brebes  

  • Jadi Tersangka Kasus Pembunuhan Brigadir Yosua, Rumah Bripka RR di Keturen Tegal Ditinggalkan Keluarganya

  • Gara-gara Sering Dipoyoki Batiré, Bocah nang Bumiayu Nékad Nyemplung Sumur

  • Nang Losari Brebes Ana Maling Motor Dicekel Warga, Tapi Sing Siji Kabur

  • Remaja Bumiayu yang Nekat Nyemplung Sumur Mengaku Sering Di-bully Temannya

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In