JAKARTA – Indonesia akhiré ora kena ukuman daning Federasi Sepak Bola Internasional (FIFA) merga Tragedi Kanjuruhan winginané.
Informasi kuwé diumumna daning Presidén Joko Widodo (Jokowi) dina Jemuah (7/10/2022). Jaré Jokowi, keputusan kuwé sawisé dhéwéké ngobrol karo Presidén FIFA, Gianni Infantino, winginané.
“Nyong wis nampa surat seka FIFA. Kiyé yakuwé tindak lanjut seka obrolané nyong karo Presiden FIFA. Berdasarna surat kuwé, alhamdulillah bal-balan Indonesia ora kena ukuman daning FIFA,” jaré Jokowi neng keterangané.
Jokowi nyampékna, merga tragédi nang Kanjuruhan, FIFA bareng karo pemerintah Indonesia pan mbentuk tim transformasi bal-balan Indonesia. Selama prosés-prosés kuwé, FIFA pan ngantor nang Indonesia.
Saliyané kuwé, jaré Jokowi, pan dilakokna 5 langkah kolaborasi antara FIFA, AFC, lan pemerintah Indonesia. Yakuwé nggo:
1. Mbangun standar keamanan stadion nang Indonesia.
2. Formulasikna standar protokol keamanan sing dilakoni aparat kepolisian berdasarna standar keamanan internasional.
3. Bareng-bareng nglakokna sosialisasi lan rembugan karo klub-klub nang Indonesia. Termasuk karo perwakilan suporter nggo olihna saran lan masukan karo komitmen bareng-bareng.
4. Merhatikna pengaturan jadwal pertandingan sing merhitungna poténsi-poténsi resiko sing ana.
5. Terakhir pan ana pendampingan para ahli neng bidangé.
“Presiden FIFA pan teka maring Indonesia neng wulan Oktober/November nggo rembugan karo pemerintah,” pungkasé Jokowi. (*)
Discussion about this post