Jabatané Wis Rampung, Bupati lan Wakil Bupati Brebes pada Boyongan - Panturapost.com
Selasa, Juni 6, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Jabatané Wis Rampung, Bupati lan Wakil Bupati Brebes pada Boyongan

Idza mlaku seka pendopo maring umahé, angger narjo dibopong numpak grobag

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
3 Desember 2022
3 min read
0
Jabatan Berakhir, Bupati Idza Boyongan Jalan Kaki Tinggalkan Pendopo Kanjengan ke Rumah Pribadi

Foto : Bupati dan keluarga melakukan boyongan dari Pendopo Kanjengan menuju rumah pribadinya di Jalan MT. Haryono Saditan RT 03 RW 04 Brebes, Jumat 2 Desember 2022. (Foto: Fajar Eko Nugroho/PanturaPost.com)

Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT
ADVERTISEMENT

Baca Juga

Saat Emak-emak di Tegal Ikuti Lomba Pemulasaraan Jenazah

Emak-emak nang Balapulang Tegal Pada Melu Lomba Ngurusi Mayit

31 Mei 2023
Lagi-Lagi Meresahkan, 7 Anak Jalanan Diamankan Tim Satpol PP Brebes

Gawé Ringsang, Bocah-bocah Punk nang Brebes Diréok Satpol PP

26 Mei 2023

BREBES – Masa jabatané Bupati Brebes Idza Priyanti lan Wakil Bupati Narjo resmi pan rampung dina Ahad 4 Desember 2022. Bupati lan kluwargané wis pada boyongan seka Pendopo Kanjengan maring umah pribadiné nang Jalan MT. Haryono Saditan RT 03 RW 04 Brebes, dina Jemuah (2/12/2022).

Bupati Idza lan bojoné, Warsidin, karo anaké metu seka pendopo nggawa klasa lan bantal nggo simbolis prosési boyongan. Ibuné Idza Priyanti, Rohkayah lan kakangé, Ikmal Jaya uga mélu njujugna Idza seka pendopo nuju maring umah pribadiné.

Sadurungé boyongan, Bupati nglakokna ana pirang prosési. Neng antarané, pamitan lan ndonga bareng-bareng neng kamar Ki Jaka Poleng. Saliyané kuwé, Bupati lan kluwargané uga di adzan lan qomat sadurungé ninggalna Pendopo Kanjengan.

Bupati bareng karo kluwargané mlaku seka Pendopo Kanjengan maring umah pribadiné. Ana pirang pejabat neng lingkungan Pemkab Brebes mélu njujugna Idza wayah boyongan.

“Selama sepuluh taun nyong njabat dadi Bupati, mesthi ana luputé maring masarakat. Mulané nyong lan kluwarga njaluk pangampura sing segedhé-gedhéné,” jaré Idza.

Idza ngarepna marinf pelaksana jabatan (Pj) Bupati Brebes bisa nglanjutna program sing wis jalan. Termasuk nggo ndorong ngentasna kemiskinan ékstrem. Karo ningkatna Indéks Pembangunan Manusia (IPM).

“Mesthiné ésih akéh PR sing nyong durung rampungna, terutama kemiskinan ekstrem. Nyong ngarepna Pj Bupati bisa ndorong program nggo ngentasna kemiskinan ékstrem,” jelasé.

Wektu boyongan, Bupati bareng karo kluwargané mlaku maring umahé seadoh sekitar 1,5 kilométer karo dikancani grimis. Seanjogé nang umah pribadiné, Bupati lan kluwargané disambut daning warga masarakat sing wis pada ngenténi.

*Wakil Bupati Brebes Narjo boyongan numpak grobag*

Sementara kuwé, Wakil Bupati Brebes Narjo karo kluwargané boyongan seka umah dinasé nang Jalan Cendana No 1 Kelurahan Brebes, Kecamatan Brebes, dina Jemuah (2/12/2022).

Bareng karo bojoné, Narjo numpak grobag nggo ninggalna umah dinas sing dipanggoni dhéwéké selama sa dekade maring umahé sing ana nang Désa Sutamaja, Kecamatan Kersana.

Éwuan warga masarakat katon wis pada kumpul nang umah dinas wakil bupati sajegé jam setengah rolas awan.

Wakil Bupati Brebes Narjo ngucapna maturnuwun maring kabéh masarakat Brebes sing wis awéh kepercayaan maring dhéwéké nggo mimpin Brebes dadi wakil bupati.

“Yén selama nyong mimpin Brebes bareng karo Ibu Bupati ana luputé, tulung diampura,” jaré Narjo.

Wektu boyongan, Narjo bareng karo bojoné numpak grobag sing dibopong daning masarakat. Molai seka umah dinas maring alun-alun Brebes.

Sekda Brebes Djoko Gunawan ngomong, senajan gari rong dina maning, nganti saiki durung ana rékoméndasi sosok sing pan dadi Pj. Bupati Brebes.

“Nyong selaku sing dituakna neng birokrasi kiyé, pan maksimalna pelayanan maring masarakat,” jaré Djoko Gunawan.

Dingerténi, masa jabatané Bupati Idza Priyanti lan Wakilé, Narjo pan rampung neng tanggal 4 Desember ngésuk. Pemimpin daérah kiyé wis njabat selama rong périodé utawa selama 10 taun. Périodé pertama neng 2012-2017 lan périodé keloro neng 2017-2022.

Tags: Bupati BrebesIdza PriyantiNarjoWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Respon Cepat Aduan Masyarakat Brebes, Nomor HP Bhabinkamtibmas Kapolsek hingga Kapolres Disebar 
Brebes

Respon Cepat Aduan Masyarakat Brebes, Nomor HP Bhabinkamtibmas Kapolsek hingga Kapolres Disebar 

5 Juni 2023
Gelombang Pertama Pendaftaran, IBN Tegal Kantongi 132 Calon Mahasiswa Baru
Daerah

Gelombang Pertama Pendaftaran, IBN Tegal Kantongi 132 Calon Mahasiswa Baru

5 Juni 2023
Mampir ke Tegal Kulineran, SBY: Saya Suka Sate Kambing Muda 
Warta Ngapak

Mampir maring Tegal, SBY: Sate Wedhus Tegal Enak Nemen

5 Juni 2023
Memasuki Masa Purna Bhakti, Kapolsek Talang Mendapatkan Kenaikan Pangkat
Daerah

Memasuki Masa Purna Bhakti, Kapolsek Talang Mendapatkan Kenaikan Pangkat

5 Juni 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Mampir ke Tegal Kulineran, SBY: Saya Suka Sate Kambing Muda 

  • Kabar Duka, Seorang Calon Haji Asal Brebes Meninggal Dunia di Madinah

  • Cerita Abas, Petani Asal Desa Karangmangu Jadi Calon Haji Tertua dari Tegal

  • Irigasi Mengering, Satu Bulan Lebih Petani Bawang Merah Brebes Terpaksa Airi Lahan Pakai Comberan 

  • Warung Sate Cempe ECO Hadir di Tirus Tegal, Tawarkan Daging Kambing Usia di Bawah 6 Bulan

  • Sabet Banyak Penghargaan, Film “Mbutik” Brebes Tayang di CGV Transmart Tegal Mulai 1 Juni 2023

  • Video: Kisah Iman Syaefudin, Warga Tegal yang Sukses dari Jualan Bubur Bayi

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 57k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In