TEGAL — Arus lalu lintas seka arah Tegal nuju maring Bumiayu Brebes lumpuh gara-gara Undespass Pesurupan, Désa Prupuk Utara, Kabupatén Tegal, keleban banjir, dina Saptu (4/12/2021). Akibaté kendaraan seka arah Tegal utawa sawaliké macet.
Salah siji supir trek, Beni (57) ngomong dhéwéké mangkat seka Cirebon, Jawa Barat nggo ngirim pakan ayam maring Kebumen. Tapi anjog Underpass Margasari banjir mugané ora bisa nutugna perjalanan.
“Nyong kejebak banjir sajegé jam enem ésuk. Nyong ngenténi banyu kisat soalé angger nglalu liwat wedi kendaraané mogok,” jaréné.
Dalan utama Tegal — Purwokerto, tepaté nang Underpass Pesurupan Prupuk Lor, Kecamatan Margasari pancén kerep keleban banjir wayah mangsa rendheng. Mugané sokan nggawé arus lalu lintas lumpuh.
“Pancén wis biasa banjir. Nyong belih ngarti, apa pembuangan banyuné ora lancar apa pimén?” ungkapé.
Nggo ngatasi banjir kuwé, Badan Penanggulangan Bencana Daérah (BPBD) bareng karo personil damkar ngerahna rong unit trek tanki nggo nyedot banyu lan ngguwang maring kali.
“Disedoté mau molai jam sepuluh awan lan saiki mipil kisat. Kendaraan uga wis bisa nglinter,” jaré Imam, rélawan BPBD Kabupatén Tegal. (*)
Discussion about this post