Sabtu, Januari 16, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Jaman Jaga Jarak, Bocah Sekolah Ndekem nang Umah

Wis pan setahun, sekolahan tutup laka sing buka.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2020/12/03 10:11pm
3 min read
0

Ilustrasi sekolah virtual. (Foto: Dok. Humas Pemprov Jateng)

49
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

MANDENG bocah-bocah pada ngémprak nang tritisan umah, atiné Mas Jon ngenes. Wis pan setahun, sekolahan tutup laka sing buka. Guruné dituntut ngikuti trén aplikasi téknologi sing pan digunakna kanggo pembelajaran maring murid-muridé kayadéné liwat WhatsApp, google classroom, zoom, lan google form.

Wis rong semester bocah-bocah ngikuti pelajaran sekolah nganggoné daring. Durung mrenahi adu rai karo guruné. Ndéan baé guruné pangling karo muridé dong papagan ning dalan jalaran suwéné ora tuktak!

Sing arané bocah sekolah, ora tau tuktak karo guruné gén beléh nulis nang buku, cukup nulis nang HP kepandeng wagu mbangkana-kana wagu. Kiyé jaman aplikasi, jaman jaga jarak gara-gara jagadé diobat-abitna pageblug Covid-19. Embuh pan sampé kapan pungkas pageblug sing ora sebaéné kiyé.

“Dongé lerebé pageblug corona pan nganti kapan, Jon? Bocahé enyong kur dolanan HP. Tak laruhi moniné lagi ulangan. Tibané, nyong kur ngelus dada,” omongé Kapér nalika jakwir-jakwir ngendon nang Pos Ronda bareng Mas Jon.

Baca Juga

Warta Lelayu Ésuk Uput-uput

Warta Lelayu Ésuk Uput-uput

15 Januari 2021
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Kisah Ngenes Pundén Desa Cangkring

13 Januari 2021
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Aja Ngomong Dlawéran Mundak Kedadén

12 Januari 2021
Adegé Wilayah Slawi Ana Pirang-pirang Vérsi

Adegé Wilayah Slawi Ana Pirang-pirang Vérsi

11 Januari 2021

“Ulangan kayong laka pedoté. Saben tak laruhi jawabé bocah yakuwé, moniné lagi ulangan,” ujaré Sidul.

“Alaaa…. ngurusi corona kayong ora pragat-pragat. Saiki nék ana wong mriyang melasi laka sing tilik. Isuné ketémper corona. Amak-awak corona, sawa-sawa kopat-kapit!” gerutu Darto. Sing dimaksud tembung séngso “Kopat-kapit” ora liya “Covid19”.

“Ndelén Jon, jaré kowen masalah kiyé pibé? Wong cilik pada kéder ngadepi jaman ora genah,” Sidul mujar pitakonan.

Kaya biasané sadurungé Mas Jon njawabi, tangané ngranggéh inungan téh poci, latané nyumed sigarét. Kaya biasané tangan Kapér langgan lawas ndudut rokok saeler dékéné Mas Jon.

“Sing lagi tak pikirna dudu wabahé, tapiné kapan pemerintah sag-seg nangani Covid-19. Wis setaun punjul korbané ora baén-baén, masa ora jégod nangani? Bocah sekolah wis ora mlebu kelas, guruné ora mulang. Jutaan gedong sekolah awit saka TK, Paud, SLT, SLTA kosih tekan mahasiswa, nganggur jegur. Suwé-suwé rusak lan suwé-suwé ambruk….” Tembé bengi kiyé Mas Jon angél jawabé. Ora béda karo jakwir-jakwiré, tibané ngedumel.

“Saiki ruangan sekolahé nggo gantian sekolah para demit, Jon! Tibané mangkat sekolah, bocah-bocahé pada kesurupan!” omongé Kapér asal njeplak.

“Sikah! Énté nék ngomong gejar-jegur ya Pér?” senggak Darto.

“Képrét baé To. Wis bet, ja su!” sambung omongané Sidul karo nyekakak. Sing dimaksud tembung “Ja Su” ora liya penggalan saka tembu “Aja Kesuwén”.

“Képrét ndasmu pokah!” delak Kapér. Orabada nyekakak.

“Tapi… tak pikir-pikir ana beneré omongané Kapér ya, Jon? Masalahé, umah suwung bé sokan dileboni bangsa alus gén sering ngatoni. Hi…!!” Darto sengaja medén-medéni Kapér. Kebeneran baé, bengi kiyé malem Jemuah Kliwon.

“Ish… aja kaya kuwé owh To. Saiki malem Jemuah Kliwon!” Karo ngomong kaya kuwé, rainé Kapér ndadak pucet. Gitoké mrinding, wuluné pada ngadeg. Njagoné ndadak ngesol maring Darto.

Weruh ulahé Kapér, Sidul nyekakak. Mas Jon kur pringas-pringis. Di antara jakwir-jakwiré sing paling wedinan mung Kapér. Pernah sawijiné bengi déwéké mlaku liwat kebon, ana ayang-ayang godong gedang mentul-mentul dikirané sétan, Kapér langsung mlayu sipat kuping ora wani balik ngumah. Sedawané bengi, déwéké mbatiri wong ronda sing lagi tugas.

“Wis yuh To, balik? Jam-é wis momod. Masalah Covid-19 bén wong nduwuran sing mikir. Rakyat bleketiran kon mikir, ndasé bisa pecah owh. Golét pangan nggo ngésuk bé embuh maring endi, mikir corona segala. Wis yuh To? Aja kesuwén balik! Malem Jemuah Kliwon pisan, aja bengi-bengi mbokan diadang Memedi Gedé Duwur, cilaka mentir!” omongé Sidul tujuané medéni Kapér.

“Siap Dul. Baliké mlencar, kayangapa rasané Kapér papagan karo Memedi Gedé Duwur, bén semaput ning tengah dalan sisan!” semauré Darto ora kalah nggo medén-medéni wedi Kapér.

“Aja kaya kuwé owh… Nyong wedi To! Tulung, nyong dianter kosih tekan umah….”

Krungu omongané Kapér pan nangis, jakwir-jakwiré nyekakak saporété. Kegugu mbangkana-kana kegugu! (*)

——–
Lanang Setiawan, Penulis uga novelis.

Tags: MociSekolah
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Warta Lelayu Ésuk Uput-uput
Moci

Warta Lelayu Ésuk Uput-uput

15 Januari 2021
Asal Mula Bandasantri Dadi Bandasari
Moci

Asal Mula Bandasantri Dadi Bandasari

14 Januari 2021
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel
Moci

Kisah Ngenes Pundén Desa Cangkring

13 Januari 2021
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel
Moci

Aja Ngomong Dlawéran Mundak Kedadén

12 Januari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Ora Kuwat Nyalip, Bis Sudiro Tungga Jaya Nyrudug Adang-adang Dalan Nang Tol Pejagan-Pemalang

  • Debit Air Sungai Sentuh Level Merah, Jembatan Pemali di Jalur Pantura Ditutup Sementara 

  • Tanpa Pamit Keluarga, Pemuda Asal Musi Banyuasin Mendaftar Persekat Academy hingga Dikabarkan Hilang

  • Melas Nemen! Bar Niliki Emané nang Tegal, Widia Numpak Sriwijaya Air sing Tiba nang Laut

  • Video: Melihat Wajah Baru Alun-alun Kota Tegal dari Udara

  • Guru Honorer di Atas Usia 35 Tahun Diusulkan Jadi PNS Tanpa Tes

  • Tabrak Pembatas Jalan, Bus Sudiro Tungga Jaya Melintang di Tol Pejagan-Pemalang

MEDIA SOSIAL

  • 121.4k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 45.8k Subscribers
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Iklan Baris

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Sejarah
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Advetorial

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X