KOTA TEGAL — Kepala Dinas Sosial Kota Tegal Bajari ngomong, Wakil Wali Kota Muhamad Jumadi, babar blas ora nampa bantuan sosial (Bansos). Pernyataan kuwé nyusul manjingé aran Jumadi neng Data Terpadu Kesejahteraan Sosial (DTKS) 2020 sing nggawé gégér wong-wong akhir-akhir kiyé.
Bajari ngomong hal kuwé merga hasil koordinasi lan klarifikasi bansos antara Dinsos Kota Tegal lan Pusat Data Dan Informasi Kementerian Sosial Republik Indonesia.
“Pak Muhamad Jumadi babar blas ora nampa bansos, dadiné negara ora tuna. Latané dhéwék nindaklanjuti karo gagiyan ngunggah surat pengesahan Wali Kota Tegal merga vérifikasi keora layakan bansos kuwé,” omongé Bajari, neng siaran pérs sing ditampa daning PanturaPost, dina Kemis (24/02/2022).
Bajari nyatakna pas lagi koordinasi lan klarifikasi nang Pusat Data Informasi Kementerian Sosial RI, datané dicék lan nemu ari data atas nama Muhamad Jumadi wis ana nang DTKS 2020 karo kode wilayah luar Kota Tegal.
Latané pas Kota Tegal lagi nglakoni verifikasi kelayakan lan pengesahan nang 2 April 2021 lan 18 Mei 2021, data kuwé durung manjing DTKS Kota Tegal. Pas Kementerian Sosial lagi madana NIK karo data kependudukan, dadiné data Muhamad Jumadi dicocokna alamaté. Mugané manjing neng DTKS Kota Tegal neng wulan Juni 2021.
Selanjuté pas lagi nyalurna Program Bantuan Pangan Non Tunai (BPNT) wayah Pemberlakuan Pembatasan Kegiatan Masyarakat (PPKM) pas wulan Désémber 2021, Kota Tegal ngoréksi data anomali lan nglakoni vérifikasi kelayakan. Yakuwé karo njaluk pihak kelurahan nggo nyermati status sing nampa bansos. Seka hasil vérifikasi kuwé, dadiné wis dinyatakna ari, Muhamad Jumadi ora pantes nampa bansos. (*)
Disunting: Irsyam Faiz
Discussion about this post