Jawané Pan Dadi ‘Robin Hood’, Harto Nggarong Duwit lan Dibagi-bagikna Maring Wong Mlarat – Panturapost.com
Minggu, Januari 29, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Jawané Pan Dadi ‘Robin Hood’, Harto Nggarong Duwit lan Dibagi-bagikna Maring Wong Mlarat

Sadurunge nggarong, Hasto ngaku bisa nyedot duwit nang ATM.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
27 Agustus 2020
2 min read
0
Bak ‘Robin Hood’, Harto Curi Uang Ratusan Juta Milik Pak Kades dan Dibagikan ke Warga Miskin

Harto (42) (tengah) digelandang di Mapolres Brebes, Jumat (26/8/2020). (Foto: Fajar Eko)

Share on FacebookShare on Twitter

BREBES – Ana-ana baé polahé Harto (42), wong sing asalé seka Kabupatén Subang, Jawa Barat kiyé. Dhéwéké ndéyan lagi kepéngin ilon-ilon aksiné tokoh sing nang pilém laga ‘Robin Hood’, sing nggarong lan mbagi-mbagikna hasilé maring wong mlarat utawa kurang mampu. Senajan kaya kuwé, tindakan sing dilakoni daning Harto kuwé, salah gedhé lan nglanggar hukum.

Harto ya akhiré dicekel Tim Résmob Satréskrim Polrés Brebes gara-gara nyolong karo modus bisa nggandakna duwit. Totalé tekan Rp 200 juta seka umahé Kepala Desa Tegalglagah Kecamatan Bulakamba, sing arané Wahyono.

Pelaku, jaréné, dicekel tim Résmob Satréskrim Polrés Brebes nang wilayah Kabupatén Subang, Jawa Barat, nang tanggal 20 Agustus 2020 wingi. Harto sing sadina-dina terkenal dadi wong pinter kiyé ngaku, duwit hasil colongané dibagi-bagikna maring wong-wong telantar sing ditemoni daning dhéwéké nang endi baé.

ADVERTISEMENT

“Saliyané dibagikna, pelaku uga nggunakna duwit kuwé nggo kebutuhan sadina-dina. Saliyané nangkep pelaku, dhéwék uga nyita keris siji, jaket lan tas samping nggo barang bukti,” omongé Kepala Unit I Satréskrim Polrés Brebes, Aiptu Titok Ambar Pramono, dina Rebo, 26 Agustus 2020.

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

Titok nyebut, modusé yakuwé pelaku ngaku bisa nggandakna duwit nang mesin ATM. Tapi, syarat ebén bisa nggandakna duwit korban kudu nyetorna duwit maring pelaku.

“Soalé kegiur karo iming-iming pelaku, korban ya nyerahna duwité segedhé Rp 200 juta. Daning pelaku dijanjikna pan dilipatgandakna dadi Rp 2 Milliar,” jelasé.

Sawisé nyerahna duwité maring pelaku, korban latané diejak maring ATM nggo apén-apéné pan nyedot duwit.

“Dadi keris ndéké pelaku, dienggo nggo luwih ngandel nglabuni korban angger pelaku bisa nggandakna karo cara nyedot duwit nang mesin ATM. Mauné sempet bisa, tapi pelaku mlayu sawisé olih duwit seka korban nang aksi saterusé,” omongé.

Pelaku, dhéwéké nglanjutna, mlayu ninggalna korban wayah ana nang lokasi ATM sing ana nang wilayah Kecamatan Bulakamba. “Sadurungé mlayu, maring korban pelaku mojar pan nyebar kembang pitung rupa nang sekitar ATM. Nang wayah korban lagi nglenger, pelaku latane mlayu,” jelasé.

ADVERTISEMENT

Gara-gara perbuatané kuwé, pelaku dijerat karo Pasal 362 KUHP karo anceman ukumané 5 taun penjara.

Sementara pelaku Harto ngaku, angger hasil duwit colongané kuwé ora dienggo nggo kebutuhané dhéwék tok. Tapi, akehé malah dibagi-bagikna maring wong mlarat sing ditemoni daning dhéwéké nang endi baé.

“Duwit hasil nyolongé nyong bagi-bagikna maring warga kurang mampu. Nyong jukut saparo nggo keperluan pribadi,” ngakuné pelaku nang adepané petugas. (*)

 

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: Berita ngapakbrebesWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan
Warta Ngapak

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In