Jembatan Jaman Bledugan – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Jembatan Jaman Bledugan

Sajegé taun 1970, brug kuwé wis ora fungsikna maning kanggo angkat junjung.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
30 Oktober 2020
3 min read
0
Jembatan Jaman Bledugan
Share on FacebookShare on Twitter

AKHIR-AKHIR kiyé Jon Dapuk sokan mayeng-mayeng kayong ora ngandang ngumah. Winginé dines maring luar kota. Sadurungé ngliput acara “ngabén” nang Pulo Déwata, Bali. Tembung ngabén ora liya upacara adat pembakaran mayid. Paling pungkas, Jon Dapuk nglanglang Palembang, Sumatra Selatan, pertemuan para penyair ASEAN. Salah sijiné Jon Dapuk olih uleman.

Saben bengi Pos Ronda sepi. Jakwir-jakwiré sruwang-sruwung laka sing diajak obrol manfaat. Alhamdulillah, bengi kiyé Jon Dapuk wis ngandang nang ngumah. Rikat jakwir-jakwiré anjog maring panggonan kaya biasané: Pos Ronda!

“Édan ah! Akhir-akhir kiyé acarané énté padat por. Ndelén jakwir-jakwir dicritani soal téték bengék Jembatan Ambera, Jon?” pengarepané Darto sing tetep kélingan omongané Jon Dapuk. Jaréné, angger ana jakwir utawané sedulur lelungan, poma rong poma aja ngarep-arep oléh-oléh panganan utawané cidera mata liyané. Sebab nang ajaran agama ora kena, luwih becik sing lagi lelunga didongakena bén slamet kosih balik. Merga kuwé jakwir-jakwiré, kur jejaluk oléh-oléh crita asal-usul wilayah sing tembé baé ditekaani.

ADVERTISEMENT

“Nah kiyé sing tak entén. Nyong péngin ngerti susah payahé adage Jembatan Ampera.” Kapér ilon-ilon omongané Darto.

Baca Juga

Sabar, 2 Pekan Lagi Jembatan Kamal Rambatan Larangan Brebes Bisa Dilalui 

Sabar, 2 Pekan Lagi Jembatan Kamal Rambatan Larangan Brebes Bisa Dilalui 

17 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022

“Nyong idem pitakoné jakwir-jakwir, Jon,” omongé Sidul karo nyemol pémpék Palembang sing wis ditugel-tugel di dalah nang pinggan.

Ora kakehen mercéka, Jon Dapuk miwiti crita. Bab kiyé jalaran jakwir-jakwiré wis genep telu pada nyuara. Kejaba kuwé jalaran Kapér kaya biasané wis ndudut rokok saeler dékéné Jon Dapuk.

Miturut Jon Dapuk, ngutip saka jakwir seniman nang Palembang, dawané Jembatan Ampera 1.117 méter. Sedeng bagian tengah 71. 90 méter, lébaré 22 méter.

“Jembatan kuwé posisiné nang tengah-tengah kota nghubungna antara Seberang Ulu lan Seberang Ilir. Tengah-tengahé Sungai Musi,” omongé Jon Dapuk.

“Brarti dawa nemen ya Jon?” ujaré Darto.

“Dawa.”

“Duwuré sapira Jon?” Darto nyambung pitakonan.

ADVERTISEMENT

“Duwur brugé, adong kadaan normal ana 11,50 méter saka banyu kali. Sedangé menara utawané tower, duwuré 65 méter. Nah, jarak menara dawané 75 méter. Andebé dubilah belis, ana 944 ton.”

“Ajib! Zaman samana ana wesi boboté pan séwu ton. Ngangkaté nganggo apa ya? Wong kuna jan pentol nemen ya Jon?” omongé Kapér.

“Ngomong-ngomong ya Jon?” Sidul nyegat omongan sadurungé Jon Dapuk njawabi pitakonané Kapér.

“Ya pimén Dul?”

“Krungu-krungu sing arané  Jembatan Ampera jaréné bisa diangkat menduwur. Bener ora Jon?”

“Nyong déwék ora nyekséni. Tapi jaré jakwiré enyong nang kana, awalé pancén iya. Bagian tengah jembatan bisa diangkat menduwur nalika pan ana kapal-kapal liwat. Kowen kabéh paham lébaré karo duwuré kapal?”

Olih pitakonan saka Jon Dapuk, jakwir-jakwiré gédég kabéh.

“Lébaré kapal dawané ora kira-kira yakuwé kosih 60 méter. Sedengé duwuré nganti 44,50 méter.”

“Idih! Kuwé ta kapal raksasa,” omongé Kapér.

“Kejaba kuwé, nang Jembatan Ampera ana rong bandul nang rong menara. Masing-masing boboté kosih 500 ton. Bandul-bandul kuwé pungsiné kanggo ngangkat bagian tengah jembatan. Liplap kecepatané 10 méter per menit atawané 30 menitan.”

Krungu omongané Jon Dapuk, jakwir-jakwiré takjub. Padahal zaman samana téknologiné durung maju gén suasanané zaman bledugan. Tapiné bisa gawé brug sing luar biasa laka padané. Sing ajibé maning kosih sapréné mégin tayoh.

“Sajegé kapan Jembatan Ampera ora bisa diangkat menduwur, Jon?” takoné Darto didemi kambén Sidul uga Kapér.

“Sajegé taun 1970, brug kuwé wis ora fungsikna maning kanggo angkat junjung. Alesané waktu 30 menit kuwé ngganggu arus kendaraan sing pan liwat. Latané taun 1990 rong bandul diuduna, mbokan nibani sing nang ngingsor. Kuwé oléh-oléhé enyong maring Palembang! Adong jajanan khas Palembang mawujud pémpék, wajib tak borong. Dong balik, kowen kabéh tak gawani sadusan isi sakilonan!” omongé Jon Dapuk.

“Suwun Jon!” omongé jakwir-jakwiré Jon Dapuk nutup omongan. (@)

—-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: AmperaJembatanMoci
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In